Sunan
Kalijaga
Tumenggung Wilwatikta sing jaman
semono dadi tumenggung Tuban, sawijining tlatah ing Kerajaan Majapahit duwe
putra sing jenenge Raden Sahid laire taun 1455. Raden Sahid entuk gelar Raden
amarga bapakke isih keturunan kerajaan Majapahit. Mula, Raden Sahid iku
manggone ing kadipaten. Sasuwene ing kadipaten iku, Raden Sahid uripe mulya
banget. Apa wae sing dadi panjalukke bakal kalakon. Kabeh kuwi ora liya amarga
bapakke sing dadi tumenggung. Nanging, amarga Raden Sahid urip ing kadipaten,
dheweke uga duweni kuwajiban sinau. Sasuwene sinau iku, Raden Sahid entuk
nasehat saka guru-gurune supaya dadi wong sing apik, amarga dheweke keturunan
ningrat, lan aja pisan-pisan nglanggar aturan sing ana neng masyarakat,
tuladhane nyolong.
Tumenggung
Wilwatikta bisa urip mulya amarga saka upeti-upeti sing dikumpulke saka pajak
rakyat. Kabeh priyayi ing Kadipaten Tuban uripe uga mulya amarga saka
upeti-upeti sing dikumpulke dening kabeh rakyat. Nanging para priyayi padha ora
mikirke rakyate sing urip sengsara. Para priyayi tetep njaluk upeti senajan
rakyat-rakyat urip sengsara lan susah.
Raden Sahid ngonangi kahanan rakyat
sing kudu mbayar upeti padalan rakyat-rakyat mau uripe sengsara, banjur dheweke
duwe pikiran arep nulung rakyat-rakyat sing uripe susah lan kurang dhuwit. Saka
niat nulungi rakyat-rakyat sing susah mau, Raden Sahid nglakoni tumindak ala,
yaiku nyolong lan ngrampok bandhane priyayi sing ora mikirke sengsarane rakyat
cilik. Colongan lan rampokan saka para priyayi dibagi-nagi marang rakyat-rakyat
sing uripe susah.
Kelekuane Raden Sahid sing seneng
nyolong lan ngrampok para priyayi marakke ribut-ribut lan memedi ing Kadipaten
Tuban utamane para priyayine. Kelakuane Raden Sahid sing seneng nyolong akhire
konangan banjur dilapurke marang Tumenggung Wilwatikta. Tumenggung Wilwatikta
dadi bingung lan nesu gethem-gethem ngrasakke kelakuane anakke sing nglanggar
hukum lan norma ing masyarakat, yaiku seneng nyolong bandhane priyayi.
Tumenggung Wilwatikta ngundhang
Raden Sahid supaya nemoni dheweke. Bareng wis ketemu, Tumenggung Wilwatikta
nakoni Raden Sahid, “Apa bener kowe senenge nyolong bandhane para priyayi?”
“Inggih Pak.”, jawabe Raden Sahid.
“Kenapa
kowe nyolongi bandhane para priyayi?”, Tumenggung Wilwatikta takon maneh.
“Amarga
aku miris ndelok para priyayi kalebu awake dhewe urip mulya, padalan
rakyat-rakyat cilik ing njaba kono uripe sengsara.”
Krungu
jawabane Raden Sahid kaya mangokono, Tumenggung Wilwatikta ngandhani Raden
Sahid yen rakyat-rakyat duweni kuwajiban mbayar pajak upeti marang para priyayi
lan carane nulung rakyat cilik karo nyolong iku salah. Nanging Raden Sahid
tetep ngeyel. Mula Tumenggung Wilwatikta saya nesu lan ngamuk banjur Raden
Sahid diusir saka tlatah Tuban.
Sanajan wis metu saka tlatah Tuban,
Raden Sahid tetep nyolong lan ngrampok. Nanging saiki sasarane yaiku para
musafir. Raden Sahid milih ngrampoki para musafir amarga dheweke duweni pikiran
yen musafir iku mesti nggawa bandha akeh. Bandha rampokan lan colongan mau
banjur dibagi-bagi marang rakyat-rakyat sing mbutuhake. Sak pinter-pintere
bajing malumpat, akhire bakal tibo. Raden Sahid konangan nyolong dening wong-wong, banjur dheweke dioyak wong-wong.
Ning, dhasare Raden Sahid kuwi pinter dadine dheweke bisa mlayu saka wong-wong
sing ngoyaki dheweke mau.
Sawijining dina Raden Sahid ngedhang
wong sing panganggone kaya kyai. Kyai iku nggawa tongkat sing bisa ngetokake
emas lan berlian. Raden Sahid kepengin duweni tongkat kuwi, tanpa preduli yen
wong kuwi kyai apa ora, dheweke tetep ngedhang wong kuwi, “Wehna tongkatmu
saiki apa kowe mati saiki!”, anceme Raden Sahid.
“Aja nang, aja tongkat iki. Tongkat
iki mung tongkat biyasa, ora ana apa-apane.” Krungu wangsulane kyai mau Raden
Sahid malah nesu. Banjur kyai mau marahi Raden Sahid yen kepingin entuk bandha
sing luwih akeh, Raden Sahid kudu golek harta karun. Raden Sahid dadi ora sida
nesu malah dadi seneng, banjur dheweke takon carane golek harta karun. Kyai
nuduhake wit klapa marang Raden Sahid, banjur Raden Sahid dikon jikuk lan mecah
buah klapa.
Raden Sahid kaget banget nalika
meruhi emas akeh ing njero buah klapa. Bareng ndelok kedadeyan iku, Raden Sahid
sadar yen ana sing luwih sekti saka dheweke. Padalan dheweke ngrasa paling
sekti amarga dheweke mesti bisa ngrampok lan nyolong, jebule ana sing luwih
sekti. Raden Sahid mikir yen kyai iku ora wong sembarangan, mestine wong sekti,
mula dheweke kepengin merguru marang Sunan Bonang. Jebul kyai iku jenenge Madun
Ibrahim alias Sunan Bonang. Raden Sahid kepengin merguru marang Sunan Bonang
iku ora gara-gara kepengin dadi wong sing apik lan pinter agama, nanging
kepingin dadi wong sing sekti kaya Sunan Bonang.
Sunan Bonang gelem nampa Raden Sahid
dadi muride nanging syarate Raden Sahid kudu gelem nunggoni tongkate Sunan
Bonang sing ditancepke ing pinggir kali sinambi nunggoni tekane Sunan Bonang. Raden
Sahid ora entuk lunga saka pinggir kali kuwi sadurunge Sunan Bonang balik saka dhakwah
lan nyebarake agama Islam neng Demak. Sunan Bonang kuwi salah siji wali sing
gaweane nyebarake agama Islam, mula dheweke sering ninggalke omah lan
kaluwargane.
Raden Sahid nunggoni tongkate Sunan
Bonang nganti taunan, jebule Sunan Bonang lali yen dheweke pernah ngakon Raden
Sahid nunggoni tongkate ing pinggir kali. Wong-wong sing liwat ing pinggir kali
uga bingung ndeloki ana wong sing tapa taun-taunan nganti gondrong lan akeh
alang-alang ing ngubengi awakke. Suwe-suwe, wong-wong sing liwat mesthi ngarani
Raden Sahid tukang jaga kali. Sunan Bonang marani Raden Sahid nalika tapane wis
3 tahun 3 wulan 3 munggu 3 dina. Sunan Bonang akhire gelem nampa Raden Sahid
dadi muride amarga dheweke ngerti Raden Sahid isih setya nunggoni tongkate.
Sunan Bonan njenengake Raden Sahid dadi Kalijaga.
Sasuwene dadi muride Sunan Bonang,
Kalijaga diajari ilmu-ilmu agama lan cara ngamalake sing bener supaya Kalijaga
dadi wong sing bener lan pener. Nalika merguru marang Sunan Bonang, Raden Sahid
kawin karo sedulure Sunan Bonan, yaiku Dewi Arofah Retna Dumilah. Sawise
Kalijaga dadi wong sing bener, pener lan ngerti agama, Sunan Bonang menehi
gelar Sunan marang Kalijaga. Kanti nganggo gelar Sunan kuwi, Kalijaga saya dadi
wong sing dikurmati dening wong-wong minangka wong sing ngerti agama Islam.
Sunan Kalijaga ngrasa kangen karo
kaluwargane sing ana ing Tuban, amarga yen dipikir-pikir dheweke wis sui banget
lunga saka Tuban lan ora tau niliki wong
tuwane. Banjur Sunan Kalijaga balik menyang Tuban saperlu niliki wong tuwane.
Wong tuwane kaget meruhi Sunan Klaijaga berubah dadi apik, nanging bubar niliki
wong tuwane Sunan Kalijaga langsung bali maneh.
Sunan Bonang rerembugan karo Sunan
Ampel, Sunan Giri lan sunan-sunan liyane
sepakat dadhekake Sunan Kalijaga dadi Wali. Mula Sunan Kalijaga uga duwe
kuwajiban nyebarake agama Islam.
Sunan Kalijaga nyebarake agama Islam
ing tlatah Demak. Saben dhakwah mesthi Sunan Kalijaga gunakake wayang kanggo
dakwahe. Sakliyane kuwi, saben dhakwah Sunan Kalijaga senenge nganggo pakean
jawa, sorjan, werna ireng lan nganggo blangkon, beda banget karo sunan-sunan
liyane sing saben dhakwah nganggo pakean kaya wong arab. Sunan Kalijaga sengaja
nganggo pakean kaya ngono saben dhakwah amarga dheweke ngrumangsani wong Jawa
tulen lan jaman semono wong Demak isih nganut Hindhu.
Bebarengan karo sunan-sunan liyane, Sunan Kalijaga mbagun
masjid Agung Demak. Salah sijine saka tatal ing masjid Agung Demak kuwi gaweane
Sunan Klaijaga. Amarga jasa-jasane, Sunan Kalijaga diwenehi Raden Fatah lemah
merdikan, yaiku lemah sing bebas saka pajak-pajak. Jaman saiki lemah iku
diarani kelurahan Kadilangu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar