Tingkat Penarasian Novel Tunggak Tunggak Jati
1) Karmodo Karsini
·
Karmodo sebagai Narator.
Karsini sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 23, sekuen
ke 7.
Karmodo : “Senajan kaya ngono, kowe ora kena banjur
nyempelak karepe wong tuwa. Luwih-luwih maneni bapak. Ora pantes. Nek krungu
uwong apa ora isin – bocah wadon kok nrunyam wong tuwa”
Karsini :
(diam saja)
·
Karmodo sebagai Narasi
Karsini sebagai Narator
~
Kutipan terdapat pada halaman 23, sekuen
ke 7.
Karmodo : “Aku karo Ing Liem semayan arep ngajak kowe
dolan menyang Lampon. Kowe gelem apa ora. Nek gelem, tata-tatan.”
Karsini : “Ngajak mBak Lien Nio menapa mboten?”
Karmodo : “Janji kowe saguh nusul menyang Kaliwirang,
kena-kena wae.”
Karsini : “Wegah, mundhak ketemu babi meteng kae.
Kowe wae Liem, ben bisa ketemu ketemu karo Siau Yung.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen
ke 7.
Karmodo :
“O.. Bo Ing Liem ta? Kancaku sekolah biyen ta?”
Karsini :
“He-eh”
Karmodo : “Dhek isih sekolah rumangsaku bocah kae apik
atine. Marang kanca-kancane semanak, ora tau mbedak-mbedakake. Mosok saiki...”
Karsini : “mBoten ding, Mas,” Karsini nyelani,
“Ngantos sapriki piyambake inggih tetep ngaosi dhateng tiyang Jawi. Malah sering ngudaraos ‘Lha iya
aku dhewe ki ya nggumun marang bangsaku. Ing atase ing kenen iki biyen bebasane
wong nunut golek pangan, ning sikepe kok ana sing isih kumingsun.’ Ngaten kok
Mas.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen
19.
Karsini :
“Mas, kuwi lho Yu Lien.”
2) Karmodo Pak
Karsonto
·
Karmodo sebagai Narator.
Pak Karsonto sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 21-22,
sekuen 7.
Karmodo :
Nanging nek bapak lan embok ora kabotan aku kawin karo Lien Nio. Nek kanotan
aku iya ora ngotot kok...”
·
Karmodo sebagai Narasi.
Pak Karsonto sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen
7.
Karmodo : “Ing Liem sapa ta, Pak?”
Pak
Karsonto :”Lah, kae neh, anake Bah Ing
Hwat sing noko ning ngarep pasar Kalidawir kae.”
3) Karmodo Bu
Karsonto
·
Karmodo sebagai Narator.
Bu Karsonto sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 21-22,
sekuen 7.
Karmodo :
Nanging nek bapak lan embok ora kabotan aku kawin karo Lien Nio. Nek kanotan
aku iya ora ngotot kok...”
·
Karmodo sebagai Narasi.
Bu Karsonto sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen
7.
Pak Karsonto : Hiya, aku ya percaya yen Ing Liem duwe panemu kaya ngono.
Awit bocah kae senajan anak Cina wangkang, nanging ngrumangsani yen bumi iki
tanah klairane. Ateges dheweke uga rumangsa dadi bangsa Indonesia.”
4) Karmodo Lien
Nio
·
Karmodo sebagai Narator.
Lien Nio sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen
19.
Karmodo : “Lien, seprana seprene mripatku kaya-kaya
wuta. Mula yen kowe ora bisa ngapure keluputanku, pancen wis mungguh banget.
Nanging kayadene salumrahe manungsa, aku jaluk pangapuramu.”
Lien Nio : “Aja kegedhen rumangsan, Mas Kar. Kebeh sing
daktindakake iki ora liya jalaran saka rasa tresna lan setyaku.”
·
Karmodo sebagai Narasi.
Lien Nio sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen
19.
Lien Nio :
“ Sugeng Mas Kar.”
Karmodo :
“Lien...”
~
Kutipan terdapat pada halaman 99, sekuen
19.
Karmodo :
“Lien, apa isih ana pangapuramu?”
Lien Nio :
“ Mung wae aku duwe panyuwun, Mas Kar.”
Karmodo :
“Kepriye?”
Lien Nio : “Panjenengan aja nganti kaya para penggedhe
ing kene sing imane padha ora kuwat. Awit nyatane kaya sing wis dakalami dhewe,
bangsane Papah anggone bisa nguwasani urat lan ototing ekonomi, jalaran dening
pupur. Mas Kar daksuwun supaya tansah nyambut gawe kanthi dalan kang
padhang...”
5) Karmodo Pak
Kaudin
·
Karmodo sebagai Narator.
Pak Kaudin sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 8, sekuen
1.
Pak Kaudin : “Sugen siang, Pak.”
Karmodo : “Sugeng.”
Pak Kaudin : “Kula Kaudin, Pak”
Karmodo : “Panjenengan kepala mandhor ngriki?”
Pak
Kaudin : “Inggih. Eh, bapak rawuh ngriki
teka mboten paring kabar saderengipun.”
Karmodo : “Namung nglangke kemawon.”
Pak
Kaudin : “Menapa bapak badhe paring
duka...?”
Karmodo : “Ah, sampun nggalih ribet. Saestu, kula
namung nglangke. Kaleresan cuti, dhasar tiyang sepuh kula wonten dhusun celak
ngriki.”
Pak
Kaudin : “Wonten dhusun pundhi?”
Karmodo : “Kalidawir. Pak Kaudin kok pirsa kula
wonten ngriki? Menapa wonten mandhor panjenengan ingkang lapur?”
Pak
Kaudin : “Inggih.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 8, sekuen
1.
Karmodo : “Limrahipun ingkang babat lan ingkang
nanem tiyang warga dhines, utawi ingkang sagah nyambutdamel kangge perusahaan,
rak inggih ta?”
Karmodo : “Minangka pangarem-arem, tiyang ingkang
purun babat lan tanem dipunsukani hak tanem menapa kemawon sanjawine taneman
baken. Inggih?”
Pak
Kaudin : “Inggih, Pak. Nanging kangge
kesejahteraan karyawan, lajen dipunwontenaken eh...semacam kebijaksanaan.”
Karmodo : “Salawase kebijaksanaan kuwi mesthi
nyimpang saka kedhinesan. Nek tanah iki disewake, apa bisa dipesthekake
tanduran baku bisa apik asile?”
Karmodo : “Bab menika rehne sampun dados salah
kaprah, saenipun kula ethok-ethok mboten sumerep kemawon, Pak Kaudin. Nanging
wonten saperkawis sing kula babarpisan mboten sarju. Sampeyan ngertos, sabab
menapa sing sami babat petak wolung dasa sanga niki sami-sami sampun kula
balekaken. Ngertos?”
·
Karmodo sebagai Narasi.
Pak Kaudin sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 8-9,
sekuen 1.
Karmodo : “Gubug niki klebet petak pinten?”
Pak Kaudi : “Wolung dasa sanga.”
Karmodo : “Kangge mangsa tanem?”
Pak Kaudin : “Pitung dasa gangsal.”
Karmodo : “Jenis taneman?”
Pak Kaudin : “Pinis.”
Karmodo : “Sampun wonten prentah mbikak nggih?”
Pak Kaudin : “Sampun.”
6) Karmodo Suwaji
·
Karmodo sebagai Narator.
Suwaji sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 83-84,
sekuen 15.
Karmodo : “Sowan kula ngriki perlu badhe madosi Lien
Nio. Kaleresan kula kepingin tepang panjenengan.”
Karmodo : “Sarehne kula dereng sumerep ngriki, Pak
Mujahit paring pitulungan sarana ngutus Salmah, kepenakipun menika, ngeteraken
kula.”
Suwaji : “Yen Tan sepuh, nembe kemawon mengkreng.
Nanging yen Tan enem, taksih wonten ngriki. Wetah, mboten wonten ingkang ganggu
damel. Awit kula ngertos sanget riwayatipun kaluwarga Tan menika.”
Karmodo : “Pak Waji mpun nate dados lare enem.
Mesthenipun ngertos raosing manah kula.”
7) Karmodo Salmah
·
Karmodo sebagai Narasi.
Salmah sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 76, sekuen
14.
Karmodo : “Rebat cekap kemawon, Jeng. Sowan kula ngriki
badhe miteru panggenanipun Lien Nio. Nuwun sewu, keraya-raya anggen kula
madosi, awit kula rumaos kepotangan budi. Tiang sepuh kula nate ngenger dhateng
Tan Bian Biau. Saupami mboten wonten Lien Nio, tiyang sepuh kula tamtu
kaningaya nasibipun.”
Salmah : “Yen mboten lepat, piyambakipun keboyong
mantri Suwaji dhateng Songgon. Kala wingi piyambakipun panci mriki. Nanging
sarehne sedaya sanak saking ibunipun sampun mboten wonten ngriki, piyambakipun
lajeng mutusaken ndherek wonten kemantren Songgon.”
Salmah : “Saenipun dipunpadosi ngika kemawon,
Pak.”
Kaemodo : “Menapa mboten tebih?”
Salmah : “Kirang langkung tiga welas kilometer
saking ngriki.”
Salmah : “Yen panjenengan mboten kawratan, kula
sagah ngeteraken.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 85, sekuen
15.
Salmah :
“Menapa Lien Nio mangke dipunjak kondur samenika?”
Karmodo :
(manthuk)
Salmah :
“Lha terus mengko aku mulih karo sapa?”
Karmodo :
“Pak Suwaji mesthine gelem ngeterake.”
Salmah : “Mboten kemawon. Luwung kula mlampah.
Tinimbang mengke murugaken kirang sae.”
8) Karmodo Muslihatun
·
Karmodo sebagai Narasi.
Muslihatun sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 87, sekuen
15.
Muslihatun : “Nyuwun pangapunten, Pak, menika kala wau
salah tampi sakedhik. Kula kaliyan eh... mas Waji radi paben. Maklum Pak,
tiyang bebrayan panci eh... eh...sok...”
Muslihatun : “Kula dipun dukanana inggih sumangga,, Pak.
Sampun lumrah kula dipun dukani tiyang sepuh. Senajan panjenengan taksih mudha,
nanging kula anggep kadidene tiyang sepuh awit panjenengan pangagengipun Mas
Waji. Saestu kula gatrek kaliyan Mas Waji kala wau mboten prakawis Lien Nio,
nanging sajakipun Lien Niokagengen raos pangraos. Lajeng oncat saking griya
ngriki mboten mawi pamit dhumateng kula saha dhumateng Mas. Inggih saking
menika Mas Waji saha bapak kula lajeng rumaos bingung sanget. Nyuwun
pangapunten, dene Mas Waji nilar panjenengan tanpa matur rumiyin. Awit kuwatos
kadukan. Piyambakipun sakmenika saweg mbujeng Lien Nio. Mugi-mugi saged
pinanggih lan kersa dipunjak kondur ngriki malih.”
9) Karmodo Ing
Liem
·
Karmodo sebagai Narasi.
Ing Liem sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 87, sekuen
15.
Karmodo : “Piye Liem, wis kawin?”
Ing Liem : “Durung, Mas. Isih lagi arep golek.”
Karmodo : “Aku krungu jare oleh Siau Yung. Bener tah?”
Ing
Liem : “Gaaak. Wis putus kok. Malah dhek
mau isuk cincin tunangan dibalekke. Anu kok. Mas, aku isih panggah ngugemi
janjiku biyen. Kepengin melu ngowahi sikepe bangsaku sing melu nunut urip ing
bumi Indonesia kene.”
Karmodo : “ Kasil ora? Saoraorane ing kalangane
kaluwargamu dhewe – ngono ta janjimu biyen?”
Ing Liem : “Heeh meh kasil. Anu, bapakku mau
dakpancing rembug. Dheweke malah nesu bareng dakkandhani yen sesambunganku karo
Sini mung arep daenggo sir-siran tok.
10) Karmodo Tan
Bian Biau
·
Karmodo sebagai Narator.
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 71, sekuen
13.
Karmodo : “Aku kelingan marang kabecikanmu
marang wong tuwaku. Luwih-luwih marang adikku. Saupama ora kokdhidhik apik,
Karsini ora nganti dadi wanita diwasa kang pinter srawung.”
Karmodo : “Ngene wae Tan, senajan kowe Cina,
nanging aku menehi kalodhangan marang kowe. Awakmu daklilani mbukak alas ning
kana. Iki kabeh minangka piwalesku marang kowe naggonmu wis ndanani wong
tuwaku.”
Tan
Bian Biau : “Wa, wa, terima kasih. Pak Karmodo kalau ingin apa-apa, bilang saja
kepada Pak Mujahit. Pasti beres.”
·
Karmodo sebagai Narasi.
Tan Bian Biau sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 10, sekuen
1.
Karmodo : “Pirang hektar olehmu nyewa lemah
babadan?”
Tan Bian Biau : “ Sepuluh hektar.”
Karmodo : “ ana ing petak nem belas?”
Tan Bian Biau : “Ora, mung ana kene wae.”
Karmodo : “Nek ngono, babatan sing durung
koktanduri iki wae sing kok dhaku? Liyane, klebu tanduran kacang rong puluh
hektar lan lombok nem belas hektar, jawatanku sing duwe. O iya, lemah sing pat
belas hektar, sing kok tanduri kembang srengenge. Iya dadi dhuweke jawatanku?”
Tan
Bian Biau : “Wa, wa, abot. Ora ngono.
Saiki kowe kok melu ngurus, mangka anggonku nanduri lemah kuwi iya bebarengan
karo kancamu sing uga kuwasa. Kowe aja melu-melu.”
Karmodo : “O ngono ta?”
~
Kutipan terdapat pada halaman 74, sekuen
6.
Karmodo : “Tan, aku krungu jare Lien Nio
koktundhung?”
Tan
Bian Biau : “Wa, siapa bilang? Tidak. Dia sedang meninjau orangtuanya didesa. Eh,
kalau Pak Karmodo ingin bertemu, nanti saya panggil dia supaya kemari. Oiya,
dulu Pak Karmodo kenal baik kan?”
11) Karmodo Pak
Mujahit
·
Karmodo sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 70, sekuen
13.
Karmodo : “Prentah lisan dhateng sinten?”
Pak Mujahit : “Ku...kula.”
Karmodo : “Sampun leres?”
Pak Mujahit : (Diam)
Karmodo : “Nuwun sewu, Pak Hit. Panjenengan sampun
sepuh. Langkung sepuh saking kula. Mesthenipun pengalaman nyambut dhamel inggih
sampun kathah.”
Karmodo : “Nanging kenging menapa panjenengan
maringi conto dhateng tiyang enem kados kula bab ingkang lepat?”
Karmodo : “Ingkang tanggel jawab wilayah ngriki
menika sinten? Kula menapa Pak Asmat?”
Karmodo : “Panjenengan mesthi lajeng nggalih,
bilih kula wonten nngriki menika saweg cuti. Pramila serat kitir menika sampun
panjenengan anggep kiyat. Menapa panjenengan mboten pirsa bilih kula gadhah
serat ingkang langkung kiyat malih, tinimbang kagunganipun menika.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 74, sekuen
6.
Pak
Mujahit : “Menapa sampun cekap, Pak?”
Karmodo : “Inggih, namung menika. Kula suwun
prentah kula dipunlampahaken. Mekaten ugi wonten petak-petak sanesipun ingkang
kirang mungguh menggahipun panggarapipun. Prekawis kitir saking Pak Asma sampun
dados kawigatosan kula.”
12) Karmodo Kastam
·
Karmodo sebagai Narator.
Kastam sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 35, sekuen
10.
Karmodo : “Ana apa Pak Mujahit kok mruput temen ya?”
Kastam : “Kala wau Bian Biau ngriki. Sajakipun Pak
Mujahit angsal tugas saking Cinten niku. Hem...dhasar antheke...”
Karmodo : “Pak, ndika niku ngomong kok angger mangap
mawon? Sampeyan ngundhamana Pak Mujahit dados kethiplake Cina. Ning kula rak
mboten sumerep. Sareng sampeyan dhewe enggih malah dadi playangan. Sing
ngongkon Cina. Napa mboten sampeyan dhewe sing aran kethiplak?”
·
Karmodo sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 34, sekuen
10.
Karmodo :
“Enten napa Pak?”
Kastam :
“Wonten seratipun Nona Siau Yung dhateng panjenengan.”
Karmodo :
“Nyang aku?”
Kastam :
“Inggih.”
13) Karsini Pak
Karsonto
·
Karsini sebagai Narasi.
Pak Karsonto sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen
7.
Pak Karsonto : “Kang masmu saiki dadi wong pangkat sa-Jawa
Timur. Apa iya kowe arep dadi gundhike Cina. Pikiren ta. Aja mbregudhul karo
karepmu dhewe. Nek kang masmu nganti krungu, saiba dukane.”
14) Karsini Bu
Karsonto
·
Karsini sebagai Narator.
Bu Karsonto sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 22, sekuen
7.
Bu
Karsonto : “Rong taun kepungkur, sawise
kangmasmu cekel gawe, bapak lan embokmu iki dikon metu saka omahe Tan Bian
Biau. Kuwi kabeh betheke kang masmu netepi janjine. Aja nganti kaluwargane dadi
gedibale Cina. Lha kok kowe nekad arep dadi gundhik, coba?”
Karsini :
“Sing arep dadi gundhik sapa ta mbok? Aran gundhik kuwi rak yen aku dirabi
singkek sing sadurunge wis duwe anak bojo, mung diingoni thok tanpa diwenehi
hak kaya dene wong bebrayan lumrah. Balik Ing Liem kuwi niyate becik marang
aku. Malah dheweke saguh kawin nganggo cara agamaku. Coba?”
15) Karsini Lien
Nio
·
Karsini sebagai Narator.
Lien Nio sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 98, sekuen
19.
Karsini : “Mbakyukuuu . . . matur nuwun . . . matur
nuwuuun.”
16) Karsini Ing
Liem
·
Karsini sebagai Narator.
Ing Liem sebagai
Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 24, sekuen
8.
Karsini : “Wegah, mundhak ketemu babi meteng
kae. Kowe wae Liem, ben ketemu Siau Yung.”
Ing
Liem : “Aku iya wedi karo babi meteng
kok.”
17) Karsini Kastam
·
Karsini sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 34, sekuen
10.
Karsnini : “Kok enten margi ta Pak, nyukakaken serat?”
Kastam : “Nyuwun pangapunten, Ning. Kala wau kula
sowan, nanging lajeng dipun tundhung Pak Mujahit kapurih enggal-enggal kesah.
Kula mboten dipunparingi wekdal kangge nilar serat menika wonten ndalem.”
18) Lien Nio Suwaji
·
Lien Nio sebagai Narator.
Suwaji sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 58, sekuen
12.
Suwaji :
“Arep nyang ndi Lien?”
Lien Nio :
“Gelis terna aku!”
Suwaji :
“Lho, piye ta, kok njur dadi diktator ngene? Nyang ndi?”
Lien Nio :
“Parijatah.”
Suwaji :
“Nyang nggone sapa?”
Lien Nio :
“Wis ta, mengko wae dakkandani.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 58, sekuen
12.
Suwaji :
“Neng apa Lien? Jare njaluk diterake menyang Parijatah?”
Lien No : “Sik ta mandheg sik. Aku kepengin nyawang
pategalan sing bawara iki.”
Suwaji : “Ah awan-awan pa ra panas?”
Lien Nio : “Heeh, dak mlaku wae.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 61, sekuen
12.
Lien Nio : “Aku ora duwe pikiran kaya sing
kokkandhakake ngono iku. Lan aku percaya banget marang panjenengan. Nanging...”
Suwaji : “Wis ta terus terang wae, geneya?”
Lien Nio : “Aku kuwatir nek garwa panjenengan...sujana
marang aku. Ateges aku iki ditulung malah menthung, jenenge piye nek nganti
kaya ngono?”
·
Lien Nio sebagai Narasi.
Suwaji sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 59, sekuen
12.
Suwaji :
“Dalane angel Lien, nek liwat kene.”
Lien Nio :
(diam)
Suwaji : “Piye Lien, delengen. Ktretege mung
sakilan. Kreteg gantung gaweyane Astekbang Kaliwirang. Apa kowe wani liwat
kene?”
Lien Nio : “Janji karo kowe aku wani.”
Suwaji : “Nek singunen merema.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 59-60,
sekuen 12.
Suwaji : “ Edan pa? Rumangsamu Parijatah kuwi pa
cedhak? Saya yen metu kene, bihh... apa maneh yen metu Sragi, dakkadhani. Wis
ta, ayo dak terke. Ora ra, nek dak gawa minggat. Eh...sik ta Lien, apa kowe
durung tau weruh Parijatah?” “Geneya ta Lien? Oiya, aku ngerti, kowe mesthi
durung ngerti aku, rak iya ta? Bagus. Aku ngerti yen kowe kuwi sanajan anake
Bian Biau, nanging ibumu wong Jawa. Mesthine akeh nampa pitutur saka ibumu
swargi, rak iya ta. Luwih-luwih yen ngadhepi priya sing durung ditepungi. Aku
iya ngerti yen olehmu kesusu njaluk gonceng aku iki mau, mung betheke saka
jibege nalarmu. Awit mesthine kowe iki kepingin minggat saka omahe papahmu. rak
iya ta? Kira-kira wae, kowe iki mrina jalaran wong tuwamu senneng ngenyek
marang wong Jawa. Mangka ibumu kuwi wong Jawa. Nithik kowe banjur macak cara
Jawa, lan kowe ora seneng diundang Lien Nio. Awit kowe wis duwe jeneng Jawa
yaiku Tarlinah, rak iya ta? Neng Parijatah kowe mesthi arep menyang omahe
kulawarga saka ibumu, iya? Emane kowe wiwit cilik ora ditepungake marang
kulawarga ing Parijatah. Mulane senajan dohe Parijatah mnung selawe kilo,
nanging kowe durung ngerti penere. Jenengku Suwaji, Lien. Aku kenal becik karo
papahmu. Saliyane iku wiwit kowe sekolah lan wiwit kowe manggon saomah kambi
Pak Karmodo sing saiki dadi penggedheku, aku ngerti kabeh. Mulane aku iki mau
kaya-kaya pinter mbatang kahananmu. Pancen aku iki kesuwur wong elek, Lien.
Jejulukku akeh, mantri alas ngrabus, Suwaji gowok, bajul dharat, mantri alas
thukmis. Kuwi kabeh, juluk-juluk sing elek iku dialamtake marang aku. Nanging
percayaa, senajan aku iki kesuwur elekku, nanging aku ora bakal mentala ngrusak
anake tepunganku. Luwih-luwih banjur manusika awakmu, sing dak weruhi dhewe
wiwit isih sekolah kowe wis dadi duweke Pak Karmodo. Ayo Lien, dakterake, aja
Samar.
~
Kutipan terdapat pada halaman 61, sekuen
12.
Lien Nio : “Nek ana luputku aku nyuwun pangapura.”
Suwaji : “Ora Lien. Kowe ora salah.”
Lien Nio : “Geneya panjenengan ketare sedhih,
bareng...”
Suwaji : “Bareng aku koktakoni siji kuwi, Lien,
aku banjur kelingan nasibku.”
Lien Nio : “Nasib? Nasib sing piye?”
Suwaji : “Pancen wis rada suwe aku golek mitra
sinarawadi sing gelem ngrungokake panjeriting atiku, Lien. Cilakane, dene mitra
kaya ngono kuwi dak pilih saka kaum wanita. Jer mung wanita dhewe kira-kira
sing gelem mangerteni rasaning atiku iki.
19) Lien Nio Ing
Liem
·
Lien Nio sebagai Narasi.
Ing Liem sebagai
Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 97, sekuen
18.
Ing Liem :
“Pak Karmodo!”
Lien Nio :
“Geneya Liem? Ana apa Pak Karmodo?”
Ing Liem :
“Ana sajrone babaya!”
Lien Nio : “Lho, piye ta?”
Ing Liem : “Mas Karmodo didemonstrasi wong-wong. Kabeh
wong babatan arep nekani omahe Mas Kaermodo. Wong-wong kuwi padha arep njaluk
babatan sing dijabel.”
Lien Nio : “Mesthine Mas Kar iya arep masrahake tegalan
sing maune dijabel saka papah. Geneya wong-wong kuwi ndadak demonstrasi
barang?”
Ing Liem : “Iya kuwi sing marahi aku teka mrene. Ngene
lho, jarene nalika papahmu isih urip, wong-wong kuwi wis padha mbalekake dhuwit
marang papahmu. Laha saiki Mas Kar ditundhes supaya saliyane mbalekake tegal
iya mbayari wong-wong sing wis padha kelangan dhuwit marang papahmu.”
Lien Nio : “Hem.”
Ing Liem : “Sajake wong-wong sing padha kumpul ing
latare Pak Karsonto iku ora butuh luruh bebener. Nanging butuhe golek salah.
Nyatane bareng Mas Kar semaya sesuk kabeh bakal bakal diberesake, wong-wong iku
malah padha bengok-bengok – saiki! Saiki! Malah ana sing kawetu: - Yen ora
saiki, aluwung Karmodo enggal-enggal lunga saka Kalidawir! Ana maneh sing
mbengook: - Lagi dadi pemimpin nggurem wae wis semgkeyan, pemimpin gombal,
pemimpin gadhungan. Wis ta pokoke dina iki Mas Karmodo ana sajrone bebaya.
Dakkira ora ana sing bisa mitulungi kejaba sampeyan.”
·
Lien Nio sebagai Narator.
Ing Liem sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 97, sekuen
18.
Lien Nio : “Bareng kowe ndadak rembukan prekara iku,
Liem, aku malah wedi melu cawe-cawe urusane Mas Karmodo. Jalaran aku kuwatir
yen tumindhakku mengko dianggep nduwe pamrih, kepingin Mas Kar bali marang aku.
Ora Liem, aku emoh nek kowe nduwe karep kaya ngono sawise aku bisa nyapih
mberunge wong-wong babatan iku. Ngertia, kowe dhewe wong lanang. Wong lanang
kuwi bebas nemtokake apa wae. Mengokono uga nemtukake bakal tetimbangane. Apa
kokkira menawa Mas Kar ganti pasangan liya, aku banjur ngresula. O, ora babar
pisa Liem. Aja kaya ngono panganggepmu marang aku. Pancen mung aku ahli warise
papah lan mung papah sing bisa nguwasani atine wong-wong babatan. Sabab sasat
urat rosaning ekonomi ing Kalidawir sakubenge mung papah sing nyekel.”
Ing Liem : “Mulane sapa sing nulungi Mas Kar nek gak
sampeyan?”
Lien Nio : “ He-eh. Ayo rana.Ning pisan engkas
dakelingake. Aja nyenggol prekara sesambungnku karo Mas Karmodo. Aku luwih
seneng yen Mas Karmodo urip mulya bebarengan karo wanita pilihane. Tinimbang
urip karo aku kaiket ing budi kabecikan.”
20) Lien Nio Tan
Bian Biau
·
Lien Nio sebagai Narator.
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 13, sekuen
6.
Tan
Bian Biau : “Kowe saka Kalidawir?””Lien,
aku ora nesu. Aku malah seneng kowe saiki ketemu karo Karmodo. Aku saiki wis
mathuk kowe saiki pacaran karo Karmodo. Nanging aku iya njaluk tulung...”
Lien Nio : “Papah ora isin ta, kathik
ngrasani Karmodo barang.”
Tan
Bian Biau : “Eh, ora, saiki aku wis
ngrumangsani luput. Karmodo tetela bocah apik.”
Lien
Nio : “Kowe saiki
ngrumamngsani, Pak. Aku ngerti, jalaran dina iki papah bakal kelangan bandha.
Papan kanggo golek dhuwit diancam bebaya. Rak iya ta? Saupama wong sing
diadhepi papah wong Jawa sing isih kena disogoki dhuwit, papah mesthi isih
panggah ngedir-edirake dhuwit. Papah mesthi isih nganggep ina marang wong Jawa,
nganti papah lali yen mamah uga wong Jawa. Apa aku dudu turune wong Jawa?
Bareng aku biyen duwe sesambungan karo Mas Karmodo, koko papah sia-sia. Upama
ora dibelani mamah, mbok manawa aku wis koktundhung sepuluh taun kepungkur.
Huh!”
Tan
Bian Biau : “Lien Nio, kowe kudu bisa
nulungi wong tuwa. Wis, aja kakean gunem, yen kowe ora gelem nulungi wong tuwa
luwih becik minggata.”
Lien
Nio : “Pancen aku arep lunga
saka kene. Ora susah ditundhung!”
21) Lien Nio Lauri/Kastam
·
Lien Nio sebagai Narator.
Kastam/Lauri sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 98, sekuen
18.
Lien Nio : “Lauri, lan kowe Kastam! Padha eneng
apa wong-wong iki?”
Lauri/Kastam : “Yuk Lien.”
Lien
Nio : “Nek kowe kabeh ora bisa
mbubarake barisan iku, aku arep ngundang pilisi.”
Lauri/Kastam : “Tiyang-tiyang niki sami mbelani smapeyan,
Lien.”
Lien
Nio : “Pokoke aku ora trima yen
babatan duweke papah dienggo alesan ngrusak kawibawane uwong liya.”
Lauri/Kastam : “Nanging...”
Lien
Nio : “Bubarrrr! Nek ora bubar,aku
repot pulisi.”
22) Pak Kaudin Pak Mujahit
·
Pak Kaudin sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 92, sekuen
17.
Pak Kaudin : “Jumanan sing luwih bisa nguwasani wong-wong
babatan, Pak.”
23) Pak Kaudin Lauri
·
Pak Kaudin sebagai Narator.
Lauri sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 30-31,
sekuen 9.
Pak
Kaudin : “Kowe pancen mandhor sing njaluk
diajar. Kowe arep nglawan aku?”
Lauri : “Lepat kula napa, Pak?”
Pak
Kaudin : “Durung ngerti salahmu?
Pangkatmu apa, wani ngrampas kayune Paka Karmodo? Kowe karyawan sing durung
nampa beslit. Sawayah-wayah kowe bisa dicopot. Apa kowe kepengin dadi blandhong
maneh?”
Lauri : “Ku...kula mboten ngertos, Pak.”
Pak
Kaudin : “Endi bendhone kastan lan kanca
liyane?”
Lauri : “Dibeta...eh dibeta...Kemung.”
~
Kutipan terdapat pada halaman 30, sekuen
9.
Pak
Kaudin : “Balekna dhuwite, Ri. Kowe
pancen mandhor mata dhuwiten. Merga kowe, kantor wilayahku iki jenenge ajur.”
Lauri : “Pak, sanes kula sing ngedol..”
Pak
Kaudin : “Aja rewel. Aku saiki ngerti
pratikelmu. Pokoke wiwit sesuk kowe kudu bali dadi blandhong maneh.”
Lauri : “Paaakkk!”
24) Suwaji Muslihatun
·
Suwaji sebagai Narator.
Muslihatun sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 80-81,
sekuen 15.
Suwaji : “Nek kowe nekad arep nyang ngarepan
lan kandha marang Cina lemu kae, pencen kowe niyat ngejak bubrah-bubrahan kambi
kau.”
Muslihatun : “Bubran ya ben. Sapa sing kuwat bojone
nggawa mulih sundele.”
Suwaji : “Mus, pisan iki aku rembugan
salugune. Kenya sing dakgawa mrene iku kancaku. Calon garwane kepalaku. Sing
nyusul mrrene kuwi papahe.”
Muslihatun : “Mesthi Pak Karmodo sing dienggo pawudan:
Pak Mujahit ndhekem Salmah uaga apawadan Pak Karmodo. Lauri sing anake gemrayah,
yo menyang nggone gendhakane, iya apawadan dikongkon pemimpin. Saiki genti kowe
sing nggawa wong wadon.”
25) Suwaji Kastam
·
Suwaji sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 80-81,
sekuen 15.
Suwaji :
“Kang ndherek taken nggih?”
Kastam :
“Napa?”
Suwaji :
“Pundi nggih griyane Bu Kartinah rumiyin?”
Kastam : “Ngapunten, Mas. Kula sanes tiyang ngriki.
Niki wau kula nuweni sedherek kula enten niku.
Suwaji : “Kula niki taken estu. Perlune, mbok
menawi sampeyan kenging ditedhengi tulung nedahaken griyane sedhereke-sedhereke
Bu Kartinah. Ampun pringas-pringis ngoten.”
Kastam : “Aampun klentu tampi, Pak Mantri. Kula
mboten niyat sembranan. Asal kula gujengan niku, awit kula eram dene Pak Mantri
Suwaji teka kesupen kalih kula. Mangka jane kula rumaos mpun tepang.
Suwaji : “Smpeyan sinten, Kang?”
Kastam : “Kula kastam. Sing nate ngladosi nalika
sampeyan gadhah damel niak.”
Suwaji : “Lho kok kowe ana kenen?”
Kastam : “Nuwun sewu, Pak. Kala wau kula namung
sembranan. Salerese kula niki diutus Pak Mujahit dhateng panggenanipun Salmah.”
Suwaji : “Diutus apa?”
Kastam : “Nyukakaken wungkusan ageng.”
26) Jumanan Pak
Mujahit
·
Jumanan sebagai Narator.
Pak Mujahit sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 93, sekuen
17.
Jumanan : “Kula tiyang alit ngertos menapa,
Pak?”
Pak
Mujahit : “Aja ngono, Ju. Saiki malah
wong cilik sing gampang dirungu swarane dening pemerintah. Pokoke nek klakon
nggawa wong babatan genep sepuluh wae nyang latar omahe Karmodo lan njaluk
baline babatan sing dirampas, alamat wong kuwi bakal dikothak. Saora-orane
dipindhah saka wewengkon kene.”
Jumanan : “Nanging Pak Mujahit kedah emut
larangan pemerintah bab demonstrasi.”
Pak
Mujahit : “Apa kowe ora kepengin
enggal-enggal oleh pikukuh? Mangka langkahku, yen kowe wis resmi diangkat dadi
punggawa, bakal daksengkakake dadi mantri alas.”
Jumanan : “Sedaya tiyang gesang tamtu gadhah
gegayuhan inggil, Pak. Nanging kados menapa kemawon yen kula dipunparingi
jejibahan ingkang nglanggar aturanipun pemerintah...”
Pak
Mujahit : “Sing akon kowe langgar
larangan sapa?”
Jumanan : “Wosipun kula mboten ---------
demostrasi.”
27) Tan Bian Biau Siau Yung
·
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Siau Yung sebagai
Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 14, sekuen
17.
Tan Bian Biau : “Ana apa Yung?? Teka-teka kok nesu?”
Siau
Yung : “Cincin tunangan arep
dakbalekake. Pokoke aku wis ora sudi karo Liem.”
·
Tan Bian Biau sebagai Narator.
Siau Yung sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 15, sekuen
6.
Tan
Bian Biau : “Papah uga ora senneg karo
Ing Liem.” “Ngene Yung, papah duwe pagaweyan. Tulungana ta...”
Siau
Yung : “Pagaweyan apa? Ngurus
tanduran kacang?”
Tan
Bian Biau : “Mengko rak kowe ngerti
dhewe.”
28) Tan Bian Biau Pak Mujahit
·
Tan Bian Biau sebagai Narator.
Pak
Mujahit sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 15, sekuen
13.
Pak Mujahit : “Aku rak wis kandha anakmu konen ----.”
Tan Bian Biau : “Yung wis rene kok.”
Pak Mujahit : “Yung kuwi sing mbarep?”
Tan Bian Biau : “Dudu, sing cilik.”
Pak Mujahit : “Lho, piye ta? Lha wong anakmu sing
mbarep kok sing ditresnani dening Pak Karmodo.
Tan Bian Biau : “Lien Nio? Dheweke wis daktunndhung saka
ngomah. Dheweke bocah ora ngerti wong tuwa. Bo-ceng-li.”
Pak Mujahit : “Ning nek kowe lagi ngambah dalan
buntu ngene ki piye?”
Tan Bian Biau : “Coba pikiren, Pak Mujahit. Aku wis
ngetokake dhuwit akeh. Pak Mujahit njaluk satus ewu ya ora dakenyang. Dhuwit
kanggo Salmah sing jaremu kanggo mikat Pak Asma, endi asile?”
Pak Mujahit : “Wis ta, barang wis kadhung. Nyatane
Pak Asma iya ora wani meksa marang Pak Karmodo. Sajake Pak Karmodo duwe tugas
penting ing kene.
·
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Pak Mujahit sebagai
Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 16, sekuen
6.
Pak
Mujahit : “Jare dhek mau sampeyan
mentas misuh-misuhi pak Karmodo? Aja kaya ngono sembrananmu. Dhupeh dheweke
anake tilas jongosmu.”
29) Tan Bian Biau Lauri
·
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Lauri sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 10, sekuen
1.
Tan Bian Biau : “Endi, kowe omong jare Pak Insinyur ana
kene?”
Lauri : “Kuwi lho, Yuk. Ana njero
gubug.”
30) Tan Bian Biau Kastam
·
Tan Bian Biau sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 19, sekuen
11.
Tan Bian Biau : “Ana ngapa kowe?”
Kastam : “Anu...eh, Siau Yung ana?”
·
Tan Bian Biau sebagai Narator.
Kastam sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 19, sekuen
11.
Tan
Bian Biau : “Eh...mengko dhisik njaluk
ngapura, aku ora ngerti yen kowe kongkonane Pak Insinyur. Njaluk ngapura aku
wong tuwa akeh salahe. Ayo linggih kene.”
31) Pak Mujahit Lauri
·
Pak Mujahit sebagai Narator.
Lauri sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 79, sekuen
14.
Pak Mujahit : “Yen kowe kasil nindakake tugasmu,
jabatanmu bakal dakbalekake.”
Lauri :
“Dados mandhor malih?”
~
Kutipan terdapat pada halaman 94-95,
sekuen 17.
Pak Mujahit : “Anu Ri. Yen kowe dakwenehi tugas
maneh apa saguh? Ngertiya Ri, aku gelem mikir kowe, nanging kowe uga kudu
ngerti menyang aku.”
Lauri : “Menapa taksih wonten
tugas kula ingkang langkung awrat, Pak?”
Pak Mujahit : “Mesthi wae, masak nek ora aku tekan
kene?”
Lauri : “Mugi-mugi tugas pisan
kula menika mboten gagal malih.”
Pak Mujahit : “Dakkira janji koktindakake kanthi
becik mesthi kasil. Sabab ora ana sesambungane karo nyawaning manungsa.”
Lauri : “Menapa tugas kula, Pak?”
Pak Mujahit : “Ayuh melu kau. Mengko yen wis adhoh
saka Kaliwirang kene dakkandhani.”
·
Pak Mujahit sebagai Narator.
Lauri sebagai Narasi.
~
Kutipan terdapat pada halaman 79, sekuen
14.
Pak Mujahit : “Kowe mandhor Luri iya?”
Lauri : “Inggih.”
Pak Mujahit : “Dak prentah gelem?
Lauri : “Nnaging kula sampun
mboten dados mandhor.”
Pak Mujahit : “Sing nggeser sapa?”
Lauri : “Pak Kaudin.”
32) Pak Mujahit Kastam
·
Pak Mujahit sebagai Narasi.
Kastam sebagai Narator.
~
Kutipan terdapat pada halaman 33, sekuen
10.
Pak
Mujahit : “Kowe rak blandong Kastam.”
Kastam : “Inggih.”
Pak
Mujahit : “Ana apa esuk-esuk tekan
kene?”
Kastam : “Badhe kepanggih Pak Karmodo.”
Pak
Mujahit : “Ana apa?”
Kastam : “Badhe ngaturaken serat.”
Pak
Mujahit : “Layang lamaran? Kepingin
dadi karyawan? Hiyaa? Apa durung bosen-bosen ta olehmu gawe layang lamaran? Apa
nek wis sowan dhewe menyang ngarsane Pak Karmodo...”
Kastam : “Pak sampun klentu tampi ta. Kula
mboten badhe pados pedhamelan kados rumiyin menika. Kula ngertos yen ijazah
kula mboten wonten pembaripun Sudirman.”
Pak
Mujahi : “Wis aja kakehan gunem. Pak
Karmodo ora duwe kalodhangan kanggo nampa uwong kaya kowe ngono kuwi. Kawit
mbiyen nganti saiki kowe dadi wargane alas Kalidawir bisamu ya mung tumbak
cucukan. Kana gek lunga.”