SUCI
Sinaring
surya ngintik ing jendhela kamar nalika Suci tangi saka mimpi-mimpine.
Mimpi-mimpi kang mung bisa dadi mimpi. Mimpi-mimpi kang beda adhoh karo
kasunyataning uripe saiki.
“Anak
wedhok,,,yen wis mentas adhus sarapan kene” Celuking ramane marang Suci.
“Nggih,
Pak” Sumaure Suci, banjur cekat ceket
salin lan nganggo sepatu. Dheweke mandengi sepatu olehe mulung ramane kang wis
elek. “Kapan ya aku bisa duwe sepatu kang apik wujude?” Pikire Suci.
“Ayo
ndang sarapan mengko mundhak kawanen” Tembunge
ramane.
“Nggih,
Pak”,”Pak,,em,, kula mbok dipundhutke
sepatu enggal. Ampun mulung, Pak. Nanging pundhutke sing enggal.”
“Iya
nduk. Yen bapak duwe rejeki, mengko tak tukokake. Sing penting srapan dhisik,
yen wis bar mangkat sekolah.”
Suci
mung meneng, ora nyauri ramane. Sabubare sarapan, Suci mangkat sekolah diterke
ramane nganggo pit jengki tuwa. Sejatine ing atine Suci ora seneng diterke
ramane numpak pit jengki tuwa iku, amarga dheweke isin, senenge diece kanca-kancane.
Tekan
sekolah Suci langsung lumayu tanpa pamit, ramane mung gedheg-gedheg ndelengi
anake lumayu saka kadhohan. Suci isih lumayu sabanter-bantere nganti ora
sengaja nabrak kancane.
“Adhuh,
sepatuku.” Bengoking Sruni sing sepatune kutahan jus.
“Eh,
ngapurane ya.” Tembunge Suci.
“Opo?
Ngapura? Enak-enakan,, delengen iki sepatuku, kotor. Mengko mundhak rusak pie?
Kowe ngerti sepatuku rega piro? Kowe ora bakal bisa tuku, Bocah kere.” Muntabing
Sruni.
Suci
ora bisa ngomong apa-apa.
“Heh
bocah kere. Lungaa saka kene. Panggonanmu ki ora neng kene. Bocah kere, mambu
kaya kowe pantese neng tong sampah wae.”
Sambunge Sinta.
“Hahahahaha....”
kanca-kancane padha ngakak ngece Suci.
Weruh
kanca-kancane padha melu ngakak, banjur eluhe Suci mbrebes mili ora bisa
mandheg. Dheweke lumayu metu saka sekolah. Lumayu sabanter-bantere. Ramane
weruh anake lumayu ing pinggir dalan. Ramane nyeluk-nyeluk,
“Suci,,,,
Suci, anakku.”
“Emoh,
aku moh dadi wong kere. Aku emoh dadi anake wong kere.” Bengoking Suci, lumayu
sinambi nangis.
“Nduk,
cah ayu. Mandhega olehmu lumayu. Eling, istighfar nduk.” Tembunge ramane.
Ora
ngira ana truk box saka lor dalan sing lakune ngebut banget. Nanging Suci ora
weruh lakuning truk mau.
“AAAAAAA,,,”,
Bruukk, awake Suci mental saka truk sing nabrak dheweke.
“Suciiiii,,,,.”
Ramane mlayoni awake Suci kang gemletak kejet-kejet ing tengah dalan.
“Suci,
Anakku,,,”
***
Awakke
Suci gemletak ing kasur rumah sakit kang akeh alat-alat medhis sing nemplek ing
awakke. Ramane prihatin delengi kahanane anakke siji-sijine.
“Pak
Trisna, kula kedhah matur kalih jenengan ngenani kahananing Suci.” Tembunge Pak
Dhokter.
“Pripun
kahanane, Pak?”
“Nuwun
sewu nggih, Pak. Kahananipun Suci menika parah sanget. Wonten pendarahan ing
otak, tulang rusuke wonten sing patah banjur nusuk paru-parune. Kedhah
enggal-enggal dipunoperasi.”
“Ya
Allah Gusti, Suci anakku. Kenapa kowe sing kena lelara kaya ngene? Mending
bapak wae sing kena lelara.” Tembunge ramane sinambi nangis nggeru-nggeru.
“Pak
Dhokter, mangga enggal-anggal Suci dipunoperasi. Pinten-pintena bayaripun
mboten dados menapa, Pak. Sing penting Suci cepet mari.” Sambunge ramane.
“Nggih,
Pak. Nanging menika biayanipun kathah sanget. Bilih dipunetang menika ngantos
atusan juta” Tembunge Pak Dhokter.
“Nggih,
Pak. Mboten dados menapa. Kula purun nyade jiwa lan raga kula kagem Suci
anakku.”
Swasana
dadi bener-bener mrehatinke. Suster-suster uga mbrebes mili ngrungu omongane
ramane Suci.
Ramane Suci bingung arep kepriye. Dhuwite
wis mesthi ora cukup kanggo biaya operasi. Arep utang, nanging ora bakal
diprecaya amarga kahanan uripe kere temenan. Ing tengah-tengah lamunane, ana
bapak-bapak sing marani ramane Suci.
“Nuwun
sewu, Pak. Kadose kok panjenengan sedhih sanget?” Pitakone bapak-bapak.
“Nggih,
Pak. Kua betah arta kathah kagem operasi anak kula, nanging kula bingung,
mboten gadhah arta, bilih ngampil arta nggih mboten disukani. Kula purun nyade
jiwa lan raga kula kagem anak kula Pak.” Tembunge mantep.
“Ooo,,,nggih,
mekaten Pak. Garwa kula betah donor ginjal, nanging mboten wonten ingkang purun
donoraken ginjale. Panjenengan kersa nyade ginjalipun panjenengan dateng garwa
kula? Samangke, operasinipun anak panjenengan kula tanggung, Pak” Tarine
bapak-bapak mau.
“Masya
Allah, saestu, Pak? Nggih, kula purun. Kula purun sanget, Pak” Tembunge ramane
bungah.
***
Suci
nembe sadar saka obat bius bekas operasi, dheweke ora sadar wus telung dina.
Saiki awake wis normal, kari ngenteni jahitane garing. Suci noleh kiwa tengen,
neng ruangane mung ana suster loro lan dhokter siji. Dheweke golekki ramane,
“Bapak
ngendi, Sus?” Suster-suster ora kuwasa mendhem tangis.
“Dhok,
bapakku ngendi??”
“Sareh,
Suci. Nalika arep golek dhuwit kanggo biaya operasi, bapakmu donorake ginjale
marang pasien kene. Nanging bapakmu pendarahan nalika operasi lan ora bisa
ditulung.”
“Ora,
ora mungkin bapak seda. Ora mungkin. Bapak durung mundhutake aku sepatu anyar.
Bapak ora pareng mblenjani janjine.” Pangucape Suci sinambi nangis
nggeru-nggeru. Saknalika kahanan ing kana sedhih banget.
“Iki
dhik. Titipan saka ramamu sing ditulis sadurunge operasi.” Suster menehi Suci
titipan saka ramane suci.
Suci anak wedokku sing dak tresnani
Bapakmu iki sejatine mung manungsa biasa
Bapak durung bisa nyenengke awakmu
Bapak nyuwun ngapurane ya anakku
Nanging percayaa,
Apa-apa sing dak lakoni iku kanggo kowe anakku
Bapak tresna marang sliramu
Iki bapak wis mundhutke sepatu anyar
Yen ora seneng sepatune, ya ngapurane ya
Bapak ora isa milih
Mugaa kowe urip mulya anakku
Bapakmu .
Suci nangis olehe maca
surat lan delengi sepatu anyar saka ramane. Saikine dheweke eling marang welas
asih lan upayane ramane kang wis jaga lan nguripi Suci tanpa eling bebaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar