Panganyeping
Ati
Aku Resi
Respati, bocah wadon sing sederhana, menengan kang duwe perawakan cilik,
potongan rambut shagy sepundhak. Taun
iki kuliah pertamaku neng sakwijining universitas swasta neng Semarang.
Sanadyan universitas swasta ning kwalitase apik. Neng kene akeh taman-taman
kang ngubengi gedhong-gedhong kampus.
Nanging dina
iki, aku mung kuliah sakmata kuliah, jam
siji awan, wancine srengenge pas ana ing ndhuwur sirah. Panas buanget. Karo
males-malesan aku mangkat nyang kampus numpak montor bebek, mripatku
riyip-riyip kena clemloroting sinare surya.
“Ya
Allah,,, puanasa cah,,,,.” Gunemku karo golek parkir kanggo montorku.
“He
Resi...,” Ana swara kang kang nyelik, aku banjur mlingo, masem.
“kowe mangkat dhewekan?” Pitakone Rizky marang
aku. Rizky, kanca anyarku kang asipat supel, grapyak, lan gampang dijak
kekancan.
“Kan
pancen adate aku mangkat dhewe.”, semaurku.
“Lah,,
sakke ya?”, “mbok jaluk diterke pacarmu.”, guneme Rizky mesam-mesem.
“Halah,
ra usum pacar-pacaran.”Ayo gagean melbu kelas”
Nalika
melbu kelas, pranyata kanca-kanca wis pada lungguh ing kursine dhewe-dhewe. Aku
milih lungguh ing kursi kosong kang ana ing ngarepan, Rizky lungguh ing sisih
kiwaku.
“Selamat
pagi” Pandangune Pak Brata, dosen Psikologi Perkembangan kang isih timur kuwi
karo mesem.
“Idih,,,
ngganteng banget ik, putih, manis, isih nom sisan.”, ujar Rizky mesam-mesem.
“Apa
ta? Wong kok ganjen?”, gunemku karo nendhang alon sikile Rizky.
“Kowe
ki napa ta? Wong pancen ganteng kok.”, sumaure sengak.
Aku
mung nlirik, kamangka aku mbatin, “Gusti,,, rejeki kanggo aku. Untung aku
panggon ngarep, dadi aku bisa deleng dosen ganteng, hihihi”
“Resi
Respati,” Pak Brata nyeluk jenengku ning
ra tak gagas.
“Heh,
kae lho diabsen,” Guneme Rizky.
“Oh,,,
nggih, Pak. Kula.” Sumaurku gelagapan.
“Wuuu,,,
lagi munjor ya, Mbak?”. “Nglamun jorok,” Rizky ngece marang aku.
“Heh
koplak, sedeng,” Ujarku.
“Tog,,,tog,,tog,,,”
Abane lawang didodog saka njaba.
“Ngapunten,
Pak. Telat,” Tembunge bocah lanang sing durung tak kenal.
“Telat
pirang sasi?” Kanca-kanca pada guyu
ngrungokke gunemane pak Brata, “Lungguh mas,”
Bocah lanang
kuwi banjur lungguh ing kursi mburi.
“Mas
Darma ini mahasiswa semester 5....bla bla bla bla,,,” Aku ora ngrungokke
omongane Pak Brata maneh.
Aku mbatin, “Ha?
Semester 5 kuliah bareng semester 1? Bodho apa piye ta? Ckckckck,,,”
Pakuliahan iki
mung diisi perkenalan, terus balik.
***
Jam
5 isuk aku wis tangi banjur tata-tata kamar lan adus. Dina iki kuliah jam 7,
aku mangkat teka kos jam setengah 7. Tekan kampus isih sepi, sing ana mung
rupa-rupa mahasiswa anyar. Ya sing jenenge mahasiswa anyar mesthi mangkate
gasik-gasik, wong lagi seneng-senenge kuliah anyaran, hehehe. Aku lungguh ing
buk ngarep kelas njejeri Dian sing lagi sibuk uteg-uteg laptop.
“He
Resi,” Rizky nyeluk aku.
“Hei...
Reneo,,,,” Aku ngawe-awe Rizky, “Isih
sepi,”
“Iyo
pancen, sing kuliah jam 7 kan akeh-akehe cah semester 1,”.”Eh, ngerti ora?”
“Ora,”
Sumaurku cekak.
“Idih,,,
rungokna sik ta!”
“Hehehe,
apa?”
“Mau
ta aku ketemu Mas Damar pas tuku sarapan,” Critane Rizky.
“O,,,”
Sumaurku.
“Kok
‘O’ tok?” Pitakone Rizky.
“Lha
kon pie?”
Rizky
njepaprut, “He,,, Mas Damar ki lumayan lho,” aku mung mesem.
“Kowe
ki lho, mbok pie kek? Aja mung mesem tok!”
“Lha
kon pie?”
“Emm,,,
kowe kan lagi jomblo. Nah apa salahe cedak karo mas Damar?”
“Pie?
Lha wong rak kenal kok cedhak? Ana-ana wae,” Gunemku.
“Mulane
kenalan, trus,,,,” Durung bar olehe Rizky ngomong, dheweke tak tinggal melbu
kelas bareng kanca-kanca.
“Resi
ki semprul,” gembore Rizky.
***
Dina rebo, kuliah Psikologi Perkembangan meneh.
Heuh,,,,,
Dosene sih ngganteng, bisa cuci mata.
Nanging kuliahe jam 1 awan,
Puanase ra ngakuwati iman.
Hedeuh,,,,
“Saiki
aku arep nggawe 5 kelompok. Mas komting, tulung iki dibagi marang kanca-kanca,”
Pak Brata ngetungke tumpukan kertas marang Andi banjur dibagikake marang
kanca-kanca, “Neng kana wis ana pembagian
kelompoklan kepriye tugase.nah, saiki ngumpul jumbuh karo kelompoke dhewe-dhewe
banjur dhiskusi ngenani meteri bagiyane kelompoke dhewe-dhewe. Minggu ngarep
presentasi.” Sambunge.
Kertas
sing nembe dibagi banjur dak waca, aku mlotot deleng jenengku karo Mas Damar
ddi saklompok.
“Heh
Resi, galo,,, Mas Damar saklompok karo kowe,” Ujare rizky karo mringas-mringis.
Aku mung meneng, “Yen saklompok mengko mesthi kan kenal, cedhak, trus dadi.
Hahaha,,,” Sambunge Rizky.
“Bisa
dadi koplak, Riz?” Ujarku.
“O,,,
semprul tenan og.”
“Ayo,,,
kelompok 1 kumpul,” Prentahe Andi, salah siji kelompokku.
“Kana
kumpul karo Mas Damar,” Guneme Rizky, dheweke mung tak plirikki.
Aku
lan anggota kelompokku gagean kumpul dadi siji.
“Kanca-kanca,
iki mending dibagi jumbuh karo nomer presensine ya”, ”Langsung wae,,,. Aku karo
Dani golek materi ngenani Pengertian Pranatal, Mas Damar karo Resi Psikologi
Kepribadian dan Psikologi Perkembangan,,,,” Mripatku melotot kaget.
“Aku
saklopmok karo Mas Damar?”, “Mesthi Rizky ribut,” Batinku.
“Materi
sing wis dibagi ndang digoleki banjur ddiskusikke karo pasangane dhewe-dhewe.
Tulung ngesuk sebtu dikumpulke marang aku. Mengko dak susunne lan tak
edit-edit. Sarujuk ya?” Pitakone Andi karo delengi kanca-kanca.
“Sarujuk,”
Sumaure bocah-bocah.
Aku
lungguh dewean neng loby sinambi maca
buku, ora suwe ana wong kang nepuk pundhakku, Mas Damar.
“Mas
Damar? Pie, Mas?” Takonku gelagapan.
“Mengko
aku golek materi nneng internnet, aku uga isih duwe file materi Pranatal nalika
semester 1,” Guneme Mas Damar.
“O,
yawis mas, yen ngono aku arep golek referensi tambahan neng perpus,”
“Ngono
ya kena,”, “Wis ya, aku balik kos dhisik,”
“Iya
mas,”
***
Aku
ngadeg neng balkon kosku. Ndangak, delengi langit kang klawu peteng, sepi tanpa
bulan. Sing ana mung lintang loro sisihan kang nyoroti bumi.
Heuh,,,,
Sepi,,,
Langit sepi sepo,,,
Mung ana lintang loro kang sajodho,,,
Hem,,,
Bapa, biyungsepi,,,
Aku pengen duwe kanca,,,
Kanca sing ora mung kanca biyasa,,,
Kanca kang bisa gawe anyeping ati,,,
Ora
suwe olehku nglamun, HP kan ana ing kanthongku geter. Ana sms. Dak delok mung ana nomere, durung kesimpen.
From : 085727776811
Assalamualaikum,,,
Iki sapa ya?
To : 085727776811
Sinten nggih?
Aku ngenteni balesan, rada suwe.
From : 085727776811
Damar. Dek, sisuk ning perpus bareng ya..
Aku deg-degan nampa sms saka
Mas Damar.
To : 085727776811
Iya mas. Sisuk aku nang perpus jam 10.
Mas Damar mbales sms,
From : 085727776811
Oke, ketemu neng perpus ya.
To : 085727776811
Iya mas.
Setengah mati atiku dadi deg-degan. Aku ra
mudheng marang rasa sing tak rasakke. Aku banjur turu amarga wegah mikir sing
ora-ora.
***
Aku tangi kawanen amarga wingi ora bisa turu,
mikirke rasa sing tak rasakke. Kenapa atiku ujug-ujug ra karuan. Hem,,, yawis,
aja mikiri perkara kuwi meneh, fokus tugas.
Jam 10.05 aku tekan perpus. Aku deleng sisih
kiwa tengen, ora rame. Neng rak bagiyan psikologi ana bocah lanang kang lagi
miyak-miyak buku. Aku kenal prawakan bocah lanang kuwi, Mas Damar. Atiku
deg-degan maneh. Alon-alon aku mlaku nyedhaki Mas Damar.
“Mas,,,”
“Eh, resi,”
“Mas Damar kok melu neng perpus kenapa? Golek
referensi apa, Mas?” Takonku.
“Lho? Kok ndadak takon? Ya golek Psikologi
Kepribadian dan Psikologi Perkembangan ta dhik,”
“Lha jarene Mas Damar wis golek neng internet?”
“Wis oleh og. Tapi aku
arep golek tambahan. Rak ya rapapa ta dhik?” Guneme Mas Damar.
“Iya, Mas. Ora apa-apa,”
“Ayo, ndang golek. Yen
wis gagean dhiskusi sisan,” Prentahe Mas Damar.
Aku karo Mas Damar
cekat-ceket golek buku banjur dhiskusi. Saka dhiskusi mau aku ngerti yen jebule
Mas Damar asipat alus tuture lan ora grusa-grusu. Aku seneng dhiskusi bareng
Mas Damar.
Bubra dhiskusi, aku
karo Mas Damar omong-omongan biyasa. Ing tengah-tengahe geguneman, Mas Damar
takon, “Dhik, lha pacarmu saiki neng ndi?”
Hah?! Aku keget krungu
Mas Damar takon masalah pacar. Aku mung meneng tok.
“Eh, aku kurang ajar
ya, Dhik? Takon-takon masalah pribadhi? Yawis, ga usah disauri gak papa, Dhik.”
Aku gedheg-gedheg, “Ora apa-apa, Mas. Aku ora duwe pacar og.”
“O,,, bukane ora duwe,
Dhik. Tapi durung duwe,” Sumaure Damar.
Aku meneng tok.
***
Wiwit saka perpus, aku
lan Mas Damar dadi tambah akrab. Arep saben dina Mas Damar sms marang aku. Yen Mas Damar ora sms rasane aku galau. Wis
sewulan iki aku karo Mas Damar tambah cedhak. Kerep dholan bareng lan mangan
bareng. Nanging during tekan hubungan sing jelas.
Sakwijining sore, Mas
Damar ngejak dholan aku mangan bareng. Dheweke mapag aku jam setengah 5. Aku
lan Mas Damar mangan neng sakwijining rumah makan penyet ing dhaerah Peterongan.
“Dhik, adhik ngerti apa
tujuanku sore iki ngajak mangan bareng?” Takone
Mas Damar marang aku. Aku mung gedheg-gedheg karo mesem.
“Hem,,, aku meh ngomong
ngenani pangrasaku marang sliramu,” Atiku deg-degan, “Wiwit
pertama aku weruh sliramu, aku wis ngrasakke rasa sing aneh marang sliramu.”
“Dhik,” Mas Damar
ndelengi mripatku, “Aku tresna marang sliramu. Aku pengen sliramu ana ing
sisihku sateruse.”
Aku mung meneng tok,
“Dhik, tulung jawab aku. Yen emang sliramu ora seneng, aku trima legawa, Dhik.”
Aku manthuk-manthuk
alon, Mas Damar kaget, “Emm,, maksude apa, Dik? Sliramu nrima aku?”
Aku manthuk-manthuk
maneh karo mesem. Mas Damar melu mesem, “Matur nuwun ya, Dhik. Gelem nrima aku,
aku janji, aku bakal usaha ora gawe kowe lara.”
“Iya, Mas.”
***
Bener bedhekkanku, Mas
Damar kuwi asipat alus, ra pernah gawe lelara aku. Wis telung sasi iki aku
pacaran karo Mas Damar, ning ora tahu diseneni.
Bengi iki aku arep
ngancani Mas Damar tuku sepatu ing Paragon. Ing tengah-tengahing milih sepatu,
ana bocah wadon marani Mas Damar.
“Mas Damar?” Ujare wong wadon kuwi,
Mas Damar mung meneng.
“Pie kabare? Ora pernah
kabar-kabar ik.” Celathune wong wadon mau.
“Iki sapa, Mas?” Pitakonku marang Mas Damar.
“O,, aku ngerti kenapa kowe ra pernah
kabar-kabar aku meneh,” Ujare wong wadon iku sinambi mlerokki aku.
“Iki pacarku, dhewe wis
ra ana hubungan apa-apa meneh,” Guneme Mas Damar rada
kasar.
“ Aku ki durung trima
mbok putuske. Eling, Mas. Dhewe wis barengan telong taun, aku ora bisa lali dek
jamane dhewe pacaran. Lan aku yakin, kowe ya ora bisa lali karo aku,” Ujare mantane Mas Damar.
Aku wis ora kuwat ana
ing kana ngrungokke omongane mantane Mas Damar. Eluhku mbrebes mili, ora kuwat
maneh ngempet metuning eluhku. Aku banjur mlayu sabanter-bantere. Mas Damar
nyeluk lan ngoyak aku. Tanganku ditarik,
“Dhik,,, percaya karo
aku. Tresnaku mung kanggo kowe, lan aku uga tresna banget marang sliramu.” Celathune Damar sinambi deleng mripatku.
Aku gedheg-gedheg,
“Ora, Mas. Aku ora sanggup lanjut maneh karo kowe.”
“Tulung, Dhik. Wenehi
aku kesempatan. Tulung,” Ujare Mas Damar.
Aku gedheg-gedheg
meneh, “Ora, Mas. Aku ora sanggup.” Aku langsung mlayu nyegat taksi. Mas Damar nothog lawang taksi lan
nyeluk-nyeluk jenengku.
Eluhku metu dleweran tambah deres. Mas Damar, Cinta Pertamaku. Telung sasi pacaran
karo Mas Damar iku kaya-kaya ana ing swarga ndonya. Aku bener-bener ngrasa
diurmati lan diperhatike. Aku ora bisa lanjut karo Mas Damar. Nanging, yen
gusti ngijabahi aku lan Mas Damar dadi siji maneh, aku ya ora bisa mlayu saka kasunyatan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar