Wikipedia

Hasil penelusuran

Jumat, 18 Juli 2014

LAWANG BLEDEG

LAWANG BLEDEG
Prabu Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan, nalika lagi mlaku-mlaku ing sawijining tlatah ing Jawa weruh putri kang ayu banget, jenenge Putri Campa. Banjur Putri kang isih turunan Cina kuwi dipek bojo marang Prabu Brawijaya. Ora suwe bebojoan, Brawijaya mbalik maneh menyang kerajaan sing ana ing Palembang. Prabu Brawijaya ora ngerti yen jebul nalika mbalik neng Palembang, Putri Campa lagi meteng. Putri Campa nglairake anak lanang kang bagus rupane kaya Prabu Brawijaya.
Gedhe-gedhene, putrane Putri Campa kepengin ngerti lan kepengin ketemu karo bapakke. Putri Campa crita yen biyen bojone Putri Campa iku jenenge Prabu Brawijaya, mula yen kepengin ketemu kudu lunga menyang Palembang. Putrane Putri Campa pamit amarga arep marani bapakke sing ana ing Palembang. Putri Campa mangestoni.
Nalika wis tekan ing kraton Majapahit sing ana ing Palembang, anake Putri Campa ngadhep Prabu Brawijaya lan ngaku yen dheweke iku anakke Prabu Brawijaya. Nanging, Prabu Brawijaya ora percaya yen dheweke iku anakke. Banjur anakke Putri Campa crita yen dheweke ki anakke Putri Campa sing mbiyen tau dikawin karo Prabu Brawijaya nalika mlaku-malku ing Jawa. Bareng anakke Putri Campa crita bab mau, Prabu Brawijaya dadi percaya yen anakke. Mula anakke Putri Campa iku diwenehi lemah ing tlatah Jawa supaya bisa didegake kraton. Besuke, anake Putri Campa iku dikenal Raden Fatah.
Raden Fatah bali menyang Jawa maneh. Ora suwi, ana bocah lanang sing ngadhep Prabu Brawijaya lan ngaku yen dheweke anakke Prabu Brawijaya, jenenge Bondan Kejawan. Prabu Brawijaya uga ora percaya marang Bondan Kejawan, mula dheweke njaluk marang Bondan Kejawan menehi bukti yen pancen anakke. Nanging Bondan Kejawan ora bisa menehi bukti, padal dheweke pancen anakke Prabu Brawijaya, mula dheweke diusir karo Prabu Brawijaya.
Bondan Kejawan balik maneh menyang Jawa, dheweke ning jawa mergawe tani. Critane, Bondan Kejawan iku duwe anak jenenge Ki Gentas Pandawa. Ki Gentas Pandawa duwe anak jenenge Ki Ageng Selo. Ki Ageng Selo iki sing bakal dadi omongan ing crita “Lawang Bledeg” iki.
Ki Ageng Selo iku wong sing sekti, sawijining kasektene yaiku bisa nangkep petir barang. Sawijing dina, nalika Ki Ageng Selo lagi garap sawah, ana bledeg gedhe sing nyamber. Banjur dheweke langsung nyekel bledeg kuwi terus bledege diguwang adoh saka desa kuwi. Mula desa kuwi dadi ora tau ana bledeg, desa kuwi jenenge desa Selo, kabupaten grobogan.
Ki Ageng Selo uga duweni padepokan ing tlatah Selo, lereng gunung Merapi, nanging ana narasumber liya sing njlentrehake yen Ki Ageng Selo iku duwe padhepokan ing dusun Selo kabupaten Grobogan. Dheweke seneng mertapa, sawijing dina, ing tapane Ki Ageng Selo entuk wangsit yen dheweke iku keturunan langsung Prabu Brawijaya, raja Majapahit kang pungkasan. Bareng entuk wangsit kaya mangono, Ki Ageng Selo dadi duwe pikiran yen asline dheweke uga duweni hak tahta kraton Demak amarga dheweke uga keturunan langsung Prabu Brawijaya, sanajan mbahe Ki Ageng Selo ora diakoni anak karo Prabu Brawijaya.
Mula Ki Ageng Selo lunga menyang Demak arep ngomong marang Sultan Trenggana yen dheweke duwe hak karajaan Demak amarga sejatine dheweke isih keturunan Brawijaya. Sanajan mbahe Ki Ageng Selo kang jenenge Bondan Kejawan iku ora diakoni anak marang Prabu Brawijaya. Sultan Trenggana kaget karo omongane Ki Ageng Selo, nanging dheweke tetep njaga kawicaksanane. Sultan Trenggana ngomong marang Ki Ageng Selo, sanajan dheweke turunan Prabu Brawijaya, nanging dheweke tetep ora duwe hak tahta kerajaan. Tahta kerjaan iku tumurun saka leluhur, mligine yen tahta Demak iku bakal diturunke marang turunane Raden Fatah, sing ngadegake kraton Demak uga raja pertama Demak, kajaba wis ora duwe anak lanang uta ora duwe anak babar blas. Lemah Demak iku nggone Prabu Brawijaya sing diwenehke marang Raden Fatah lan turunane. Bubar njlentrehake, Sultan Trenggana langsung ngongkon balik Ki Ageng Selo.
Ki Ageng Selo dadi nepsu banget bareng krungu omongane Sultan Trenggana. Nalika mlaku balik menyang padhepokane, Ki Ageng Selo ngamatake kahanan Demak pinggiran. Ing kono akeh banget rakyat-rakyat sing sederhana, beda karo kahanan rakyat sing ana ing saubenge kraton Demak. Ki Ageng Selo entuk akal. Dheweke arep gawe rerusuh ing dhaerah kuwi. Ki Ageng Selo arep gawe rerusuh amarga dheweke mikir yen saupama rakyat Denak padha sengsara, Sultan Trenggana bakal  ora tegel delok rakyate sing sengsara banjur ngalah lan menehke tahtane marang dheweke.
Sawijining wengi, Ki Ageng Selo mangkat ing Demak arep gawe rerusuh ing Demak. Nanging, kapisanane Ki Ageng Selo gawe rerusuhing Demak ing dhaerah pinggiran. Dheweke gawe rerusuh ing sawijing omah. Omahe diobrak abrik nganti acak-acakan. Wong lanang-lanang sina ana ing ana ing omah iku uga ora wani nglawan Ki Ageng Selo, saomah dadi rekasa lan nangis.
Salah sawijining anggota kulawarga iku lunga menyang kraton Demak, banjur wadul sinambi nangis yen omahe diobrak-abrik Ki Ageng Selo amarga Ki Ageng Selo kepingin nuntut tahta kraton Demak supaya diwenehake marang dheweke.
Pawarta bab rerusuh iku tekan ing kupinge Sultan Trenggana. Sultan Trenggana ngerti tujuane Ki Ageng Selo gawe rusuh ing tlatah Demak amarga dheweke arep nuntut tahta kraton Demak.  Sultan Trenggana uga duwe pikiran yen Ki Ageng Selo  iku arep ngejak perang. Sultan Trenggana mikir golek cara supaya Ki Ageng Selo ora gawe rerusuh ing Demak lan ora nuntut tahta kraton maneh. Nanging Sultan Trenggana ngerti yen Ki Ageng Selo iku wong sing sekti, amarga Sultan pernah ngakon prajurite nilik Ki Ageng Selo. Jebule Ki Ageng Selo iku duwe padhepokan ing tlatah Selo, lereng gunung Merapi. Banjur ora sembarang prajurit bisa ngalahake Ki Ageng Selo.
Sultan Trenggana mrentah atusan prajurit sing kuat supaya mangkat menyang padhepokan Ki Ageng Selo lan gawa Ki Ageng Selo ngadhep ing Sultan Trenggana supaya bisa duhukum. Ora beja, para prajurit mau ora bisa gawa Ki Ageng Selo menyang kraton Demak, nanging malah para prajurit mau padha padha tatu-tatu kelaran.
Sultan Trenggana mikir golek cara maneh kanggo ngalahake Ki Ageng Selo sing sekti. Kasektene Ki Ageng Selo ora bisa dikalahke karo tenagane atusan prajurit, nanging kasektene kuwii namung bisa dikalahake nganggo kasekten lan kapinteran. Amarga yen Sultan Trenggana mrentah ewonan prajurit wae ora bakal bisa ngalahake Ki Ageng Selo, nanging malah ngentek-ngentekke prajurit.
Sultan Trenggana nemu cara kanggo ngalahake Ki Ageng Selo, yaiku perantara Sunan Kalijaga sing uga sekti. Banjur, sultan Trenggana mrentah Sunan Kalijaga nemoni lan ngalahke Ki Ageng Selo supaya ora gawe rerusuh dhaerah Demak maneh. Sultan Trenggana mrentah Sunan Kalijaga amarga dheweke ngerti yen Sunan Kalijaga iku sekti lan yen ngandhani wong mesti bakal dianut. Sunan Kalijaga manut prentahe Sultan Trenggana yaiku nemoni Ki Ageng Selo saperlu ngandani lan ngajak Ki Ageng Selo ngadhep Sultan Trenggana, yen ora bisa, dheweke kudu ngalahake Ki Ageng Selo supaya ora gawe rerusuh ing tlatah Demak. Sunan Kalijaga mlaku menyang Selo, lereng gunung Merapi, narasumber liya njlentrehake yen tlatah Selo sing dimaksud yaiku ana ing dusun Selo, kabupaten Grobogan, amarga arep marani Ki Ageng Selo.
            Sunan Kalijaga tekan ing Selo, lereng gunung merapi. Narasumber liya njlentrehake yen padhepokane Ki Ageng Selo iku anan ing dhusun Selo, kabupaten Grobogan. Dheweke ndelok sakiwa tengen, banjur takon marang wong liwat, ana ngendi padhepokane Ki Ageng Selo. Wong liwat mau nuduhake panggonan padhepokane Ki Ageng Selo. Banjur Sunan Kalijaga mlaku menyang padhepokane Ki Ageng Selo jumbuh karo pituduhe wong sing liwat mau. Sunan Kalijaga tekan ing padhepokane Ki Ageng Selo ing Selo, lereng gunung Merapi. Narasumber liya njlentrehake yen padhepokane Ki Ageng Selo iku anan ing dhusun Selo, kabupaten Grobogan. Sunan Kalijaga nemoni Ki Ageng Selo. Ki Ageng Selo nalika ketamon Sunan Kalijaga ramah banget, amarga Ki Ageng Selo iku pancen dhasare wong ramah, Sunan Kalijaga uga disugati panganan. Ki Ageng Selo nakoni Sunan Kalijaga ana perlu apa dheweke menyang pedhepokane. Sunan Kalijaga mangsuli yen dheweke dikongkon Sultan Trenggana supaya ngandhani Ki Ageng Selo ora gawe rerusuh ing kraton Demak maneh, lan arep gawa Ki Ageng Selo madhep ing Sultan Trenggana. Ramahe Ki Ageng Selo dadi ilang sanalika, nanging malah nesu. Sunan Kalijaga ngandani maneh yen takdire Ki Ageng Selo iku ora dadi raja sanajan dheweke keturunan asli Brawijaya. Amarga keturunane Brawijaya, mula Ki Ageng Selo kudu legawa nrima kasunyatan iki, apa maneh Ki Ageng Selo iku dhasare wong sing apikan. Nanging Ki Ageng Selo ora gelem manut omongane Sunan Kalijaga, malah ngancem Sunan Kalijaga yen Sunan Kalijaga ngadhang-ngadhangi niate Ki Ageng Selo kanggo gawe rerusuh ing Demak, mula aja takon nasibe Sunan Kalijaga.
            Sunan Kalijaga ora nuruti kekarepane Ki Ageng Selo, dheweke ora wedi karo ancemane Ki Ageng Selo, nanging Sunan Kalijaga uga ora bakal nganggo gaman kanggo ngalahake Ki Ageng Selo. Banjur Sunan Kalijaga pamit bali menyang Demak, Sunan Kalijaga ngomong yen dheweke bakal mbalik maneh kanggo ngandhani lan ngajak Ki Ageng Selo menyang Demak. Sejatine Sunan Kalijaga balik menyang Demak maneh amarga arep dakwah lan nyebarake agama islam ing Demak.
            Ki Ageng Selo mikir yen Sunan Kalijaga bakal bisa ngedhang-ngedhangi niyate. Dheweke arep gawe cilaka Sunan Kalijaga, mula dheweke nyamar dadi bakul lan bali menyang Demak maneh arep ngawasi Sunan Kalijaga. Ki Ageng Selo ngawasi Sunan Kalijaga awit saka Sunan metu omah nganti dheweke tekan sawijining padhepokan. Jebul Sunan Kalijaga iku senenge dhakwah nganggo wayang lan seneng nganggo sorjan uga blangkonan. Wong-wong ing kono uga wis kenal karo Sunan Kalijaga. Ki Ageng Selo duwe rencana arep gawe cilakaning Sunan yen mara neng pa ning dalan  dhaerah Selo wis balik saka padhepokan kuwi.
            Sawise dakwah lan nyebarake agama Islam ing tlatah Demak, Sunan Kalijaga mara menyang padhepokane Ki Ageng Selo maneh. Padha kaya mbiyen kae, Sunan Kalijaga ngandhani kanthi alus yen dheweke aja maneh gawe rusuh tlatah Demak lan ngajak Ki Ageng Selo ngadep ing Sultan Trenggana. Ki Ageng Selo tetep ora manut marang Sunan Kalijaga, malah dheweke arep gawe cilakaning Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga dioyak terus karo Ki Ageng Selo, amarga dheweke arep gawe cilakaning Sunan Kalijaga. Nalika ngoyak, Ki Ageng Selo mlayu banter banget nanging rasane ora bisa bisa kecekel, padalan Sunan Kalijaga mlayune ora banter banget. Sunan Kalijaga langsung ngilang, Ki Ageng Selo kaget lan sadar yen jebule Sunan Kalijaga iku sekti. Sunan Kalijaga bisa sekti amarga merguru marang Sunan Bonang. Kasektene iku salah sijine bisa ngilang.
            Ujug-ujug Sunan Kalijaga jumedhul ing ngarepe Ki Ageng Selo. Ki Ageng Selo kaget, nanging ya siap-siap arep nyilakani Sunan Kalijaga. Sadurunge Ki Ageng arep nyilakani, Sunan Kalijaga langsung nyekeli tangane Ki Ageng. Banjur Sunan Kalijaga arep totohan karo Ki Ageng Selo. Sunan ngomong yen Ki Ageng Selo iku ora ditakdirke dadi raja Demak, nanging sing dadi raja Demak iku keturunan utawa wong sing cedhak banget karo Ki Ageng, yen nganti omongane Sunan Kalijaga ora kawujud mula anak turune bakal urip sengsara.
            Ki Ageng Selo kaget nalika krungu omongane Sunan Kalijaga. Ki Ageng Selo mikir yen jebule Sunan Kalijaga asline wong sing apik, Sunan Kalijaga ora tau nganggo gaman nalika arep ngadhangi niyate sing arep gawe rerusuh Demak supaya tahta Demak dheweke cekel. Banjur Ki Ageng Selo dadi manut Sunan Kalijaga. Terus, Ki Ageng Selo diboyong Sunan Kalijaga ing Demak supaya ngadhep Sultan Trenggana. Nalika iku, Sultan Trenggana arep menehi wukuman sing abot banget marang Ki Ageng Selo amarga dheweke wis wani ngrusak katentremaning Demak lan duweni niyat arep ngrebut tahta Demak. Sunan Kalijaga ora sarujuk karo niyate Sultan Trenggana, banjur Sunan menehi saran yen apike Ki Ageng Selo aja diwukum amarga asline Ki Ageng Selo iku wong sing apik, apa maneh Ki Ageng Selo isih duweni pasaduluran karo Sultan Trenggana. Nanging amarga Ki Ageng Selo salah paham bab tahta kraton Demak, dheweke dadi luput lan tumindak ora becik. Sultan Trenggana sarujuk karo sarane Sunan Kalijaga.
Ki Ageng Selo njaluk ampun ngapura marang Sultan Trenggana lan marang kabeh rakyat Demak amarga wis ngrusak katentremaning Demak, banjur dheweke dingapurani Sultan Trenggana.
Ki Ageng Selo wis jaluk ngapura marang Sultan Trenggana, katentremaning Demak wis mbalik maneh, rakyat dadi seneng lan ayem. Mula Sunan Kalijaga diwenehi hadhiah upeti saka Sultan Trenggana.
Ki Ageng Selo mbalik dadi wong apik maneh lan dadi luwih agamis maneh tinimbang saka mbiyen. Dheweke seneng sholat ing mesjid Agung Demak. Sawijining dina Ki Ageng Selo lagi dikir ing mesjid Agung. Nalika semono Demak lagi musim udan. Wayah iku, udane deres banget. Nanging Ki Ageng Selo ora nggagas udan deres ing njaba, dheweke tetep dikir. Ora suwi, ana gledheg banter banget nyamber sakiwa tengen mesjid. Wong-wong ing sakiwa tengene padha wedi lan nagis amarga bledheg. Ki Ageng Selo dadi jengkel karo kahanan kuwi, banjur dheweke mlayu ing tengah alun-alun saperlu nangkep bledheg. Ki Ageng Selo maca donga lan nyebut asma Allah banjur nangkep bledheg lan ditaleni nganggo suket-suket sing ana ing alun-alun. Sanalika bledheg iku dadi lawang. Lawang iku dipasang ing mesjid Agung.
Sawijining narasumber njlentrehake yen asline lawang bledeg iku ora digawe saka bledeg. Nanging, bledeg iku duwe makna yen Ki Ageng Selo wis isa nglalahake nafsune kanggo ngrebut tahta Demak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar