Wikipedia

Hasil penelusuran

Jumat, 18 Juli 2014

Cerkak 'Godhong Waru'

GODHONG WARU


Godhong waru
awujud ati
ati pralambang katresnan
katresnan kang suci
katresnan lir pendah godhong waru
kang kebak eri sak ubenging godhong
bisa agawe lara
ning,,,
ora wurung kabeh manungsa butuh kuwi
Bener. Secuil geguritan iku kaya pamedaring atine Juwita, bocah pinter nanging menengan. Dheweke seneng marang Bagus, kakak kelase kang terkenal ganteng. Nanging Juwita ora wani medarke rasa kang dirasake marang Bagus.
***
Surya kang jumeneng gagah ing pucuking jumantara giyarake panase marang manungsa ing donya. Ora luput, Juwita kang perawakane cilik. Wis mesthi kalah yen didu karo surya kang agung. Juwita lumaku cepet sinambi nutupi sirahe karo buku supaya sinaring sang surya ora gawe mripate silau tur ora gawe praupane panas. Migunakake sikile sing cendheg, Juwita lumayu pinuju wit kang gedyombog godhonge amarga bisa nyegat bus tur uga bisa nunut ngiyup saka panase surya.
“Ck... kadingaren kok panas banget ya?” Guneme Juwita sinambi kipas-kipas nganggo bukune. Tengah-tengahe ngenteni bus, ujug-ujug sirahe ketiban godhong saka wit sing diiyupi iku. Godhong waru. Godhong waru dijupuk saka sirahe, didelok, banjur Juwita batin, “Wujude kaya ati. Ati lambang katresnan. Tegese godhong waru uga bisa dadi lambang katresnan.” Juwita mesam-mesem. Ora suwi ana bus kang mandheg, banjur Juwita melbu ing bus. Godhong waru mau uga digawa mulih.
Surya durung sirna saka papane, nanging sinare wis katutup denung mega mendung. Bebarengan karo tekane mega mendung, tetesan banyu udan uga melu mudun ing donya. Kahanan mau kaya-kaya langit lagi susah. Beda adhoh karo atine Juwita kang lagi bungah  amarga nemu media kanggo medarke atine marang Bagus, bocah kang disenengi dheweke.
“Godhong waru iki bisa dadi lambang katresnanku marang Mas Bagus.” Celathune Juwita bungah, “Em, penake uga tak wenehi geguritan-geguritan lan layang ah. Supaya Mas Bagus bisa ngerti yen ana wong sing seneng tenan karo dheweke. Mas Bagusku sayang.” Sambunge Juwita mesam-mesem. Juwita kepingin cepet-cepet ganti dina supaya bisa wenehi layang lan godhong waru iku.
***
Wayah isuk kang wis dienten-enteni Juwita wis labuh. Juwita sengaja tangi luwih gasik supaya bisa mangkat luwih gasik. Dheweke arep nyelehke godhong waru lan layange ing mejane Bagus, nanging ing wayah bocah-bocah durung mangkat mulane dheweke arep mangkat gasik banget.
Tekan kelase Bagus, Juwita nyelehke layang lan godhong waru ing laci meja. Sadurunge Juwita niliki layange maneh, wedi yen ana jenenge ing layang iku. Layange wis pesthi ora ana jenenge banjur dheweke nyelehake layange ing laci mejane Bagus.
“Mugaa Mas Bagus maca layangku iki.” Celathune Juwita sinambi lunga menyang mushola sing ana ing cedhake kelase Bagus. Juwita arep ngenteni tekane Bagus. Jam pitu kurang seperapat Bagus wis tekan ing kelase. Juwita delengi Bagus saka kadhohan. Untunge kelase Bagus akeh jendhela kacane dadine polahe bagus bisa dideleng Juwita saka jaba. Bagus ngrogoh laci mejane, dheweke kadelok kaget nalika tangane kena godhong lan amplop, banjur kalorone dijupuk, diwaca layange. Bagus mesem nalika wis rampung maca layang iku. Layang lan godhong waru disimpen ing jero tase. Juwita bungah atine bareng delok Bagus nyimpen layang lan godhong warune.
Ora suwi, bell masuk muni. Juwita cepet-cepet lumayu menyang kelase. Sanajan piwulangane dina iki angel-angel tur gurune galak-galak, nanging atine Juwita tetep bungah. Dheweke duwe angen-angen yen besuke bisa dadi karo Bagus
***
Saben dina Juwita nindakake adate sing anyar yaiku nyelehke layang lan godhong waru ing laci mejane Bagus. Dheweke ora due kesel nindhakake adate iku, kamangka dheweke ngerti yen Bagus ora bakal ngerti sapa sing ngirim layang lan godhong waru sasuwene iki.
Sanajan mangkono Juwita tetep telaten nyelehake layang lan godhong waru ing laci mejane Bagus. Saben dina uga Juwita jupuki godhong waru ing cedhak sekolahe. Udan bledheg ora digagas, dheweke tetep jupuk godhong waru.
Juwita mangkat sekolah gasik kaya adate. Papan kapisan kang tinuju yaiku kelase Bagus. Kaya adate uga, dheweke nyelehake layang lan godhong waru ing laci mejane Bagus. Ujug-ujug Juwita kebelet nguyuh. Dheweke lumayu pinuju toilet.
“Ah, ayeme bisa pipis, hehehe.” Celathune, “Eh, aku kok malah kebelet eek ya. Adhuh, wis ora kuat. Eek dhisik ah.” Sambunge sinambi melbu WC maneh. Rada suwi Juwita ana ing WC. Dheweke pingin cepet-cepet bubar. Mula, sabubare ing WC Juwita lumayu menyang mushola arep delengi Bagus.
Nanging playune Juwita mandheg nalika dheweke weruh Bagus guwak kertas kang dikirane Juwita iku layange. Atine Juwita remuk weruh kaya mangkono. Dheweke ora ngira layange diguwak Bagus ing tong sampah. Sanalika awakw lemes tur ora semangat maneh. Dheweke lumaku ing kelas kanthi ora semangat.
***
Ana keanehan saka Juwita. Dina iki dheweke tangi rada awan lan mangkat sekolah uga rada awan. Adatan kang adate katindhakake dening dheweke yaiku nyelehke layang lan godhong waru ing laci mejane Bagus uga ora ditindhakake. Kanthi wegah-wegahan, Juwita melbu kelase. Ing jero kelas durung akeh murid-murid kang wis teka. Salah siji wis teka yaiku geng bocah wadon kang kemayu. Juwita lumaku ing ngarepe geng iku tanpa deleng bocah-bocahe. Banjur salah siji anggota genge ana sing nesu,
“Heh bocah aneh. Yen mlaku ki ora usah sombong kaya mangkono. Mbok pikir kowe ki sapa? Anake presidhen? Bocah aneh.” Diomongi kaya mangkono Juwita ora gagas. Shinta, pentholan geng iku marani Juwita.
“Heh, bocah aneh. Bisu apa piye? Kowe wani karo gengku? Nyepelekake? Nantang?” shinta jupuk bukune Juwita banjur diguwak. Bebarengan karo tibane buku, salembar kertas kang nylempit ing bukune Juwita tiba. Ana jupuk kertas iku banjur diwenehake Shinta.
“Apa iki?” Dibuka lan diwaca, Shinta ngakak, “Hahaha, surat kanggo Mas Bagus? Tegese kowe seneng Masa Bagus?” Shinta delengi kanca-kancane sinambi ngakak. Kanca-kancane uga melu ngakak. Juwita mung meneng.
“Bocah aneh. Rungokna omonganku. Mas Bagus iku duweku. Kowe ki ora level kanggo Mas Bagus.”
“Sing ora level kanggo aku ki kowe Shinta.” Calathune Bagus kang ngagetake Juwita lan genge Shinta.
“Mas Bagus.” Guneme Juwita. Mas Bagus mlirik Juwita.
“Juwita iku pacarku. Aja pisan-pisan kowe lan kanca-kancamu ganggu Juwita.” Celathune Bagus sinambi gendhewa pinentang tangane. Kabeh wong padha kaget.
 “Ayo, Wit.” Bagus narik tangane Juwita. Dheweke digawa metu. Nalika tekan taman sekolah, Bagus ngeculake tangane Juwita. Kalorone meneng.
“Kenapa aku mbok aku pacar?” Pitakone Juwita.
“Memange kenapa? Kowe seneng karo aku ta?” Sumaure Bagus.
“Ora.”
“Halah. Ora susah ngapusi. Godhong waru lan layang kang sasuwene iki mesthi ana ing laciku saben isuk kuwi saka kowe ta?”
“Lha kowe kok angger ngomong? Buktine apa?”
“Isih jaluk bukti? Aku dhewe sing weruh.” Celathune Bagus, Juwita meneng, “Wita, ora susah ngapusi maneh. Sejatine, aku uga seneng kowe. Wiwit sadurunge owe menehi aku layang lan godhong waru,  nanging aku durung bisa medarke pangarsanku marang sliramu.” Sambunge.
“Yen kowe seneng aku, kenapa wingi layangku mbok guwak?” Pitakone Juwita.
“Tak guwak? O, kuwi dudu layangmu, nanging kertas liyane.” Semaure Bagus. Sanalika kalorone meneng. Suwe-suwe mesam-mesem bebarengan lan pungkasane guyu bebarengan.
“Saiki awake dhewe wis ngerti atine dhewe-dhewe, mula, kowe gelem dadi pacarku?” Celathunne Bagus sinambi delengi Juwita lan mesem. Juwita manthuk-manthuk lan mesem. Kalorone bungah. Bell muni, tegese piwulangan arep diwiwiti. Bagus gandeng Juwita lumayu menyang kelase Juwita. Nalika Juwita wis melbu kelas, Bagus lumayu menyang kelase.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar