Gitar Tua
“Uhuk,,,uhuk,,,.”
bledhug saka barang-barang tua kang kemabur ing ruangan iku agawe bapak lan
anak lanang mengguk.
“Andi,
alon-alona olehmu sulak-sulak. Bledhuge iki lho, agawe mengguk.” ujar bapak
marang anakke.
“Inggih, Pak,” sumaure, “Pak, menika napa?” Andi bukak tas ireng kanthi ati-ati, “walah,,,gitar.”, ujare Andi bungah. Andi mandengi sinambi ngelus-elus gitar iku. Bledhug ing tas gitar iku bisa nyasmitani yen gitar iku ora pernah dimainke.
“Inggih, Pak,” sumaure, “Pak, menika napa?” Andi bukak tas ireng kanthi ati-ati, “walah,,,gitar.”, ujare Andi bungah. Andi mandengi sinambi ngelus-elus gitar iku. Bledhug ing tas gitar iku bisa nyasmitani yen gitar iku ora pernah dimainke.
“Bapak
saged main gitar ta?” pitakone Andi marang bapakne.
Bapakne
mung meneng, “Pak, mbok kula diajari main gitar.” panjalukke Andi.
“Iya,
age, gitare diresiki dhisik!” dhawuhe Bapak.
“Inggih,
Pak.”
Andhi
ngelapi gitar tua karo kain kanthi alon-alon. Gitar tua iku dhuweni warna ireng
doff merk Yamaha sinh kacetak timbul. Andi uga ngelapi alon-alon tulisan Yamaha
alon-alon nganti kempling. Amarga wis ora sabar sinau main gitar,Andi ngundang
bapakne,
“Bapak,
ayo, kula diajari main gitar.” ujare Andi kanthi manja-manja.
“Iya,
kene gitare tak nyoba mainke dhisik.” bapake Andi nggenjreng gitare, mainke
lagune band Dewa 19, Kangen. Mainke lagu Kangen, bapakne dadi kelingan jaman
SMAne. Jaman-jaman kang ora bisa dilalekake amarga saka jaman kuwi bapakne Andi
bisa ngrasakake katresnan kang sejati.
***
Suket-suket
ijo inga taman dadi ambruk nalika dilungguhi wong loro lanang wadon. Teguh lan
Kinanthi. Kalorone duweni kakancan kang raket banget. Nalika iku, Teguh lagi
main gitar, Kinanthi lagi nyanyi. Teguh lan Kinanthi pancen seneng musik.
Selera musik kalorone uga padha, mula bisa kakancanan raket banget nganti
saiki.
“Kin,
bali saiki yo!” pangajake Teguh marang Kinanthi.
“Hem,,,
kok kesusu bali ki arep selak apa?” saure Kinanthi.
“Lah,
suwi-suwi bosen ning kene. Yawis, jeng-jeng
wae yo?” usule Teguh.
“Sarrrujuuuuk...”
kandhane Kinanthi bungah.
Anom
loro iku lumaku jejeran menyang sawijining pusat beblanjan utawa mall ing madya kutha. Kayata adate,
Teguh lan Kinanthi langsung pinuju ing toko kang adol alat-alat musik.
Sadurunge malebu ing toko, kawigatene Teguh langsung pinuju ing etalase toko.
Etalase toko iku ana gitar ireng doff kang apik banget.
“Wah...”
Tembunge Teguh kamitenggengen.
“Ana
apa, Guh?” Pitakone Kinanthi sinambi ngepuk pundhake Teguh. Teguh nglirik
sinambi mesemi Kinanthi banjur balik delengi gitar ireng mau.
“Hem,
aku mudeng maksudmu. Kepingin gitar iku ta?” Celathune Kinanthi sinambi mliriki
Teguh, “Ayo, jajal takon regane marang SPG!”
Sambunge Kinanthi. Tanpa ngenteni Kinanthi, Teguh langsung malebu toko iku.
Kinanthi mung dlongop, nanging ora suwi langsung marani Teguh. Durung nganti
ketemu olehe goleki, nanging Teguh wis ana ing burine Kinanthi. Kinanthi noleh
memburi, kedelok praupane Teguh kan sedhih banget. Kinanthi bingung, amarga
maune praupane Teguh bungah banget nanging saiki malah sedhih banget kaya bocah
cilik kang kelangan permen.
Kinanthi
takon, “Ana apa, Guh? Kok sajake sedhih banget?”
“Aku ra sida kepingin gitar iku ah.” Semaure Teguh
lemes.
“Lha
kenapa? Gitare apik,,, keren kaya ngono kok ora sida kepingin?
Teguh
ambegan dhawa banjur semaur, “Regane larang banget, kaya sanguku setengah taun.
Yen misale nyelengi ya tetepa ora bakal bisa dak tuku.”
“Wis,
ora susah sedhih maneh. Mlaku-mlaku meneh yo.” Pangajake Kinanthi sinambi narik
tase Teguh. Teguh mung manut ngetutke Kinanthi. Kinanthi ngeculke tase Teguh
banjur piniju ing counter es krim, tuku es krim loro. Sakbubare bayar, Kinanthi
ngelungke es krim siji marang Teguh sinambi mesem, “Nyoh, mangan es krim wae.”
Teguh nampani es krim banjur diklamuti.
“Enak
ta, Guh?” Celathune Kinanthi. Teguh manthuk-manthuk mesem.
Kalorone
lanjut lumaku maneh. Nalika lumaku Kinanthi lan Teguh asyik gojeg lan guneman.
Saking asyike, kalorone ora gatekake dalan ing ngarep. Bola-bali Kinanthi utawa
Teguh nabrak wong liya kan lagi lumaku ing ngarepe, bola-bali uga kalorone
diseneni wong-wong iku. Nanging tetep ora digagas. Nganti nalika nabrak wong
wadon, Teguh meneng cep klakep delengi wong wadon iku. Pranyata Teguh kesengsem
marang wong wadon iku.
“Aduh,,,
klambiku kotor iki. Pliket maneh.” Tembunge wong wadon sinambi ngelus-elus
klambine sing kena es krime Teguh, “piye ta, Mas? Mbok sampeyan ki yen lumaku
delok-delok dalan!” Sambunge.
“Eh,,,em,,ngapurane
ya, Bak.” Celathune Teguh gagap. Wong wadon mau mung meneng banjur lunga.
Deleng kedadean mau, Kinanthi guyu ngakak.
“Hahaha...
Sokur! Mulane, yen lumaku ki mbok aja dlenger.”
Teguh
ora sumaur apa-apa. Dheweke mung mesam-mesem. Kinanthi malah bingung deleng
tanggepane Teguh, amarga adate yen diece Kinanthi mesthi wales, “Guh, kowe ki
ana apa? Mesam-mesem. Anaeh tenan kowe. Edan po?” Teguh delengi Kinanthi
sinambi mesem, “Ora ana apa-apa. Wis, balik wae yo. Wis sore ki.” Sunaure Teguh
kang gawe Kinanthi tambah bingung nanging tetep manut. Kalorone balik menyang
omahe dhewe-dhewe.
***
Wayah
wengi. Teguh mainke gitare ing ngisor langit peteng kang kebak lintang-lintang.
Dheweke lagi ngeling-eling kedadean mau awan. Eling marang gitar ireng kang
dipengini, nanging ora bakal bisa tuku amarga regane larang banget. Kedadean
kapindo kang narik kawigatene Teguh yaiku nabrak wong wadon. Wong wadon ayu
kang gawe Teguh kesengsem.
“Heuhft...”
Teguh ambegan dhawa, “Wong wadon mau ayu tenan. Manis lan katon anggun. Kenapa
mau ora tak ajak kenalan ya? Umpama aku duwe pacar kaya wong wadon mau,
wuih,,mesthi aku makmur.” Celathune Teguh sinambi mesam-mesem delengi
lintang-lintang.
***
Jam
beker muni seru, swarane ngebaki kamar. Teguh nyaut jam kang ana ing meja sisih
dipane, kanthi mripat isih riyip-riyip delengi jam. Teguh tangi jenggirat nalika
ngerti yen wis jam 06.15 banjur adhus bebek, salin cepet-cepet, langsung lumayu
metu. Nalika lewat meja makan, dheweke sungkem marang wong tuane lan kang mase.
“Bu,
kula sekolah rumiyin inggih.” Celathune nalika sungkem marang ibune kanthi
grusa-grusu.
Ibune
ngendika, “Le, mbok sarapan dhisik!”
“Boten,
Bu. Sampun telat niki.” Semaure Teguh sinambi ngombe sagelas susu kanthi,
“Ah... Kesah sekolah rumiyin. Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam.”
Sumaure wong tua lan kang mase bebarengan.
Teguh
lumayu pinuju halte bus kang ana ing prapatan kulon omahe. Dheweke nyegat bus
sinambi niliki jam tangan. Saka kadohan katon bus nyedhak ing halte. Sanajan
wis kebak penumpang, nanging Teguh nekat melbu bus nalika wis mandheg ing
halte. Bus lumaku miyak motor-motor kang uga lagi lumaku ing dalanan. Teguh
ingak-inguk ngarep bus. Saka jero bus, sekolahe wis rada katon. Kanthi
ancang-ancang mudun, Teguh bengok, “SMA Perwira, Pak!” Sanalika bus mandheg.
Tegu mudun saka bus. Lumayu sabantere nalika ngerti yen gerbange arep ditutup.
Atine lega banget bareng bisa melbu gerbang, kamangka kurang sithik gerbange
ditutup. Ora suwe olehe leren, dheweke lumayu maneh menyang kelase. Kelase
katon sepi swara, iku sasmitane Bu Ike, guru basa jawa, wis ana ing jero. Teguh
rada ayem amarga Bu Ike guru sing ora galak nanging dheweke tetep ora penak
atine marang Bu Ike. Alon-alon Teguh buka lawang kelase, sirahe nginguk menjero
kanca-kanca lan Bu Ike delengi dheweke. Teguh mesemi Bu Ike, “Nuwun sewu, abau.
Kula telat.”
“Ya,
wis ndang cepet lungguh, Mas!” Dhawuhe Bu Ike.
“Matur
nuwun, Bu” Teguh nuju palungguhane sing jejeran kari Kinanthi. Mripate pinuju
ing bocah wadon kang lungguh ana ing ngarep palungguhane. Bocah wadon iku bocah
wadon kang kala wingi ditabrak Teguh. Atine dedeg pyar nalika ngerti yen bocah
wdon sing lungguh ing ngarepe iku bocah wadon kang gawe Teguh kesengsem.
“Guh,
kowe ngerti? Bocah ngare iku sing mbok tabrak wingi. Bocahe murid anyar. Jenenge
Dewi.” Celathune Kinanthi.
Teguh
mung meneng ngrungoke celathune Kinanthi, nanging sejatine atine Teguh bungah
banget. Sanalika teguh mikir, “Wah, yen ngene angen-angenku duwe pacar Dewi
bisa kalakon.” Batine Teguh mesam-mesem.
“Mas
Teguh, kenapa mesam-mesem? Kesambet po?” ngendikane Bu Ike, kanca-kancane padha
guyu, “Wis, aja padha ribut, Cah. Ike arep menehi tugas kelompok. Tugase gawe
pacelathon nganggo basa krama kang katindhakake dening wong loro. Saiki ayo paga
itungan siji nganti limalas sateruse. Em, saka kowe, Mas.” Sambunge Bu Ike kanthi
ngecungke drijine pinuju muride kang lungguh ing cedhak lawang. Murid-murid
padha manut itungan siji nganti limalas. Itungan wis pungkas. Kabeh murid wis
padha oleh pasangane dhewe-dhewe. Teguh kaget nalika ngerti yen pasangane iku
Dewi. Kaget nanging bungah mesthine.
“Guh,
awake dhewe ora sakelompok.” Tembunge Kinanthi.
“Iyo,
pancen. Lha kowe kelompoke sapa?” pitakone Teguh.
“Aku
kelompokan karo Siwi, kowe?” Kinanthi balik takon.
“Aku
karo Dewi.” Jawabe cendheg.
“Hahaha...
Laik kowe. Wingi kowe bar nabrak Dewi, saiki malah kelompokan.” Celathune
Kinanthi.
“Ah,
ora wedi aku.”
“Alah,
gaya. Yawis, aku arep nemoni Siwi dhisik.” Kinanthi lumaku menyang papan
palungguhane Siwi ninggalke Teguh dhewekan.
Teguh
maju mundur, bingung kepiye carane ngomong karo Dewi. Dheweke isih ora kepenak
marang Dewi gara-gara perkara wingi.
“Teguh.”
Krungu swara kalem saka buri awake Teguh. Swara kalem kang gawe tentreming
atine Teguh iku swarane Dewi. Teguh kanthi alon-alon malik awake madep buri.
Delengi pasuryan manis ing ngarepe, teguh dadi kaku. Dheweke mung meneng ora
sumaur apa-apa.
“Kowe
Teguh ta?” Tembunge Dewi maneh. Teguh mung manthuk-manthuk.
“O
yawis. Awake dhwe kan sakelompok. Lha mending garape mulai sesuk ning omahku
ya. Tak enteni jam 09.00” Celathune Dewi
kalem.
Sepisan
maneh teguh mung manthuk-manthuk. Dewi lumaku maju lewati Teguh. Teguh delengi
awake Dewi saka buri nagnti lakune Dewi wis ora katon maneh. Atine rumangsa
gela. Lambene cep klakep ora bisa sumaur apa-apa nalika dijak omong Dewi. Teguh
rumangsa kaya wong goblog.
***
Ora
kaya adate, dina minggu Teguh tangi gasik banget. Nanging pancen ora aneh,
amarga dheweke ora bisa turu mikirke kerja kelompok bareng Dewi, bocah wadon kang
gawe Teguh kesengsem, ning omahe. Tangi turu Teguh langsung adhus lan
siap-siap. Isih tapihan anduk, Teguh bukak lemarine, milih-milih klambi. Bola
boli Teguh nganggo klambi, nanging bola bali uga nyopot klambi amarga dheweke
kurang PD karo klambine. Pungkasane Teguh molih kaos putih lan katok jeans
ireng. Sadurunge mangkat dheweke nganggo wewangian. Teguh metu saka kamar,
ibuke lewat ing ngarepe banjur aruh-aruh,
“Hem,
ambune. Arum tenan iki.” Celathune ibu sinambi ambegan suwi, “Anak lanang arep
menyang ngendi t? Minggu-minggu tangine gasik, wis wangi sisan.” Sambunge.
“Ibu,
ampun diece ta. Kula badhe kerja kelompok kok.” Wangsulane Teguh.
“Kerja
kelompok kok wangi banget?” Celathune ibu kanthi ngece.
“Saestu
bu.”,”nggih sampun, kula budhal rumiyin inggih.” Tembunge Teguh sinambi
sungkem.
“Ya,
Le. Ati-ati.”
Teguh
metu saka omahe, lumaku menyang halte. Dheweke arep numpak bus, amarga omahe
Dewi rada adhoh. Durung adhoh Teguh lumaku, ana swara nyeluk Jenenge,
“Teguh...”
Teguh
noleh buri, kadelok Kinanthi kang lagi ngontel sepedha nyedaki dheweke.
“Kowe
arep menyang ngendi, Guh?” Pitakone Kinanthi ngos-ngosan amarga bubar pit-pitan,
“ Dengaren minggu isuk ngene iki wis guanteng?hahaha.” Sambunge sinambi ngakak.
“Halah,
malah ngece? Aku meh garap tugas kelompok neng omahe Dewi.” Semaure Teguh.
“O,
pantes.” Celathune Kinanthi mesam-mesem.
“Lho
ta. Isih ngece wae. Wis ah, aku meh mangkat. Yen neng kene terus mengko mundhak
telat.” Sumaure, “Aku mangkat dhisik.” Sambunge Teguh sinambi ngepuk pundhake
Kinanthi.
“Ya,
ati-ati. Eh, mengko yen wis bar olehmu garap tugas dolan neng omahku ya.”
Tembunge Kinanthi.
Teguh
lanjut lumaku menyang halte. Durung tekan halte, wis ana bus kang wis mandheg
banjur Teguh lumayu supaya bisa numpak bus iku. Ing dalan, Teguh terus mikirke
cara kanggo guneman karo Dewi amarga dheweke ora gelem kedadean ing kelas wingi
kalakon maneh.
Teguh
ngadeg ing ngarepe sawijining omah. Dheweke delengi nomer omah lan alamat ing
kertas cilik kang wingi wis diwenehi Dewi. Sabubare mantep, dheweke mejet bell
kang ana ing ngarep lawang. Suwi, ora ana sing bukakna lawang. Teguh mejet bell
maneh. Atine deg-degan. Ora suwi, lawang omah kabuka dening wong. Dewi. Mripate
Teguh mentholo delengi Dewi kang nganggo rok lan rambute dijepeti kupu-kupu
cilik katon manis banget.
“Teguh.
Ayo melbu.” Guneme Dewi. Teguh ngetutke Dewi tekan ruang tamu.
“Lungguh
dhisik, Guh. Dak gaweke ngombe.”
“Eh,
Dewi.” Lagi lumaku rong jangkah, Dewi diceluk Teguh. Dewi noleh buri sinambi
delengi Teguh.
“Dewi,
aku arep jaluk ngapura ngenani kedadean ing mall kae. Kowe dak tabrak lan
klambimu kena es krimku. Uga kedadean wingi nalika ing kelas, kowe ngajak omong
aku nanging ora tak gagas. Aku mung manthuk-manthuk.” Celathune Teguh sinambi
delengi mripate Dewi. Dewi mesem.
“Ora
apa-apa, Guh. Kedadean sing wingi-wingi wis dak lalekake, tur aku dudu wong
sing senenge dendam.” Semaure Dewi mesem sinambi nyekel pundhake Teguh. Teguh
dadi lega atine, banjur kalorone mesam-mesem.
“Eh,
nganti lali. Mengko dhisik ya, dak gaweke ngombe.” Celathune Dewi sinambi guyu-guyu.
Kahanan
nalika garap tugas dadi anget lan raket banget. Guyonan-guyonan ora pernah
ilang saka kalorone. Wayah awan, Teguh lan Dewi mangan bareng karo masakan kang
wis dimasak bareng. Masak-masak ing dapur uga ora ucul saka guyonan. Isuk ganti
awan, awan ganti sore, sore ganti bengi. Ora ngira wektu iku cepet banget. Jam
pitu bengi Teguh pamit mulih, “Dewi, aku mulih dhisik ya.”
“Iya,
ati-ati ya.” Saure Kiananthi.
“Ngapurane
ya. Aku dolan neng kene ora ngerti wayah. Dolane nganti bengi.”
“Ora
apa-apa, Teguh. Aku seneng didolani kowe kok.” Krungu Dewi ngomong ngono, Teguh
langsung mesam-mesem. Nanging Dewi malah kisinan banjur dingkluk.
“Matur
nuwun, aku mulih dhisik.” Celathune Teguh, Dewi mung dingkluk meneng isih
kisinan. Teguh lumaku metu saka pager omahe Dewi.
“Teguh.”
Dewi nyeluk Teguh. Teguh noleh.
“Ati-ati
neng dalan ya.” Celathune Dewi sinambi mesem, banjur melbu omah.
Atine
Teguh banget-banget olehe deg-deg pyar. Rasane kaya lagi mabur pinuju lagit
kang dhuwur. Dheweke tresna marang Dewi.
***
Wayah
isuk. Teguh mangkat sekolah luwig gasik. Dheweke rumangsa luwih semangat
sekolah. Bener, kabek iku gara-gara Dewi kang nengsemake atine Teguh. Nalika
dheweke mangkat, ing kelas isih sepi. Durung ana murid sing wis mangkat. Dheweke
lungguh ing kursine lan deloki ngarep. Kelingan esemane Dewi kang nengsemake
atine. Kelingan kaya ngono Teguh mesam-mesem dhewe. Kanca sakelase wis rada
akeh kang mangkat. Kinanthi uga wis mangkat. Nanging praupane iki beda karo
biasane. Dina iki Kinanthi hawane mrengut tur ora semangat. Ngerti kaya
kahanane Kinanthi, Teguh nyelathu,
“Kowe
kenapa, Kin? Lara apa piye? Kok pucet banget?”
“Ora
kenapa-kenapa.” Sumaure sengak.
“Temenan?”
Takone Teguh, Kinanthi mung manthuk-manthuk, “Eh, Kin. Kowe ngerti? Wingi ki
aku neng omahe Dewi nganti bengi. Wah, aku jane y ora kepenak karo Dewi lan
wong tuane, nanging piye meneh? Wis kebacut.” Sambunge.
“O.”
Jawabe Kinanthi. Teguh bingung ngrungoke jawabane Kinanthi kang cendheg banget.
“Kin,
kowe nesu karo aku?” Pitakone Teguh.
“Pikir
dhewe!” sumaure Kinanthi.
Teguh
ambegan dhawa, “Ayo ta, Kin. Ngomong wae. Luputku neng ndi?”
“Kowe
ora luput, aku sing luput ngongkon kowe mampir neng omahku yen tugas kelompokmu
wis bar. Kamangka kowe lagi seneng karo Dewi.” Celathune Kinanthi.
“O
iya. Aku lali, Kin. Aku jaluk ngapurane, Kin.” Tembunge Teguh melas.
Kinanthi
meneng, mrengut wae. Teguh ngrayu-ngrayu Kinanthi,
“Kin,
aku jaluk ngapurane ta. Jare kanca raket? Kanca raket ora?” Celathune sinambi
jawil-jawil janggute Kinanthi. Saya suwi Kinanthi gelem guyu,
“Hish,
kowe ki lho. Nggilani banget. Risi ngerti.” Celathune Kinanthi.
“Nah,
ngono ta. Guyu, aja mrengut wae. Mengko mundhak cepet tua.” Semaure Kinanthi.
“Lha
kowe gawe mangkel aku og. Eh, mengko neng perpus yo.” Pangajake Kinanthi.
“Oke.”
Semaure Teguh sinambi mamerke jempole. Kalorone guyon-guyon maneh.
Ora
suwi Dewi melbu kelas. Teguh langsung delengi, Dewi delengi Teguh uga banjur
mesem. Deleng kaya ngono, Teguh langsung salah tingkah mesam-mesem.
“Teguh,
Kinanthi.” Dewi aruh-aruh.
“Kinanthi.”
Teguh bales aruh-aruh. Kinanthi mung mesemi Dewi.
Dewi
lungguh ing palungguhane. Teguh delengi Dewi saka buri. Ing palungguhane, Dewi
nyisiri rambute kang dhawa, ireng, lan lurus iku. Mripate Teguh ora ucul saka rambute
Dewi. Teguh mandheg delengi rambute Dewi nalika Kinanthi nyelathu, “Aku arep
neng toilet.” Teguh mung manthuk-manthuk. Kinanthi lumaku metu saka kelas. Dewi
malik awake madep Teguh,
“Teguh,
wingi tekan omah jam pira?” Pitakone Dewi.
“Jam
setengah sanga.” Sumaure Teguh
“Lha
kok bengi banget ta, Guh?”
“Iya,
soale nyegat buse sing suwi. Ora apa-apa, sing penting wis bali omah tur saiki
aku uga bisamangkat sekolah maneh, hehehe.” Guneme Teguh. Dewi mesem.
“Guh,
mengko menyang perpus yo.” Pangajake Dewi.
“Ayo.”
Semaure Teguh bungah. Bubar ngono, kalorone geguyonan. Kinanthi wis mulih saka
toilet. Lakune Kinanthi bebarengan karo lakune Bu Ambar kang uga melbu ing
kelas. Sanalika murid-murid langsung anteng banjur piwulangan diwiwiti.
Tabuh
setengah sepuluh bell dhawa muni, tandhane wayah ngaso kanggo bocah-bocah.
Murid-murid pada metu kelas menyang kantin, lapangan, perpus, taman lsp, kalebu
Teguh lan Kinanthi. Nanging sadurunge metu saka kelas Teguh nyelathu,
“Kin,
Dewi uga arep melu ing perpus.”
Kinanthi
meneng lan delengi Teguh, nanging ora suwi semaur, “O yawis ta ora apa-apa. Aku
ora sida menyang perpus kok.” Kinanthi mesem kapeksa.
“Lho?
Kenapa,Kin?” pitakone Teguh.
“Aku
mau ki dikon ngadhep Bu Mimin.”
“Lha
ana apa?”
“Aku
dhewe durung ngerti.” Sumaure Kinanthi, “Ngene wae, mengko yen wis bubar
ngadhep Bu Mimin aku nyusul neng perpus.” Sambunge.
“O
ngono. Yawis, aku tak menyang perpus karo Dewi.”
“Iya.”
Sumaure Kinanthi lirih.
Teguh
marani Dewi ing palungguhane,” Ayo, Wi. Menyang perpus saiki.
“Ayo.”
Dewi lumaku karo Teguh. Nalika tekan lawang kelas, Dewi mesemi Kinanthi.
Kinanthi bales mesem, kapeksa.
***
Teguh
lan Kinanthi lumaku bebarengan ing lorong-lorong rak buku ing perpus. Kalorone
wis nemokake buku kang kepingin diwaca banjur lumaku pinuju kursi kan ana ing
tengah perpus. Teguh narik kursi siji supaya Dewi bisa lungguh.
“Matur
nuwun.” Ujare Dewi sinambi mesem. Teguh mesem uga.
“Teguh.”
Celathune Dewi.
“Apa,
Wi?”
“Kowe
karo Kinanthi kancanan raket?” Pitakone Dewi.
“Wo,
ya reket banget. Wiwit cilik wis kacanan, omahe ya cedhak karo omahku. Pokoke,
susah lan seneng kuwi mesthi dilakoni bareng-bareng.” Ujare Teguh kanthi
semangat.
“O
ngono.” Guneme Dewi, “Em, yen miturut pangarsaku ta, Guh. Kinanthi iku seneng
marang kowe.” Sambunge.
“Hahahaha,
ora mungkin. Kinanthi ki kanca raketku. Raket banget malah wis kaya sedulur.
Kowe ki lho, ana-ana wae.” Sumaure Teguh ngakak.
Wiwit
saka iku, Teguh lan Dewi tambah raket banget. Saben bali sekolah mesthi
mlaku-mlaku dhisik. Garap tugas uga dilakoni bareng. Teguh wis jarang bali
bareng Kinanthi. Nganti nalika dina minggu Teguh lan Dewi mlaku-mlaku ing
sawijining taman, teguh medarke apa sing dirasake dhweke marang Dewi.
“Dewi.”
“Ana
apa, Guh? Ujare Dewi.
“Aku
arep ngomong.”
“Ya,
ngomong wae.” Celathune Dewi kalem.
“Kapisan
aku ketemu kowe, nalika aku nabrak kowe. Atiku rasane deg-deg pyar bisa ketemu
dewi saka kayangan kaya sliramu. Aku kesengsem marang sliramu awit nalika iku.
Apa maneh bisa sakelas karo kowe, asring garap tugas bareng lan balik bareng
saya nuwuhake rasa tresnaku marang sliramu, Dewi.” Teguh meneng sadhela, “Aku
tresna marang sliramu. Tampaa atiku iki Dewi.” Sambunge.
Dewi
dingkluk lan meneng rada suwi. Atine Teguh deg-deg pyar delengi Dewi kaya
mangkono. Dewi delengi mripate Teguh. Mesem.
“Iya,
Guh. Aku nampa atimu.” Semaure Dewi lirih. Teguh bungah banget. Rasane teguh
wis bisa dadi kampiun.
***
Teguh
ngeterke mulih pacar anyare tekan omah. Teguh isih neng ngarep omahe Dewi
ngenteni Dewi ngantu melbu omah, kaya-kaya mesthikake pacare melbu jero omah
kanthi slamet. Teguh mulih nalika Dewi wis melbu ing omah. Ing dalan pinuju
omah, teguh mesam-mesem bungah. Saka kadhohan teguh deleng Kinanthi ngonthel
sepedhane, banjur dheweke mlayoni Kinanthi.
“Kinanthi.”
Celuke Teguh.
Kinanthi
mandheg ngonthel sepedhane, “Ana apa, Guh?”
Teguh
ngos-ngosan, “Kinanthi... Aku duwe kabar becik.”
“He?
Apa, Guh? Ayo ndang crita.”
“Aku...”
Teguh ngos-ngosan maneh.
“Ayo
ta, Guh. Apa? Kowe apa?” Pitakone Kinanthi, dheweke penasaran banget.
“Aku
wis pacaran karo Dewi.” Teguh bungah. Sanalika ana bledheg lan udan deres.
Atine Kinanthi uga rasane kaya kena bledheg. Lara banget. Perih. Eluh metu saka
mripate Kinanthi, nanging ora katon amarga ketutupan banyu udan kang deres
banget.
“Apik
kuwi, Guh. Kowe lan Dewi memang cocog.”
“Kowe
ya mikir kaya mangkono?” Teguh bungah, “Kowe memang kanca raketku.” Sambunge
Teguh.
Kinanthi
manthuk-manthuk lan guyu kapeksa, “Guh, aku arep balik. Aku dikongkon bali
cepet karo ibuku.”
“Heeh,
cepet ndang bali. Mundhak digoleki ibumu.”
Kinanthi
bali nrajang udan deres. Eluhe ora mandheg-mandheg olehe mili. Tekan kamare
Kinanthi jupuk gitar ing sisih meja sinanune. Gitar iku gitar kang dipingini
Teguh nalika ing mall biyen. Dheweke ngelus-elus gitar iku, elehe saya deres.
***
Gunging
surya durung katon saka wetan. Pitik durung nembang saut-sautan. Nanging,
Kinanthi wis ngonthel sepedhane menyang omahe Dewi sinambi gendong gitar ing
pundhake. Kanthi maju-mundur dheweke mejet bell, amarga dheweke ngerti yen
mertamu wayah ngene ora pantes. Lawang kabuka.
“Kinanthi?”
Celathune Dewi kanthi kaget deleng Kinanthi wis ana ing ngarep omahe.
“Dewi,
aku jaluk tulung...” Guneme Kinanthi.
***
Teguh
mangkat sekolah kanthi bungah. Ora gagas ing bus suk-sukan karo penumpang
liyane, dheweke tetep bungah. Dheweke kepingin cepet-cepet ketemu pacare, Dewi.
Img
kelas Dewi wis lungguh ing papan palungguhane. Teguh marani Dewi banjur lungguh
ing sisihe.
“Sayang.”
Celathune Teguh. Dewi mesemi Teguh, nanging ana kasusahan ing mripate Dewi.
“Lho?
Kowe kenapa? Kok sajake sedhih ngono?” Pitakone Teguh. Dewi mung meneng sinambi
delengi mripate Teguh. Dheweke jupuk gitar banjur dewenehke marang Teguh.
“Gitar?”
Pitakone Teguh.
“Bukaa!”
Prentahe Dewi. Teguh buka gitar iku, banjur kaget nalika deleng gitar iku.
Gitar arupa ireng doff kang biyen dipingini Teguh.
“Kuwi
gitar saka Kinanthi.” Celathune Dewi. Teguh isih bingung.
“Subuh-subuh
mau, Kinanthi mareng omahku. Nitipke gitar iki kanggo diwenehke kowe.” Sambunge
Dewi.
“Lha
kenapa kudu dititipke?” Pitakone Teguh bingung.
“Amarga
Kinanthi wis ora neng kene. Dheweke wis pindhah ing Lombok.”
“Ora
mungkin. Yen pindhah, mesthine Kinanthi ngomong karo aku.” Celathune
Teguh. Eluhe Dewi brebes mili sinambi
manthuk-manthuk.
“Kinanthi
wis mangkat neng Lombok isuk mau.” Guneme Dewi.
Teguh
ngadheg saka papan palungguhane. Banjur lumayu metu menyang omahe Kinanthi.
Lumayu sabanter-bantere.
Dideleng
omahe Kinanthi. Pancen wis sepi ora ana wong babar blas. dheweke lungguh lemes.
Nangis lan ngeling-eling nalika isih bareng-bareng karo Kinanthi.
***
Bapakne
Andi delengi gitar tua. Gitar kang biyene saka Kinanthi, kanca rakete kang
sejati seneng marang dheweke.
“Le...” Celathune
bapakne Andi, “Kowe tak kandhani ya. Kowe aja pisan-pisan lali marang wong sing
ana ing cedhakmu. Amarga yen wong sing ana ing cedhakmu iku nglungani kowe. Wis
mesthi atimu bakal lara.” Sambunge bapakne.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar