APEL
Sruni,
ibu kang saiki uga dadi bapak kanggo anak wadon siji-sijine. Iku kalakon amarga
bojone wis mati. Mula Sruni kudu pontang-panting nyambut gawe golek duwit
kanggo mangan sedina-dina lan sekolah anake. Sejatine Sruni kalebu wong duwe
lan rada diajeni wong-wong. Nanging dheweke tetep pontang-panting nyambut gawe.
Asa,
anak wadon siji-sijine Sruni isih umur limang taun. Dheweke wong kang sumringah
lan seneng gambar. Dheweke uga seneng ngopeni tanduran ing buri omahe. Tanduran
sing paling dieman-eman yaiku tanduran apel kang biyene ditandur bebarengan
karo bapak lan ibune. Nalika ditandur, wit apele wis ana kembang apele. Saben
dina Asa niliki tanduran apele uga dirumat.
Asa
kelingan nalika nandur wit apel rikala bapake isih urip. Jaman iku kaluwargane
seneng lan adhoh saka kasusahan.
“Bapak,
apele pundi?” Pitakone Asa.
“Lha
iku.” Celathune bapake sinambi duding kembang.
“Lha
iku kembang, Bapak. Apele pundi?” Semaure Asa bingung.
“Anakku,
kembang iku yen disirami lan dirumati besuke bisa dadi buah apel abang kang
gedhe lan legi banget.” Celathune ibune.
“Kapan
bisa dadi gedhe? Isih suwi?” Pitakone Asa maneh.
Bapakne
mesem, “Kabeh kuwi ana prosese, Cah ayu.” Celathune bapakne sinambi ngelus-elus
rambute, “Kaya Asa, ora langsung gedhe. Biyen, Asa isih cilik menthik, saiki
deleng! Wis gedhe, wis bisa maem dhewe, pakpung dhewe.” Sambunge.
“Hihihi.
Tegese isih suwi, Pak?” Asa ambegan dhawa, “Sesuk yen wis gedhe, apele meh tak
maem dhewe.” Sambunge Asa.
“Iya
anakku sayang, dimaem Asa wae.” Guneme ibune bungah.
Saiki,
wis ora ana maneh guyonan bareng bapakne. Bapakne wis lunga menyang sisihing
Gusti. Asa delengi apel sing buahe wis gedhe banjur didemek. Lagi didemek,
buahe wis tiba, pratandha buahe wis mateng.
Dheweke
lumayu melbu omah goleki ibune.
“Ibu.”
“Ana
apa, Asa?” Pitakone ibune.
Asa ngelungke buah apel,
“Ayo bu, buah apele dimaem bareng-bareng.” Celathune sinambi mesem. Ibune mesem
delengi Asa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar