SINOPSIS KETOPRAK LAKON KEBO KENANGA MBALELA
Pasuryan sangar, perawakan gagah,
Sosrokusuma, adipati kadipaten Groboogan medarke pamedaring ati marang patih
Sosropati. Sosrokusuma kepengin mbalela marang Kasultanan Demak amarga nadyan
padha-padha islam nanging kadipaten Grobogan kasebut Islam abangan, Kasultanan
Demak kasebut Islam putihan.
Haryopaninggit, patih Kasultanan Demak
malebu ing pisowanan agung kadipaten Grobogan. Sosrokusuma medarke pamedaring
ati yen arep mbalela marang Kasultanan Demak. Sosrokusuma ora gelem banjur
prajurit kadipaten Grobogan nglawan Haryopaninggit. Pungkasane Haryopaninggit
kalah dening Sosrowati.
Sosrokusuma dhawuh Ssosrowati nyulik
Dewi Sekar Kedaton putri Sultan Trenggana, sultan Kasultanan Demak. Sultan
Trenggana manggih Haryopaninggit. Haryopaninggit ngaturi usul marang sultan
Trenggana supaya jaluk tulung marang Kebo Kenanga, amarga Sosrokusuma namung
manut karo Kebo Kenanga. Banjur Sultan Trenggana dhawuh Kebo Kenanga menyang
Kadipaten Grobogan.
Kebo Kenanga bisa boyong Dewi Sekar
Kedaton marang Kasultanan Demak, banjur dheweke diwenehi tlatah dening Sultan
Trenggana kang kaaran Desa Pengging. Kebo Kenanga lan garwane, Martinjung,
boyongan ing Pengging.
Sawijining dina Kebo Kenanga arep tapa,
Martinjung ditinggal dhewekan ing Pengging. Ing wancine Kebo Kenanga tapa,
Sultan Trenggana sowan ing omahe Kebo Kenanga. Amarga Kebo Kenanga isih
mertapa, Sultan mung ketemu karo Martinjung, banjur dadi tresna marang Martinjung.
Ki Kebo Kenanga
kadhawuh golek pari rangga lawean. Miturut welinge Patih Sepuh Harya Diningrat,
pari rangga lawean iku ana ing desane Kebo Kenanga dhewe. Banjur Kebo Kenanga
balik mampir omah, nanging dheweke kaget amarga ngonangi Martinjung lagi wae nglahirake.
Anak sing bubar dilahirake Martinjung dijenengi Karebet. Kebo Kenanga ngerti
yen ramane karebet iku Sultan Trenggana, banjur Kebo Kenanga mbalela marang
Sultan Trenggana.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar