JARWO
Rame
suarane bocah-bocah pada lagi bal-balan. Neng lapangan sing ndhisike sawah
tegalan. Pada seneng amarga bisa gawe nrobos gawange mungsuhe.
Apa
maneh Jarwo, bocah sing senengane totohan. Tim sing dicekel bisa menang.
Senenge ora ketulungan, amarga menang gedhe. Bal-balane wis bubar, Jarwo lumaku
bali omah sinambi guya guyu dewe karo nyekeli duwite mau. Arep tekan omah,
duwite langsung diwadhahi sak.
Tekan
omah, si mboke wis ngadeg neng ngarep lawang. Banjur takon saka ngendi wae sak
awan ora bali omah, bareng bali kok wis wengi. Jarwo mangsuli yen dheweke
dolan. Mboke takon maneh karo Jarwo, apa dheweke njupuk duwite mboke? Amarga
dhuwit sing disimpen neng lemari kari separo. Jarwo sumaur ora ngerti banjur
lumayu mlebu kamar. Lawange ditutup.
“Bocah
ditakoni kok malah lunga, kurang ajar.” Si mbok nesu.
Si
mbok mlebu omah. Guneman karo bapake.
”Pak,
Jarwo kok kelakuane kaya ngono ya pak”Si mbok takon.
”Ya
mbuh mbok, arep piye maneh. Kesel nuturi saben dina. Ora gelem menda” Jawabe
Pakne.
“Ya
wis nek ngono”Si mbok pasrah.
Neng jero kamar, Jarwo ngitung duwit olehe menang taruhan
mau. Diitung oleh duwit wolungpuluh ewu. Banjur mikir, arep dikapakke duwite
iki. Kanggo mangan enak ya isih, arep mabuk wedi dipenthungi bapake. Timbang
bingung-bingung, mending tinggal turu. Karepe sesuk arep di nggo apa.
Isuke
Jarwo mangkat sekolah. Bocah SMP kuwi ora pati pinter piwulangan nanging pinter
ngapusi wong. Tekan sekolah wes telat. Gurune wis ngulang murid-murid liyane.
Buka lawang banjur atur salam.
Jarwo
mlebu kelas. Matur karo bu gurune, nyuwun ngapura yen dheweke telat. Bu gurune mangsuli yen ora pisan pindho dheweke telat
mangkat sekolah. Banjur takon apa sebabe dheweke telat
terus. Jarwo mangsuli wau neng dalan macet total, ora bisa mlaku mobile.
Bu
gurune kaget terus nakoni Jarwo apa Jarwo mangkat sekolah numpak mobil. Jarwo
mangsuli yen dheweke mlaku,ora numpak mobil. La wong motor wae ora duwe apa
maneh mobil.
Bocah-bocah
padha guyu. Bu guru ngendikani muride dikon meneng banjur takon karo Jarwo
dalan ngendi sing macet, neng desa kok macet. Jarwo sambi kalem njawab yen
dalan sing macet ya neng Jakarta kae, neng desa kene ora bakal macet nek ora
ana pesawat tiba neng dalan.
Sak kelas padha ngguyu bekakan. Bu guru nuthukke
penggaris neng meja lan ngakon meneng bocah-bocah. Bu guru nagih PRe Jarwo sin
diwenehke minggu wingi. Jarwo meneng sedela. Jarwo njupuk buku saka jero tas.
Bu Guru kaged. Ngendikan yen Jarwo
kuwi bocah sing resikan banget. Bukune
tanpa ana coretane babar pisan. La kok coretan, tulisan wae ora ana. Banjur
takon karo Jarwo, PRe sing ndi la kok buku kosong blong ora ana tulisane.
Jarwo
mangsuli PRe digarap neng buku ngono iku. Yen ora ana ya dudu tanggung jawabe
dheweke. Amarga wis digarap mau bengi.
Bu
Guru nesu-nesu. Jarwo diamuk entek-entekan. Piye maneh, sekolah tekane telat,
PR ora digarap. Telat wae alesane ngapusi. Bu Guru isih duwe ati kanggo Jarwo.
Jarwo diutus ngerjake PRe neng jaba kelas. Sak jam pelajaran kudu wis rampung.
Yen ora rampung bakal diwenehi tugas maneh sing luwih akeh.
Jarwo metu saka kelas. Lawange ditutup alon-alon. Omangane
Bu guru ora ana sing dirungokake. Dheweke lenggah ing kursi ngarep kelas. Buka
buku ora ana tulisane, apa sing arep digarap. Dasare bocah bandhel, ora suwe
nyangklong tas bali omah.
Jarwo
lumaku metu sekolahan. Pak kepala
sekolah uga ngepasi metu saka kantor. Ngundang Jarwo sing lagi lumaku arep tekan gerbang sekolahan. Jarwo mandeg banjur ditakoni
pak kepala sekolah, arep ngendi lagi mlebu wes bali dewe. Jarwo sumaur yen dheweke arep tuku buku tulis, mau diutus bu
guru. Pak kepala sekolah ngomongi cepet mlebu kelas yen wes tekan.
Pak kepala sekolah ngubengi sekolahan. Kelas-kelas ditiliki siji-siji menawa ana
guru sing ora mulang. Tekan ngarep kelase jarwo kepethuk bu guru. Pak kepala
sekolah deleng bu guru kaya lagi bingung. Pak kepala sekolah nyedhak lan nakoni bu guru kahanan apa sing lagi digolekki. Bu guru
malah nyuwun pirsa karo pak kepala sekolah apa pak kepala sekolah ngerti bocah
sing neng ngarep kelas mau. Pak kepala sekolah ngendikan ora ngerti lan takon
maneh sapa sing garap mau. Bu guru mangsuli jarwo.
Pak kepala sekolah kaged. Pak kepala sekolah nyritakno
yen mau jarwo metu saka sekolahan arep tuku buku diutus bu gurune.
Bu
guru nesu-nesu ing batin. Bocah kok kurajg ajar nemen. Wes diwenehi kesempatan malah minggat. Olehe mbokne
ndidik bocah kuwi piye biyene. Ora duwe sopan santun. Kepela sekolah wae wani
diapusi.
Bu guru ngendikan karo pak kepala sekolah yen jarwo mau
diutus nggarap PRe neng jaba kelas. Ora tuku buku tulis.
Lha wong bukune wae isih kothong oblong-oblong. Pak kepala sekolah muni karo bu guru, mengko awan parani
wae neng omahe. Ora mung kaping pisan olehe nakal.
Neng jaba sekolahan jarwo kepethuk karo kanca-kancane
sing ora sekolah. Ditakoni kok ora mlebu sekolah ana apa, apa perkara wedi karo
gurune. Jarwo mangsuli ngapa kudu wedi karo guru, mau ra garap PR dikon bali ya
wis bali, malah genah bisa dolanan.
Bareng
ngono diajaki mendem bareng neng buri pasar. Tinimbang bali omah bisa-bisa
malah mung digremengi wong tuane.
Mulane
jarwo ora gelem diajaki alesane ora duwe duwit. Nanging kanca-kancane ngerti
yen wingi bar menang totohan. Kepeksa jarwo anut melu kanca-kancane mendem.
Wiwit
esuk nganti arep magrib, jarwo durung bali karo kanca-kancane. Padha mendem lan
guyonan. Jogged-joged ora karuan nganti kancane ngelingke wawyah wis bengi.
Jarwo
bali omah. Durung tekan omah kepethuk adhine lagi goleki dheweke. Adhine
ngandani mase yen digoleki mbboke karo pakne. Jarwo bali bareng karo adhine.
Tekan omah wis dienteni mboke. Jarwo meneng wae bablas
mlaku menyang jero omah. Jarwo diundang bapakne. Ditakoni saka ngendi wae, wis
wengi lagi tekan omah. Jarwo mangsuli saka sekolah.
Bapake jarwo wis ngerti yen jarwo bolos saka sekolahe. Amarga
mau awan bu gurune teka neng omahe jarwo. Nyritakake kabeh sing dilkoni jarwo
neng sekolahan.
Ngerti
ngono mboke sedih. Pakne ngamuk karo jarwo. Nanging jarwo ora malah wedi apa
duwe rasa salah, malah nesu-nesu ora karuan marang wong tuwane. Pikirane ora
bener amarga isih kena efek ombenan. Barang-barang dirusak. Wong tuwane
ditendhangi. Pakne lan mboke sing wis tuwa ora bisa apa-apa.
Jarwo minggat sak paran-paran. Lumaku
turut pinggir dalan. Nyusur dalan sing becek kena banyu udan. Jarwo lenggah ing
pinggir dalan. Sinambi deleng wong-wong sing pada sliwer lewat ngarepe.
Mlengak
sisih tengen. Ana wong tuwa sakpantaran wong tuwane. Lagi lungguh pinggir dalan
karo wadah kaleng bekas neng ngarepe. Ngenteni wong sing gelem menehi recehan.
Karo masang rai sing melas, meneng ing pinggir dalanan.
Ora
suwe ana preman sing lagi mendem lewat ngarep si mbah. Si mbah njaluki melase karo nom-noman iku. Ora
recehan sing diwenehke, nanging sadukan sing diwenehke si mbah. Duwit sing ana
ing kalen pada kocar kacir tekan ngendi-ngendi.
Jarwo
sing isih rada mabuk iku ora suwe sadar. Deweke delengi mbah wadon iku.
Mesakake nemen uripe. Wis tuwo isih mergawe kaya ngono. Anake pada lunga neng
ndi? Ora gelem ngopeni wong tuwane apa piye? Pitakon-pitakon iku sing ana ing
sirahe jarwo. Nganti-nganti jarwo sedih ngrasakake wong tuwa iku.
Kelingan
karo mboke lan pake sing lagi neng omah.
Kepikiran mboke nangis wayah ditinggal mau. Pakne sing katon sayah
deleng anake kaya ngono. Apa iya deweke tega nelangsakna wog tuwane? Apa arep
gawe wong tuwane urip neng dalan kaya mbah kae? Jarwo karo delengi mbah wadon
iku lan mikir wong tuwane.
Banjur
Jarwo mikir yen deweke ora bisa deleng mboke karo bapake kaya ngono kuwi. Yen
deweke lunga, mesti bingung wong tuwane.Banjur deweke ngadeg saka lenggahe.
Mlayu bali omah maneh. Wayah neng dalan, ora krasa luh netes saka mripate.
Nanging jarwo ora merdulikake. Sing neng pikirane mung wong tuwane.
Tekan
omah, mboke karo pakne lagi lungguh ing kursi omah ngarep. Jarwo saka jaba,
mlaku tumuju mboke. Deweke sungkem neng sikile mboke karo nangis
mingsek-mingsek. Nyuwun panguprane sing gedhe kanggo salahe sing dilakoni
jarwo. Selawase dadi anak bisane mung nyusahke.
Mboke
sing lenggah, nangis neng kono. Pakne
kaged, amarga jarwo bisa sadar ngene. Nanging pakne uga ngucap syukur,
jarwo bisa apik kaya ngono.
“Jarwo..jarwo” mboke sambi ngelus-elus sirahe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar