Wikipedia

Hasil penelusuran

Jumat, 18 Juli 2014

Resensi Novel Sawise Langit Katon Biru

Resensi Novel Sawise Langit Katon Biru
Data teknis buku:
1.      Jeneng Buku        : Sawise Langit Katon Biru
2.      Penganggit           : Yunani S. W.
3.      Tahun Terbit         : 2013
4.      Penerbit                : Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) makarya bareng                AZZAGRAFIKA
5.      Kutha Terbit         : Senmarang lan Yogyakarta
6.      Cacahe Kaca        : 100 kaca
7.      Cetakan                : Kapisan, Februari 2013
8.      No ISBN              : (13) 978-602-777-711-8

Ana sawijining pitakon marang penganggit novel “Sawise Langit Katon Biru”, apa sing dadi inspirasine Bu Yunani nyerat novel iki. Pitakon iku kaJawab dening Bu Yunani, “Pada saat saya jalan-jalan ke kota Batu, Malang. Saya melewati sebuah gereja. Dari dalam gereja keluarlah seorang biarawati yang cantik. Saya berpikir, kenapa wanita yang secantik itu bersedia menjadi Biarawati. Sehingga saya membuat novel “Sawise Langit Katon Biru””. Novel “Sawise Langit Katon Biru” anggitane Yunani nyritakake babagan katresnan lan pengkhiyanatan antarane Retno, Endah, lan Hendratmo. Katresnan lan pengkhiyatan iku kawiwitan saka ketemune Hendratmo karo adhine Endang kang aran Retno sing wuta. Endah banget tresna marang adhine, Retno, sing wuta. Dheweke ngupaya lan nabung supaya bisa ngoprasi adhine, mula dheweke golek bojo dhokter supaya bisa ngoprasi mripate adhine. Hendratmo minangka calone Endah sing dadi dhokter gelem ngoprasi mripate Retno. Nalika Hendratmo ketemu sepisanan karo Retno, thukul rasa tresna asih marang calon adhine ipe iku, Retno uga mangkono. Rasa dhedhemenan antaraning Hendratmo lan Retno katerusake nganti kawinane Endah lan Hendratmo. Nganti sawijining dina tresna asihe wong sakloron iku konangan karo Endah, banjur dadi pecahing hubungan mbak yu adhi. Endah ora gelem ngakoni Retno adhine. Retno dadi sedhih banjur lunga nyang greja arep ngaku dosa marang Rama Robertus. Ing greja thukul maneh kekarepan ngabdi marang Gusti ingkang murbeng dumadi, dadi biarawati. Nanging Bu Purwo,eyange, ora sarujuk karo kekarepane Retno iku, banjur lunga nyang Surabaya saperlu wadhul Bu Hadi, ibune Retno, lan Endah ngenani kekarepane adhine. Ibu lan mbak yune uga ora sarujuk karo kekarepane Retno. Bu Pirwo, Bu Hadi lan Endah gageyan lunga nyang Batu arep nemoni Retno, nanging nalika wis tekan omahe Bu Purwo, Retno wis ora ana. Dheweke  lunga nyang Ngayogyakarta saperlu sekolah biarawati. Bu Purwo, Bu Hadi lan Endah banget banget anggone gela, utamane Endah. Amarga dheweke ora ngakoni Retno adhine.
Pungkasane bab 6 ana ukara “Wengine saya sepi, angine saya atis. Bengi iku setan padha jejogedan ajak-ajak tumindak dosa”. Ing ukara iku akeh pamaca sing ngarani Hendratmo lan Retno tumindak asusila sing nglewati wates. Nanging kasunyatane wong sakloron mau ora tumindak asusila sing nglewati wates, kaya sing diandharake Bu Yunani, yaiku: “...keduanya berselingkuh, namun belum sampai melakukan hubungan intim. Hal ini dikarenakan diakhir cerita Retno mengabdi sebagai Biarawati, sedangkan syarat menjadi biarawati adalah masih suci.”
Novel “Sawise Langit Katon Biru” duweni makna, antarane kanggo dhosen Basa Jawa, Mahasiswa Basa Jawa, lan para anom liyane. Kanggo dhosen, novel “Sawise Langit Katon Biru” bisa kanggo referensi bahan ajar. Kanggo mahasiswa Basa Jawa,novel “Sawise Langit Katon Biru” bisa kanggo tambah-tambah bahan wacan, khususe novel sing migunakake basa Jawa. Kanggoo para anom liyane uga bisa didadekake bahan wacan amarga critane bisa diwaca kanggo para anom lan bisa dijukuk piwulangan saka novel “Sawise Langit Katon Biru”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar