Wikipedia

Hasil penelusuran

Jumat, 18 Juli 2014

Gurit Jerat Jerit

Godhong Garing

Godhong garing ijo tuwa
Padha eling marang yuswa
Senajan godhonge wis ala
Ananging aja gawe sembrana
Apa ta godhong garing ??
Gotong royong ambangin gedhong
Gawe ngibadah
Kagem Gusti Allah kang peparing
Yen ngana aja remeh marang barang
Senajan wis ora bisa diandhalna
Yen ra ana godhong garing
Piye gawe subur tanah Jawa
Piye gawe pangupa jiwa kanggo manungsa



Tangise Para Tani

Mangsa rendheng dadi ketiga
Mangsa ketiga dadi rendheng
Kembang padha godrog
Ora sida anggone uwoh
Pangarepane para tani
Kang bakal panen gedhe
Nanging apa ???
Nyatane ora ana kasile
Ora ana sing bisa dikarepake
Duh Gusti . . .
Tulungana para tani


Parikan Tresna

Esuk nembang sore nembang,
tetembangane asmaradana
Esuk ngadhang sore ngadhang,
sing diadhang ra teka-teka
Wedang bubuk, gula jawa
Yen kepethuk, ati lega
Yen awan tansah kelingan
Yen wingi kegawa ngimpi
Sliramu tansah gawe kelingan
Sliramu angeridu ati
Godhong randhu jenenge baladewa
Pisan pindho mung rindhu suwe-suwe dadi tresna


Dalan ing Kauripan

Urip iki pancen akeh dalane
Dalan sing nyenengake
Dalan sing akeh cobane
Lan dalan kang ora ngerti dununge
Ora gampang ketemu dalan sing nyenengake
Kudu ana kerja keras kanggo ngranggehe
Mula.... semangat lan donga aja lali ditinggalke
Supaya urip ing dalan sing nyenengake



Surga

Minangka pralambanging janma
Biyung dadi pepadhang ing uripku
Nggulawentah lan paring pitutur luhur
Mujudake ngudi kawruh misuwur
Ora mikir awan, sore, rina lan wengi
Tansah ngelingake tindhak tandhuk kang prasaja
Gumun anggonku mikir lan sinawang
Biyung...
Panjenengan asring amrih pambudi
Tanpa ngenteni pamrihing nira
Umpama surga dhumateng donya
Ora liya ngendi papan
Yeku mapan ana ing tapak salira biyung


 Utopia
dening Sunarto
pengin dakwiyaki mendhung
nggolekki kluwung
dadi gumendhung
pengin dakjupuki lintang
kanggo pepadhang
dadi keplantrang
pengin daktututi srengenge
dakcandhet lakune
dadi tansaya akeh ilange
dina-dina mlengse
dhuh kluwung
bareng lakune angin
ilang endahe
dhuh lintang
ing awang-awang
gampang ilang
dhuh srengenge
mengulon parane
ngendi sejane
kapethik saking Panjebar Semangat No. 35 – 28 Agustus 2010


Napak Tilas
dening Sumono Sandy Asmoro
wengi iki aku wiwit jumangkah
nyasak dalan sepacak
napak tilas sikil-sikil atau
lakuen pendhawa sing kalah main dhadhu
perih iki wohing kajujuran
sing disebratake dening para
culika sing ngaku dhadha satriya
ya iki wedine impen kadaradasih
nalika kuncarane langit koncatan
kedhep lintang lan esem rembulan
wengi iki aku wiwit jumangkah
napak tilas lakune pandhawa
kalah main dhadhu
 iki pendadaran sejati
 iki pengumbarab sejati
tumrap winih winih kesisih
sing nintingi werdining perih
kapethik saking Panjebar Semangat No. 35 – 28 Agustus 2010


Nguwongake Wong
dening Sri Adi Harjono
jroning kaijenan
takcoba nggathuk-gathukake bali remukane ati
kang kocar-kacir peting kececer
lara rasane.......
sasat maewu kasangsaran bareng sinandhang
njarem nyengkerem jeroaning jiwa
otot bayu pepes, rasa lemes
nanging thelenging batin menyat
tumuli mesat ndedel awiyat
gugat marang langit
kekuwatan apa kang wus ngrampas luhuring bebudenmu
dhemit endi kang wus ndheder wiji piala ing atimu
saengga kang biyen sliramu grapyak sumanak
malih dadi anggak, ladak tur galak
pamitran kang banget aji
tanpa rasa risih kokcidrani
gugatku nggugah greget
ora bakal takrilakake sliramu nyawang aku
gumlethak dhelak-dhelak
tanpa daya dadi tontonan kang gawe senengmu
saiki, ayo bareng-bareng neter waka
saka ara-ara panguripan iki, ayo padha balapan
nggolek kodhok ngemuli lenge
(aja mbpk anggep sepele)
endi kang dhisik nemokake
yaiku sing jeneng “wong agung”
wong agung ora gumantung
tumpukane bandha, gedhene panguwasa
kang wus ngasorake aku, wong mlarat tanpa pangkat
wong agung kuwi wong kang bisa nelukake dhiri
wong kang bisa ndadekake wong liya agung
nguwongake wong !
kapethik saking Panjebar Semangat No. 35 – 28 Agustus 2010


Pitakone wengi
dening Tangguh H.W
memaniking netraku
nyimpen
endahe wewayangmu
nalika aku lan kowe
ngronce lintang sumunar
ing endahe langit
wengi                 
isih keprungu
cetha nganti wenig iki
tetembungan kang nandhes ati
mas, apa bisa salawase
kapethik saking Panjebar Semangat No. 35 – 28 Agustus 2010


Marang Pangreksa Keadilan
dening Turyo Ragil Putra
aja pisan-pisan nepus dhwane lelabuhan
jangkah sikil ing lemah panas iki
selagine sliramu durung bisa ngukur wewayangan
prau sing labuh ing epek-epek tanganmu
pirang tahun pirang windu
nganti wengi basa rumesek ing menebe nurani
kepiye bisa niteni lemah cengkar
gegodhongan kabotan sanggan cimtrakane sedulur tuwa
kamangka jaman wis suthik mengkono ?
(pakeliran rinengga lakon barathayuda
 wayang-wayang adu arep tatah nyawa)
aja eram lamun anggit-lungit cinkrabawa
dening jabang bayi sing lair malang sungsang
sedina ping pitung atus tangis pamothah
ora lilih senajan dinolanan bal jagad
karana sliramu mamang
nyawang jejeg doyonge cagak panjer srengenge
puguh mbangkongi greget wantah
garis ireng kok sengguh putih
aja pisan-pisan nimbang bobote lelabuhan
selagine ukara kokedol kanggo dagangan
kapethik saking Panjebar Semangat No. 17/ 2003


Angin Sore
dening Fadjar A. Hidayat
angin sore nggawa warta saka
tlatah pangumabaran kana
ana esem ngujwiat mekar
mbarengi thukuling trubus
godhong mbako lan prawan-prawan desa
nembang sinambi nyawang woh-woh coklat gemandhul
mamerake kapolosane
ika angin sore saka Jember
kekiter golek dalan miber
awit ing kana kebak intrik-intrik
nambahi sesuker
ah wedah endahe yen watu ula
bisa nyuwak crita-crita ala
lan aku nyoba kirim salam gunung argopura
kang bakal daktanduri jiwaning ajisaka
bareng kanca mitra
kapethik saking Panjebar Semangat No. 17/ 2003


Weling
dening Arysta
Daksuwun sliramu gelem ngapura
nalika biyen lumantar layang
dakgurit sesangganku
uga sacuwil kapang
kang mung kandheg jroning ati
Daksuwun sliramu gelem ngantu
yen wus luwar sesanggan iki
ombak Baron kang nekseni
nalika tresnamu pengkuh ngayemi prasetyaku
durung muspra guritan kebak rasa
tan dakeling welingmu:
mega ora bakal salawase
ngadhang sumunare srengenge
kapethik saking Panjebar Semangat No. 35/ 2004


Lanskap Tanpa Wates
dening Irul S Budianto
ukara-ukara sing kawetu keprungu serak
mbludag nepusi sadawanign laku
sdheng rembulan wengi iki
sajak kumlewa tan gelem gumuyu
nyunarake pletik-pletik kamardikan
sliramu mesthine ngerti, prawanku
lapercayan sing ditahbiske peradaban
tan nate thukul ing plataran
jiwa
kapercayan mung winates ing ukara
saben wektu bisa nandhang tatu
mambu bacin
kapethik saking Panjebar Semangat No. 35/ 2004


Tangis Mawar
dening Budi Palopo
tangis mawar ati sun tan nyuwara
jroning kretagama dhuhkita
mapan ing tengah latar wenginira
rikma mawar ati sun njamas kasucen
kereben njumbuh alip sasadaning karahayon
tangis mawar ati sun tan nyuwara
jroning prang bubrah
nanging, luh mripat makrifat-e
panggah kemlocor
mblabar ngamba nyegara

kapethik saking buku Wong Agung


Mburu Tracak
dening Budi Palopo
ana bocah angon mburu tracak sapi
nalika rembulan kesingsal ing sampiran
dhuh biyung, jan mesakake tenan
ana bocah angon nitir kenthongan
nalika weruh sungu sapine ceblok
dadi pathok ong pinggir dalan
dhuh biyung, jan mesakake tenan
ana bocah angon mati  kegiles motor tank
nalika mbedhol
pathok sungu sapine dhewe
dhuh biyung, jan mesakake tenan
kapethik saking buku Wong Agung


Tan Tinandhing
dening Budi Palopo
suluk-e nggerung ndawa nglurung
kalarung uga ngombak nyegara
gara-gara kagiri-giri kalakon dadi
swara panggugah pangimpen wengi
hong!
tan kala tan bethara
tan wengi tan raina
tandang tandhinge sakabeh wayang
cetha tan nandhingi solah dhalange

kapethik saking buku Wong Agung


Cangkriman
dening Budi Palopo
coba batangen
bathange ngganda arum
uripe ngurup doh lurung
yen kesandung tan ngadhuh biyung
yen kesenggol sok mesam-mesem
coba batangen
playune ngombak pesisir
sir ana sir teka
sir lunga sirna tan ilang
coba batengen

kapethik saking buku Wong Agung


Kembang Geni
dening Budi Palopo
ngobong lar walang kadung
kang menclok ilating trumpah lars
ana kembang geni kang
mekrok alum sesandhing
gumlethake klongsong mimis
njur, ana sing nangis
nalika wiji kembang srengenge
bisa thukul nggeganda amis

kapethik saking buku Wong Agung


Wong Agung
dening Budi Palopo
Kandhane simbah marta, mara tamatna
Nalika parama sastra kabirat
Tansah teka tangis kang aruara
Minggat uga sekabeh pangkat
Ilang lunga sekabeh drajat
Nanging, dhuh cah bagus
Aja pisan ngangklang tengah lawang
Awit asu ajag tansah nyegat
Playune wong agung kang lagi bingung
Dhudhuk wuluh ing dhedhawuh, dhuh cah bagus
Senadyan kisruh jroning kawruh
Mara tamatna panglerepe jejumbuh

kapethik saking buku Wong Agung


“Hh...!”
dening Budi Palopo
Srengenge ngirim ayang-ayang ireng
Nalika weuh cah wadon wani
Muthesi kembang klorak
Kanggo ngudang golekan ing gendhongan-ne
Tanpa tembung blaka, srengenge mblalak mripat
Nalika wruh cah wadon wani
Njejeg lemah perengan blumbang
Saperlu nekuk ayang-ayange dhewe

kapethik saking buku Wong Agung


“Ck...!”
dening Budi Palopo
Ana precil ing tengah tlaga
Nglangi mburu gethek kumambang
Ngitir siliring angin
Mbuh, apa perlune

kapethik saking buku Wong Agung


Gurit tanpa tandha
dening Budi Palopo
Nalika sun mbukak lawang cendhela, ana
Gajah-gajah kraton gegindrang kang
Sikile kabebet trumpah lars
Nalika sun mbukak lawang cendhela, weruh
Gajah-gajah kraton gegidrang kang
Ndhupaki golekan dolanan bocah
(nanging enggal sun bungkem tutuk jiwa
Nanggo tangan tengen, awit...)

kapethik saking buku Wong Agung


Wis Wanci
dening Rachmat Djoko Pradopo
Langite sumringah dumilah
sawise dikumbah udan
kang grapyak sumanak
srengenge glendheh-glendheh sumeh
yaiki wektu kang becik
kanggo nyebari tanduran
kang bakal ijo royo-royo
njanjekake panenan kang onjo
ya wektu iki mangsa gumregah tangi
meres kringet kanthi semangat mangalat
nyungsung panen kang bakal dadi
bisa sesumbar mratani tan ana keri

kapethik saking buku Ababg Mbranang


Sumuk II
dening Rachmat Djoko Pradopo
Adhuh sumuke!
hawa saya panas mangkene
ya genea ta?
wah, kowe kabeh padha ngerti dhewe
kahanan kang mawalikan mangkene
ora bisa kayana wujud krenahe
yen kowe isih bisa ambegan ya ngucapa syukur alhamdulillah
marga hawa saya kena polusi werna-werna
polusi silica lan karbonia
polusi tindhesan kekuwasaan
polusi kaculikan, polusi kdhurjanan
polusi kemaksiatan
wadhuh toblas, ra bisa kagagas!
adhuh sumuke kapriye bisane silir
yen tanpa angin sumilir
kang ana mung pahit getir
gawe buntune pikir

kapethik saking buku Abang Mbranang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar