Wikipedia

Hasil penelusuran

Sabtu, 19 Juli 2014

Tingkat Penarasian Novel Tunggak Tunggak Jati

Tingkat Penarasian Novel Tunggak Tunggak Jati
1)      Karmodo                          Karsini
·         Karmodo sebagai Narator.
Karsini sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 23, sekuen ke 7.
Karmodo : “Senajan kaya ngono, kowe ora kena banjur nyempelak karepe wong tuwa. Luwih-luwih maneni bapak. Ora pantes. Nek krungu uwong apa ora isin – bocah wadon kok nrunyam wong tuwa”
Karsini      : (diam saja)
·         Karmodo sebagai Narasi
Karsini sebagai Narator
~        Kutipan terdapat pada halaman 23, sekuen ke 7.
Karmodo : “Aku karo Ing Liem semayan arep ngajak kowe dolan menyang Lampon. Kowe gelem apa ora. Nek gelem, tata-tatan.”
Karsini     : “Ngajak mBak Lien Nio menapa mboten?”
Karmodo : “Janji kowe saguh nusul menyang Kaliwirang, kena-kena wae.”
Karsini     : “Wegah, mundhak ketemu babi meteng kae. Kowe wae Liem, ben bisa ketemu ketemu karo Siau Yung.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen ke 7.
Karmodo  : “O.. Bo Ing Liem ta? Kancaku sekolah biyen ta?”
Karsini      : “He-eh”
Karmodo : “Dhek isih sekolah rumangsaku bocah kae apik atine. Marang kanca-kancane semanak, ora tau mbedak-mbedakake. Mosok saiki...”
Karsini     : “mBoten ding, Mas,” Karsini nyelani, “Ngantos sapriki piyambake inggih tetep ngaosi dhateng  tiyang Jawi. Malah sering ngudaraos ‘Lha iya aku dhewe ki ya nggumun marang bangsaku. Ing atase ing kenen iki biyen bebasane wong nunut golek pangan, ning sikepe kok ana sing isih kumingsun.’ Ngaten kok Mas.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen 19.
Karsini      : “Mas, kuwi lho Yu Lien.”
2)      Karmodo                          Pak Karsonto
·         Karmodo sebagai Narator.
Pak Karsonto sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 21-22, sekuen 7.
Karmodo  : Nanging nek bapak lan embok ora kabotan aku kawin karo Lien Nio. Nek kanotan aku iya ora  ngotot kok...”
·         Karmodo sebagai Narasi.
Pak Karsonto sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen 7.
Karmodo        : “Ing Liem sapa ta, Pak?”
Pak Karsonto  :”Lah, kae neh, anake Bah Ing Hwat sing noko ning ngarep pasar Kalidawir kae.”
3)      Karmodo                          Bu Karsonto
·         Karmodo sebagai Narator.
Bu Karsonto sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 21-22, sekuen 7.
Karmodo  : Nanging nek bapak lan embok ora kabotan aku kawin karo Lien Nio. Nek kanotan aku iya ora  ngotot kok...”
·         Karmodo sebagai Narasi.
Bu Karsonto sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen 7.
Pak Karsonto       : Hiya, aku ya percaya yen Ing Liem duwe panemu kaya ngono. Awit bocah kae senajan anak Cina wangkang, nanging ngrumangsani yen bumi iki tanah klairane. Ateges dheweke uga rumangsa dadi bangsa      Indonesia.”
4)      Karmodo                          Lien Nio
·         Karmodo sebagai Narator.
Lien Nio sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen 19.
Karmodo : “Lien, seprana seprene mripatku kaya-kaya wuta. Mula yen kowe ora bisa ngapure keluputanku, pancen wis mungguh banget. Nanging kayadene salumrahe manungsa, aku jaluk pangapuramu.”
Lien Nio  : “Aja kegedhen rumangsan, Mas Kar. Kebeh sing daktindakake iki ora liya jalaran saka rasa tresna lan setyaku.”
·         Karmodo sebagai Narasi.
Lien Nio sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen 19.
Lien Nio   : “ Sugeng Mas Kar.”
Karmodo  : “Lien...”
~        Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen 19.
Karmodo  : “Lien, apa isih ana pangapuramu?”
Lien Nio   : “ Mung wae aku duwe panyuwun, Mas Kar.”
Karmodo  : “Kepriye?”
Lien Nio  : “Panjenengan aja nganti kaya para penggedhe ing kene sing imane padha ora kuwat. Awit nyatane kaya sing wis dakalami dhewe, bangsane Papah anggone bisa nguwasani urat lan ototing ekonomi, jalaran dening pupur. Mas Kar daksuwun supaya tansah nyambut gawe kanthi dalan kang padhang...”
5)      Karmodo                          Pak Kaudin
·         Karmodo sebagai Narator.
Pak Kaudin sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 8, sekuen 1.
Pak Kaudin  : “Sugen siang, Pak.”
Karmodo      : “Sugeng.”
Pak Kaudin  : “Kula Kaudin, Pak”
Karmodo      : “Panjenengan kepala mandhor ngriki?”
Pak Kaudin  : “Inggih. Eh, bapak rawuh ngriki teka mboten paring kabar saderengipun.”
Karmodo      : “Namung nglangke kemawon.”
Pak Kaudin  : “Menapa bapak badhe paring duka...?”
Karmodo      : “Ah, sampun nggalih ribet. Saestu, kula namung nglangke. Kaleresan cuti, dhasar tiyang sepuh kula wonten dhusun celak ngriki.”
Pak Kaudin  : “Wonten dhusun pundhi?”
Karmodo      : “Kalidawir. Pak Kaudin kok pirsa kula wonten ngriki? Menapa wonten mandhor panjenengan ingkang lapur?”
Pak Kaudin  : “Inggih.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 8, sekuen 1.
Karmodo      : “Limrahipun ingkang babat lan ingkang nanem tiyang warga dhines, utawi ingkang sagah nyambutdamel kangge perusahaan, rak inggih ta?”
Karmodo      : “Minangka pangarem-arem, tiyang ingkang purun babat lan tanem dipunsukani hak tanem menapa kemawon sanjawine taneman baken. Inggih?”
Pak Kaudin  : “Inggih, Pak. Nanging kangge kesejahteraan karyawan, lajen dipunwontenaken eh...semacam kebijaksanaan.”
Karmodo      : “Salawase kebijaksanaan kuwi mesthi nyimpang saka kedhinesan. Nek tanah iki disewake, apa bisa dipesthekake tanduran baku bisa apik asile?”
Karmodo      : “Bab menika rehne sampun dados salah kaprah, saenipun kula ethok-ethok mboten sumerep kemawon, Pak Kaudin. Nanging wonten saperkawis sing kula babarpisan mboten sarju. Sampeyan ngertos, sabab menapa sing sami babat petak wolung dasa sanga niki sami-sami sampun kula balekaken. Ngertos?”     


                                                    
·         Karmodo sebagai Narasi.
Pak Kaudin sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 8-9, sekuen 1.
Karmodo      : “Gubug niki klebet petak pinten?”
Pak Kaudi    : “Wolung dasa sanga.”
Karmodo      : “Kangge mangsa tanem?”
Pak Kaudin  : “Pitung dasa gangsal.”
Karmodo      : “Jenis taneman?”
Pak Kaudin  : “Pinis.”
Karmodo      : “Sampun wonten prentah mbikak nggih?”
Pak Kaudin  : “Sampun.”                       
6)      Karmodo                          Suwaji
·         Karmodo sebagai Narator.
Suwaji sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 83-84, sekuen 15.
Karmodo : “Sowan kula ngriki perlu badhe madosi Lien Nio. Kaleresan kula kepingin tepang panjenengan.”
Karmodo : “Sarehne kula dereng sumerep ngriki, Pak Mujahit paring pitulungan sarana ngutus Salmah, kepenakipun menika, ngeteraken kula.”
Suwaji      : “Yen Tan sepuh, nembe kemawon mengkreng. Nanging yen Tan enem, taksih wonten ngriki. Wetah, mboten wonten ingkang ganggu damel. Awit kula ngertos sanget riwayatipun kaluwarga Tan menika.”
Karmodo : “Pak Waji mpun nate dados lare enem. Mesthenipun ngertos raosing manah kula.”
7)      Karmodo                          Salmah
·         Karmodo sebagai Narasi.
Salmah sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 76, sekuen 14.
Karmodo : “Rebat cekap kemawon, Jeng. Sowan kula ngriki badhe miteru panggenanipun Lien Nio. Nuwun sewu, keraya-raya anggen kula madosi, awit kula rumaos kepotangan budi. Tiang sepuh kula nate ngenger dhateng Tan Bian Biau. Saupami mboten wonten Lien Nio, tiyang sepuh kula tamtu kaningaya nasibipun.”
Salmah     : “Yen mboten lepat, piyambakipun keboyong mantri Suwaji dhateng Songgon. Kala wingi piyambakipun panci mriki. Nanging sarehne sedaya sanak saking ibunipun sampun mboten wonten ngriki, piyambakipun lajeng mutusaken ndherek wonten kemantren Songgon.”
Salmah     : “Saenipun dipunpadosi ngika kemawon, Pak.”
Kaemodo : “Menapa mboten tebih?”
Salmah     : “Kirang langkung tiga welas kilometer saking ngriki.”
Salmah     : “Yen panjenengan mboten kawratan, kula sagah ngeteraken.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 85, sekuen 15.
Salmah     : “Menapa Lien Nio mangke dipunjak kondur samenika?”
Karmodo  : (manthuk)
Salmah     : “Lha terus mengko aku mulih karo sapa?”
Karmodo  : “Pak Suwaji mesthine gelem ngeterake.”
Salmah     : “Mboten kemawon. Luwung kula mlampah. Tinimbang mengke murugaken kirang sae.”
8)      Karmodo                          Muslihatun
·         Karmodo sebagai Narasi.
Muslihatun sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 87, sekuen 15.
Muslihatun : “Nyuwun pangapunten, Pak, menika kala wau salah tampi sakedhik. Kula kaliyan eh... mas Waji radi paben. Maklum Pak, tiyang bebrayan panci eh... eh...sok...”
Muslihatun : “Kula dipun dukanana inggih sumangga,, Pak. Sampun lumrah kula dipun dukani tiyang sepuh. Senajan panjenengan taksih mudha, nanging kula anggep kadidene tiyang sepuh awit panjenengan pangagengipun Mas Waji. Saestu kula gatrek kaliyan Mas Waji kala wau mboten prakawis Lien Nio, nanging sajakipun Lien Niokagengen raos pangraos. Lajeng oncat saking griya ngriki mboten mawi pamit dhumateng kula saha dhumateng Mas. Inggih saking menika Mas Waji saha bapak kula lajeng rumaos bingung sanget. Nyuwun pangapunten, dene Mas Waji nilar panjenengan tanpa matur rumiyin. Awit kuwatos kadukan. Piyambakipun sakmenika saweg mbujeng Lien Nio. Mugi-mugi saged pinanggih lan kersa dipunjak kondur ngriki malih.”
9)      Karmodo                          Ing Liem
·         Karmodo sebagai Narasi.
Ing Liem sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 87, sekuen 15.
Karmodo  : “Piye Liem, wis kawin?”
Ing Liem  : “Durung, Mas. Isih lagi arep golek.”
Karmodo  : “Aku krungu jare oleh Siau Yung. Bener tah?”
Ing Liem  : “Gaaak. Wis putus kok. Malah dhek mau isuk cincin tunangan dibalekke. Anu kok. Mas, aku isih panggah ngugemi janjiku biyen. Kepengin melu ngowahi sikepe bangsaku sing melu nunut urip ing bumi Indonesia kene.”
Karmodo : “ Kasil ora? Saoraorane ing kalangane kaluwargamu dhewe – ngono ta janjimu biyen?”
Ing Liem          : “Heeh meh kasil. Anu, bapakku mau dakpancing rembug. Dheweke malah nesu bareng dakkandhani yen sesambunganku karo Sini mung arep daenggo sir-siran tok.
10)  Karmodo                          Tan Bian Biau
·         Karmodo sebagai Narator.
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 71, sekuen 13.
Karmodo           : “Aku kelingan marang kabecikanmu marang wong tuwaku. Luwih-luwih marang adikku. Saupama ora kokdhidhik apik, Karsini ora nganti dadi wanita diwasa kang pinter srawung.”
Karmodo           : “Ngene wae Tan, senajan kowe Cina, nanging aku menehi kalodhangan marang kowe. Awakmu daklilani mbukak alas ning kana. Iki kabeh minangka piwalesku marang kowe naggonmu wis ndanani wong tuwaku.”
Tan Bian Biau   : “Wa, wa, terima kasih. Pak Karmodo kalau ingin apa-apa, bilang saja kepada Pak Mujahit. Pasti beres.”
·         Karmodo sebagai Narasi.
Tan Bian Biau sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 10, sekuen 1.
Karmodo           : “Pirang hektar olehmu nyewa lemah babadan?”
Tan Bian Biau   : “ Sepuluh hektar.”
Karmodo           : “ ana ing petak nem belas?”
Tan Bian Biau   : “Ora, mung ana kene wae.”
Karmodo           : “Nek ngono, babatan sing durung koktanduri iki wae sing kok dhaku? Liyane, klebu tanduran kacang rong puluh hektar lan lombok nem belas hektar, jawatanku sing duwe. O iya, lemah sing pat belas hektar, sing kok tanduri kembang srengenge. Iya dadi dhuweke jawatanku?”
Tan Bian Biau   : “Wa, wa, abot. Ora ngono. Saiki kowe kok melu ngurus, mangka anggonku nanduri lemah kuwi iya bebarengan karo kancamu sing uga kuwasa. Kowe aja melu-melu.”
Karmodo           : “O ngono ta?”
~        Kutipan terdapat pada halaman 74, sekuen 6.
Karmodo           : “Tan, aku krungu jare Lien Nio koktundhung?”
Tan Bian Biau   : “Wa, siapa bilang? Tidak. Dia sedang meninjau orangtuanya didesa. Eh, kalau Pak Karmodo ingin bertemu, nanti saya panggil dia supaya kemari. Oiya, dulu Pak Karmodo kenal baik kan?”
11)  Karmodo                          Pak Mujahit
·         Karmodo sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 70, sekuen 13.
Karmodo      : “Prentah lisan dhateng sinten?”   
Pak Mujahit  : “Ku...kula.”
Karmodo      : “Sampun leres?”
Pak Mujahit  : (Diam)
Karmodo      : “Nuwun sewu, Pak Hit. Panjenengan sampun sepuh. Langkung sepuh saking kula. Mesthenipun pengalaman nyambut dhamel inggih sampun kathah.”
Karmodo      : “Nanging kenging menapa panjenengan maringi conto dhateng tiyang enem kados kula bab ingkang lepat?”
Karmodo      : “Ingkang tanggel jawab wilayah ngriki menika sinten? Kula menapa Pak Asmat?”
Karmodo      : “Panjenengan mesthi lajeng nggalih, bilih kula wonten nngriki menika saweg cuti. Pramila serat kitir menika sampun panjenengan anggep kiyat. Menapa panjenengan mboten pirsa bilih kula gadhah serat ingkang langkung kiyat malih, tinimbang kagunganipun menika.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 74, sekuen 6.
Pak Mujahit  : “Menapa sampun cekap, Pak?”
Karmodo      : “Inggih, namung menika. Kula suwun prentah kula dipunlampahaken. Mekaten ugi wonten petak-petak sanesipun ingkang kirang mungguh menggahipun panggarapipun. Prekawis kitir saking Pak Asma sampun dados kawigatosan kula.”
12)  Karmodo                          Kastam
·         Karmodo sebagai Narator.
Kastam sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 35, sekuen 10.
Karmodo : “Ana apa Pak Mujahit kok mruput temen ya?”
Kastam    : “Kala wau Bian Biau ngriki. Sajakipun Pak Mujahit angsal tugas saking Cinten niku. Hem...dhasar antheke...”
Karmodo : “Pak, ndika niku ngomong kok angger mangap mawon? Sampeyan ngundhamana Pak Mujahit dados kethiplake Cina. Ning kula rak mboten sumerep. Sareng sampeyan dhewe enggih malah dadi playangan. Sing ngongkon Cina. Napa mboten sampeyan dhewe sing aran kethiplak?”
·         Karmodo sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 34, sekuen 10.
Karmodo  : “Enten napa Pak?”
Kastam     : “Wonten seratipun Nona Siau Yung dhateng panjenengan.”
Karmodo  : “Nyang aku?”
Kastam     : “Inggih.”
13)  Karsini                              Pak Karsonto
·         Karsini sebagai Narasi.
Pak Karsonto sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen 7.
Pak Karsonto  : “Kang masmu saiki dadi wong pangkat sa-Jawa Timur. Apa iya kowe arep dadi gundhike Cina. Pikiren ta. Aja mbregudhul karo karepmu dhewe. Nek kang masmu nganti krungu, saiba dukane.”
14)  Karsini                              Bu Karsonto
·         Karsini sebagai Narator.
Bu Karsonto sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen 7.
Bu Karsonto   : “Rong taun kepungkur, sawise kangmasmu cekel gawe, bapak lan embokmu iki dikon metu saka omahe Tan Bian Biau. Kuwi kabeh betheke kang masmu netepi janjine. Aja nganti kaluwargane dadi gedibale Cina. Lha kok kowe nekad arep dadi gundhik, coba?”
 Karsini           : “Sing arep dadi gundhik sapa ta mbok? Aran gundhik kuwi rak yen aku dirabi singkek sing sadurunge wis duwe anak bojo, mung diingoni thok tanpa diwenehi hak kaya dene wong bebrayan lumrah. Balik Ing Liem kuwi niyate becik marang aku. Malah dheweke saguh kawin nganggo cara agamaku. Coba?”

15)  Karsini                              Lien Nio
·         Karsini sebagai Narator.
Lien Nio sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 98, sekuen 19.
Karsini   : “Mbakyukuuu . . . matur nuwun . . . matur nuwuuun.”
16)  Karsini                              Ing Liem
·         Karsini sebagai Narator.
Ing Liem sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 24, sekuen 8.
Karsini        : “Wegah, mundhak ketemu babi meteng kae. Kowe wae Liem, ben ketemu Siau Yung.”
Ing Liem    : “Aku iya wedi karo babi meteng kok.”
17)  Karsini                              Kastam
·         Karsini sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 34, sekuen 10.
Karsnini   : “Kok enten margi ta Pak, nyukakaken serat?”
Kastam    : “Nyuwun pangapunten, Ning. Kala wau kula sowan, nanging lajeng dipun tundhung Pak Mujahit kapurih enggal-enggal kesah. Kula mboten dipunparingi wekdal kangge nilar serat menika wonten ndalem.”
18)  Lien Nio                           Suwaji
·         Lien Nio sebagai Narator.
Suwaji sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 58, sekuen 12.
Suwaji      : “Arep nyang ndi Lien?”
Lien Nio   : “Gelis terna aku!”
Suwaji      : “Lho, piye ta, kok njur dadi diktator ngene? Nyang ndi?”
Lien Nio   : “Parijatah.”
Suwaji      : “Nyang nggone sapa?”
Lien Nio   : “Wis ta, mengko wae dakkandani.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 58, sekuen 12.
Suwaji      : “Neng apa Lien? Jare njaluk diterake menyang Parijatah?”
Lien No   : “Sik ta mandheg sik. Aku kepengin nyawang pategalan sing bawara iki.”
Suwaji      : “Ah awan-awan pa ra panas?”
Lien Nio  : “Heeh, dak mlaku wae.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 61, sekuen 12.
Lien Nio  : “Aku ora duwe pikiran kaya sing kokkandhakake ngono iku. Lan aku percaya banget marang panjenengan. Nanging...”
Suwaji      : “Wis ta terus terang wae, geneya?”
Lien Nio  : “Aku kuwatir nek garwa panjenengan...sujana marang aku. Ateges aku iki ditulung malah menthung, jenenge piye nek nganti kaya ngono?”
·         Lien Nio sebagai Narasi.
Suwaji sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 59, sekuen 12.
Suwaji      : “Dalane angel Lien, nek liwat kene.”
Lien Nio   : (diam)
Suwaji      : “Piye Lien, delengen. Ktretege mung sakilan. Kreteg gantung gaweyane Astekbang Kaliwirang. Apa kowe wani liwat kene?”
Lien Nio  : “Janji karo kowe aku wani.”
Suwaji      : “Nek singunen merema.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 59-60, sekuen 12.
Suwaji      : “ Edan pa? Rumangsamu Parijatah kuwi pa cedhak? Saya yen metu kene, bihh... apa maneh yen metu Sragi, dakkadhani. Wis ta, ayo dak terke. Ora ra, nek dak gawa minggat. Eh...sik ta Lien, apa kowe durung tau weruh Parijatah?” “Geneya ta Lien? Oiya, aku ngerti, kowe mesthi durung ngerti aku, rak iya ta? Bagus. Aku ngerti yen kowe kuwi sanajan anake Bian Biau, nanging ibumu wong Jawa. Mesthine akeh nampa pitutur saka ibumu swargi, rak iya ta. Luwih-luwih yen ngadhepi priya sing durung ditepungi. Aku iya ngerti yen olehmu kesusu njaluk gonceng aku iki mau, mung betheke saka jibege nalarmu. Awit mesthine kowe iki kepingin minggat saka omahe papahmu. rak iya ta? Kira-kira wae, kowe iki mrina jalaran wong tuwamu senneng ngenyek marang wong Jawa. Mangka ibumu kuwi wong Jawa. Nithik kowe banjur macak cara Jawa, lan kowe ora seneng diundang Lien Nio. Awit kowe wis duwe jeneng Jawa yaiku Tarlinah, rak iya ta? Neng Parijatah kowe mesthi arep menyang omahe kulawarga saka ibumu, iya? Emane kowe wiwit cilik ora ditepungake marang kulawarga ing Parijatah. Mulane senajan dohe Parijatah mnung selawe kilo, nanging kowe durung ngerti penere. Jenengku Suwaji, Lien. Aku kenal becik karo papahmu. Saliyane iku wiwit kowe sekolah lan wiwit kowe manggon saomah kambi Pak Karmodo sing saiki dadi penggedheku, aku ngerti kabeh. Mulane aku iki mau kaya-kaya pinter mbatang kahananmu. Pancen aku iki kesuwur wong elek, Lien. Jejulukku akeh, mantri alas ngrabus, Suwaji gowok, bajul dharat, mantri alas thukmis. Kuwi kabeh, juluk-juluk sing elek iku dialamtake marang aku. Nanging percayaa, senajan aku iki kesuwur elekku, nanging aku ora bakal mentala ngrusak anake tepunganku. Luwih-luwih banjur manusika awakmu, sing dak weruhi dhewe wiwit isih sekolah kowe wis dadi duweke Pak Karmodo. Ayo Lien, dakterake, aja Samar.
~        Kutipan terdapat pada halaman 61, sekuen 12.
Lien Nio  : “Nek ana luputku aku nyuwun pangapura.”
Suwaji      : “Ora Lien. Kowe ora salah.”
Lien Nio  : “Geneya panjenengan ketare sedhih, bareng...”
Suwaji      : “Bareng aku koktakoni siji kuwi, Lien, aku banjur kelingan nasibku.”
Lien Nio  : “Nasib? Nasib sing piye?”
Suwaji      : “Pancen wis rada suwe aku golek mitra sinarawadi sing gelem ngrungokake panjeriting atiku, Lien. Cilakane, dene mitra kaya ngono kuwi dak pilih saka kaum wanita. Jer mung wanita dhewe kira-kira sing gelem mangerteni rasaning atiku iki.
19)  Lien Nio                           Ing Liem
·         Lien Nio sebagai Narasi.
Ing Liem sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 97, sekuen 18.
Ing Liem  : “Pak Karmodo!”
Lien Nio   : “Geneya Liem? Ana apa Pak Karmodo?”
Ing Liem  : “Ana sajrone babaya!”
Lien Nio   :  “Lho, piye ta?”
Ing Liem  : “Mas Karmodo didemonstrasi wong-wong. Kabeh wong babatan arep nekani omahe Mas Kaermodo. Wong-wong kuwi padha arep njaluk babatan sing dijabel.”
Lien Nio  : “Mesthine Mas Kar iya arep masrahake tegalan sing maune dijabel saka papah. Geneya wong-wong kuwi ndadak demonstrasi barang?”
Ing Liem  : “Iya kuwi sing marahi aku teka mrene. Ngene lho, jarene nalika papahmu isih urip, wong-wong kuwi wis padha mbalekake dhuwit marang papahmu. Laha saiki Mas Kar ditundhes supaya saliyane mbalekake tegal iya mbayari wong-wong sing wis padha kelangan dhuwit marang papahmu.”
Lien Nio  : “Hem.”
Ing Liem  : “Sajake wong-wong sing padha kumpul ing latare Pak Karsonto iku ora butuh luruh bebener. Nanging butuhe golek salah. Nyatane bareng Mas Kar semaya sesuk kabeh bakal bakal diberesake, wong-wong iku malah padha bengok-bengok – saiki! Saiki! Malah ana sing kawetu: - Yen ora saiki, aluwung Karmodo enggal-enggal lunga saka Kalidawir! Ana maneh sing mbengook: - Lagi dadi pemimpin nggurem wae wis semgkeyan, pemimpin gombal, pemimpin gadhungan. Wis ta pokoke dina iki Mas Karmodo ana sajrone bebaya. Dakkira ora ana sing bisa mitulungi kejaba sampeyan.”
·         Lien Nio sebagai Narator.
Ing Liem sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 97, sekuen 18.
Lien Nio  : “Bareng kowe ndadak rembukan prekara iku, Liem, aku malah wedi melu cawe-cawe urusane Mas Karmodo. Jalaran aku kuwatir yen tumindhakku mengko dianggep nduwe pamrih, kepingin Mas Kar bali marang aku. Ora Liem, aku emoh nek kowe nduwe karep kaya ngono sawise aku bisa nyapih mberunge wong-wong babatan iku. Ngertia, kowe dhewe wong lanang. Wong lanang kuwi bebas nemtokake apa wae. Mengokono uga nemtukake bakal tetimbangane. Apa kokkira menawa Mas Kar ganti pasangan liya, aku banjur ngresula. O, ora babar pisa Liem. Aja kaya ngono panganggepmu marang aku. Pancen mung aku ahli warise papah lan mung papah sing bisa nguwasani atine wong-wong babatan. Sabab sasat urat rosaning ekonomi ing Kalidawir sakubenge mung papah sing nyekel.”
Ing Liem  : “Mulane sapa sing nulungi Mas Kar nek gak sampeyan?”
Lien Nio  : “ He-eh. Ayo rana.Ning pisan engkas dakelingake. Aja nyenggol prekara sesambungnku karo Mas Karmodo. Aku luwih seneng yen Mas Karmodo urip mulya bebarengan karo wanita pilihane. Tinimbang urip karo aku kaiket ing budi kabecikan.”
20)  Lien Nio                           Tan Bian Biau
·         Lien Nio sebagai Narator.
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 13, sekuen 6.
Tan Bian Biau   : “Kowe saka Kalidawir?””Lien, aku ora nesu. Aku malah seneng kowe saiki ketemu karo Karmodo. Aku saiki wis mathuk kowe saiki pacaran karo Karmodo. Nanging aku iya njaluk tulung...”
Lien Nio            : “Papah ora isin ta, kathik ngrasani Karmodo barang.”
Tan Bian Biau   : “Eh, ora, saiki aku wis ngrumangsani luput. Karmodo tetela bocah apik.”
Lien Nio            : “Kowe saiki ngrumamngsani, Pak. Aku ngerti, jalaran dina iki papah bakal kelangan bandha. Papan kanggo golek dhuwit diancam bebaya. Rak iya ta? Saupama wong sing diadhepi papah wong Jawa sing isih kena disogoki dhuwit, papah mesthi isih panggah ngedir-edirake dhuwit. Papah mesthi isih nganggep ina marang wong Jawa, nganti papah lali yen mamah uga wong Jawa. Apa aku dudu turune wong Jawa? Bareng aku biyen duwe sesambungan karo Mas Karmodo, koko papah sia-sia. Upama ora dibelani mamah, mbok manawa aku wis koktundhung sepuluh taun kepungkur. Huh!”
Tan Bian Biau   : “Lien Nio, kowe kudu bisa nulungi wong tuwa. Wis, aja kakean gunem, yen kowe ora gelem nulungi wong tuwa luwih becik minggata.”
Lien Nio            : “Pancen aku arep lunga saka kene. Ora susah ditundhung!”
21)  Lien Nio                           Lauri/Kastam
·         Lien Nio sebagai Narator.
Kastam/Lauri sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 98, sekuen 18.
Lien Nio         : “Lauri, lan kowe Kastam! Padha eneng apa wong-wong iki?”
Lauri/Kastam  : “Yuk Lien.”
Lien Nio         : “Nek kowe kabeh ora bisa mbubarake barisan iku, aku arep ngundang pilisi.”
Lauri/Kastam  : “Tiyang-tiyang niki sami mbelani smapeyan, Lien.”
Lien Nio         : “Pokoke aku ora trima yen babatan duweke papah dienggo alesan ngrusak kawibawane uwong liya.”
Lauri/Kastam  : “Nanging...”
Lien Nio         : “Bubarrrr! Nek ora bubar,aku repot pulisi.”
22)  Pak Kaudin                      Pak Mujahit
·         Pak Kaudin sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 92, sekuen 17.
Pak Kaudin  : “Jumanan sing luwih bisa nguwasani wong-wong babatan, Pak.”

23)  Pak Kaudin                      Lauri
·         Pak Kaudin sebagai Narator.
Lauri sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 30-31, sekuen 9.
Pak Kaudin  : “Kowe pancen mandhor sing njaluk diajar. Kowe arep nglawan aku?”
Lauri             : “Lepat kula napa, Pak?”
Pak Kaudin  : “Durung ngerti salahmu? Pangkatmu apa, wani ngrampas kayune Paka Karmodo? Kowe karyawan sing durung nampa beslit. Sawayah-wayah kowe bisa dicopot. Apa kowe kepengin dadi blandhong maneh?”
Lauri             : “Ku...kula mboten ngertos, Pak.”
Pak Kaudin  : “Endi bendhone kastan lan kanca liyane?”
Lauri             : “Dibeta...eh dibeta...Kemung.”
~        Kutipan terdapat pada halaman 30, sekuen 9.
Pak Kaudin  : “Balekna dhuwite, Ri. Kowe pancen mandhor mata dhuwiten. Merga kowe, kantor wilayahku iki jenenge ajur.”
Lauri             : “Pak, sanes kula sing ngedol..”
Pak Kaudin  : “Aja rewel. Aku saiki ngerti pratikelmu. Pokoke wiwit sesuk kowe kudu bali dadi blandhong maneh.”
Lauri             : “Paaakkk!”
24)  Suwaji                              Muslihatun
·         Suwaji sebagai Narator.
Muslihatun sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 80-81, sekuen 15.
Suwaji          : “Nek kowe nekad arep nyang ngarepan lan kandha marang Cina lemu kae, pencen kowe niyat ngejak bubrah-bubrahan kambi kau.”
Muslihatun   : “Bubran ya ben. Sapa sing kuwat bojone nggawa mulih sundele.”
Suwaji          : “Mus, pisan iki aku rembugan salugune. Kenya sing dakgawa mrene iku kancaku. Calon garwane kepalaku. Sing nyusul mrrene kuwi papahe.”
Muslihatun   : “Mesthi Pak Karmodo sing dienggo pawudan: Pak Mujahit ndhekem Salmah uaga apawadan Pak Karmodo. Lauri sing anake gemrayah, yo menyang nggone gendhakane, iya apawadan dikongkon pemimpin. Saiki genti kowe sing nggawa wong wadon.”
25)  Suwaji                              Kastam
·         Suwaji sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 80-81, sekuen 15.
Suwaji      : “Kang ndherek taken nggih?”
Kastam     : “Napa?”
Suwaji      : “Pundi nggih griyane Bu Kartinah rumiyin?”
Kastam    : “Ngapunten, Mas. Kula sanes tiyang ngriki. Niki wau kula nuweni sedherek kula enten niku.
Suwaji      : “Kula niki taken estu. Perlune, mbok menawi sampeyan kenging ditedhengi tulung nedahaken griyane sedhereke-sedhereke Bu Kartinah. Ampun pringas-pringis ngoten.”
Kastam    : “Aampun klentu tampi, Pak Mantri. Kula mboten niyat sembranan. Asal kula gujengan niku, awit kula eram dene Pak Mantri Suwaji teka kesupen kalih kula. Mangka jane kula rumaos mpun tepang.
Suwaji      : “Smpeyan sinten, Kang?”
Kastam    : “Kula kastam. Sing nate ngladosi nalika sampeyan gadhah damel niak.”
Suwaji      : “Lho kok kowe ana kenen?”
Kastam    : “Nuwun sewu, Pak. Kala wau kula namung sembranan. Salerese kula niki diutus Pak Mujahit dhateng panggenanipun Salmah.”
Suwaji      : “Diutus apa?”
Kastam    : “Nyukakaken wungkusan ageng.”
26)  Jumanan                           Pak Mujahit
·         Jumanan sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 93, sekuen 17.
Jumanan          : “Kula tiyang alit ngertos menapa, Pak?”
Pak Mujahit    : “Aja ngono, Ju. Saiki malah wong cilik sing gampang dirungu swarane dening pemerintah. Pokoke nek klakon nggawa wong babatan genep sepuluh wae nyang latar omahe Karmodo lan njaluk baline babatan sing dirampas, alamat wong kuwi bakal dikothak. Saora-orane dipindhah saka wewengkon kene.”
Jumanan          : “Nanging Pak Mujahit kedah emut larangan pemerintah bab demonstrasi.”
Pak Mujahit    : “Apa kowe ora kepengin enggal-enggal oleh pikukuh? Mangka langkahku, yen kowe wis resmi diangkat dadi punggawa, bakal daksengkakake dadi mantri alas.”
Jumanan          : “Sedaya tiyang gesang tamtu gadhah gegayuhan inggil, Pak. Nanging kados menapa kemawon yen kula dipunparingi jejibahan ingkang nglanggar aturanipun pemerintah...”
Pak Mujahit    : “Sing akon kowe langgar larangan sapa?”
Jumanan          : “Wosipun kula mboten --------- demostrasi.”
27)  Tan Bian Biau                              Siau Yung
·         Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Siau Yung sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 14, sekuen 17.
Tan Bian Biau      : “Ana apa Yung?? Teka-teka kok nesu?”
Siau Yung           : “Cincin tunangan arep dakbalekake. Pokoke aku wis ora sudi karo Liem.”
·         Tan Bian Biau sebagai Narator.
Siau Yung sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 15, sekuen 6.
Tan Bian Biau     : “Papah uga ora senneg karo Ing Liem.” “Ngene Yung, papah duwe pagaweyan. Tulungana ta...”
Siau Yung           : “Pagaweyan apa? Ngurus tanduran kacang?”
Tan Bian Biau     : “Mengko rak kowe ngerti dhewe.”
28)  Tan Bian Biau                              Pak Mujahit
·         Tan Bian Biau sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 15, sekuen 13.
Pak Mujahit          : “Aku rak wis kandha anakmu konen ----.”
Tan Bian Biau      : “Yung wis rene kok.”
Pak Mujahit          : “Yung kuwi sing mbarep?”
Tan Bian Biau      : “Dudu, sing cilik.”
Pak Mujahit         : “Lho, piye ta? Lha wong anakmu sing mbarep kok sing ditresnani dening Pak Karmodo.
Tan Bian Biau     : “Lien Nio? Dheweke wis daktunndhung saka ngomah. Dheweke bocah ora ngerti wong tuwa. Bo-ceng-li.”
Pak Mujahit         : “Ning nek kowe lagi ngambah dalan buntu ngene ki piye?”
Tan Bian Biau     : “Coba pikiren, Pak Mujahit. Aku wis ngetokake dhuwit akeh. Pak Mujahit njaluk satus ewu ya ora dakenyang. Dhuwit kanggo Salmah sing jaremu kanggo mikat Pak Asma, endi asile?”
Pak Mujahit         : “Wis ta, barang wis kadhung. Nyatane Pak Asma iya ora wani meksa marang Pak Karmodo. Sajake Pak Karmodo duwe tugas penting ing kene.

·         Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Pak Mujahit sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 16, sekuen 6.
Pak Mujahit         : “Jare dhek mau sampeyan mentas misuh-misuhi pak Karmodo? Aja kaya ngono sembrananmu. Dhupeh dheweke anake tilas jongosmu.”
29)  Tan Bian Biau                              Lauri
·         Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Lauri sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 10, sekuen 1.
Tan Bian Biau     : “Endi, kowe omong jare Pak Insinyur ana kene?”
Lauri                    : “Kuwi lho, Yuk. Ana njero gubug.”
30)  Tan Bian Biau                              Kastam
·         Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 19, sekuen 11.
Tan Bian Biau   : “Ana ngapa kowe?”
Kastam              : “Anu...eh, Siau Yung ana?”
·         Tan Bian Biau sebagai Narator.
Kastam sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 19, sekuen 11.
Tan Bian Biau   : “Eh...mengko dhisik njaluk ngapura, aku ora ngerti yen kowe kongkonane Pak Insinyur. Njaluk ngapura aku wong tuwa akeh salahe. Ayo linggih kene.”
31)  Pak Mujahit                                  Lauri
·         Pak Mujahit sebagai Narator.
Lauri sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 79, sekuen 14.
Pak Mujahit         : “Yen kowe kasil nindakake tugasmu, jabatanmu bakal dakbalekake.”
Lauri                     : “Dados mandhor malih?”
~        Kutipan terdapat pada halaman 94-95, sekuen 17.
Pak Mujahit         : “Anu Ri. Yen kowe dakwenehi tugas maneh apa saguh? Ngertiya Ri, aku gelem mikir kowe, nanging kowe uga kudu ngerti menyang aku.”
Lauri                    : “Menapa taksih wonten tugas kula ingkang langkung awrat, Pak?”
Pak Mujahit         : “Mesthi wae, masak nek ora aku tekan kene?”
Lauri                    : “Mugi-mugi tugas pisan kula menika mboten gagal malih.”
Pak Mujahit         : “Dakkira janji koktindakake kanthi becik mesthi kasil. Sabab ora ana sesambungane karo nyawaning manungsa.”
Lauri                    : “Menapa tugas kula, Pak?”
Pak Mujahit         : “Ayuh melu kau. Mengko yen wis adhoh saka Kaliwirang kene dakkandhani.”
·         Pak Mujahit sebagai Narator.
Lauri sebagai Narasi.
~        Kutipan terdapat pada halaman 79, sekuen 14.
Pak Mujahit          : “Kowe mandhor Luri iya?”
Lauri                     : “Inggih.”
Pak Mujahit          : “Dak prentah gelem?
Lauri                     : “Nnaging kula sampun mboten dados mandhor.”
Pak Mujahit          : “Sing nggeser sapa?”
Lauri                     : “Pak Kaudin.”
32)  Pak Mujahit                                  Kastam
·         Pak Mujahit sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~        Kutipan terdapat pada halaman 33, sekuen 10.
Pak Mujahit    : “Kowe rak blandong Kastam.”
Kastam           : “Inggih.”
Pak Mujahit    : “Ana apa esuk-esuk tekan kene?”
Kastam           : “Badhe kepanggih Pak Karmodo.”
Pak Mujahit    : “Ana apa?”
Kastam           : “Badhe ngaturaken serat.”
Pak Mujahit    : “Layang lamaran? Kepingin dadi karyawan? Hiyaa? Apa durung bosen-bosen ta olehmu gawe layang lamaran? Apa nek wis sowan dhewe menyang ngarsane Pak Karmodo...”
Kastam           : “Pak sampun klentu tampi ta. Kula mboten badhe pados pedhamelan kados rumiyin menika. Kula ngertos yen ijazah kula mboten wonten pembaripun Sudirman.”

Pak Mujahi     : “Wis aja kakehan gunem. Pak Karmodo ora duwe kalodhangan kanggo nampa uwong kaya kowe ngono kuwi. Kawit mbiyen nganti saiki kowe dadi wargane alas Kalidawir bisamu ya mung tumbak cucukan. Kana gek lunga.”

1 komentar:

  1. 온라인카지노 온라인카지노 온라인카지노 온라인카지노 sbobet ทางเข้า sbobet ทางเข้า gioco digitale gioco digitale starvegad starvegad 카지노 카지노 메리트카지노 메리트카지노 카지노사이트 카지노사이트 betway betway 130

    BalasHapus